Masalah SARA pancen peka sensitif. Mula yen

Tabel selajengipun 1 2 3 4 5 6 7 8 9 1 1 1 1 2 1 3 1 4 1 5 1 6 17 - Unsur akibat: mula kudu dikuwasani negara. Ana komplangan sithik wae, mesthi pengaruhe gedhe banget. 23. Banjir sing ngelemake sebagian gedhe wilayah kita kaya Jakarta, wilayah pantura kaya Pemalang, Pekalongan, Demak, Kudus, Pati Semarang, Sampang, Bangkalan, Jember, Pasuruan, Situbondo lsp wis ngrusak pesawahan uga ngrusakaken dalan-dalan gedhe njalari bahan-bahan pokok utamane beras rendhet . Reregan dadi mrambat ndedel. Panguripan warga dadi kaco , embuh kapan panandhang iki bisa ilang, kita durung ngerti. PS no. 8 22 Pebruari 2014 √ √ √ Jinis HMK Wacana Sosial: Musibah banjir sampun ngelemaken saperangan wilayah Indonesia. Akibat banjir menika pesawahan, margi-margi ageng risak, bahan-bahan pokok utamanipun wos dados awis, pagesangan masarakat ugi kaco. Dudutanipun, banjir menika nyebabaken saperangan akibat tuwuh. Wosing wacana kasebut kalebet dhateng wacana sosial, amargi wonten gayutipun kaliyan bebendu saha kahanan masarakat akibat bebendu menika. Fungsi HMK: Informatif Wacana menika gadhah fungsi infomatif kanthi titikanipun bilih tuturan menika paring informasi ingkang saestu kedadosan, inggih menika Akibat banjir menika pesawahan, margi-margi ageng risak, bahan-bahan pokok utamanipun wos dados awis, pagesangan masarakat ugi kaco. Pola HMK: Implisit - Tembung ‘njalari’ minangka konjungsi kausalitas. - Unsur sebab: Banjir sing ngelemake sebagian gedhe wilayah kita. - Unsur akibat: .........ngrusak pesawahan uga Tabel selajengipun 1 2 3 4 5 6 7 8 9 1 1 1 1 2 1 3 1 4 1 5 1 6 17 ngrusakaken dalan-dalan gedhe njalari bahan- bahan pokok utamane beras rendhet . Reregan dadi mrambat ndedel. 24. Menteri perdagangan Gita Wirjawan mengundurkan diri merga pengin fokus ing kesibukan minangka bakal capres partai demokrat. Masalah pengundhuran mau kita apresiasi, laras karo anjuran presiden SBY, pejabat menteri supaya mundur yen pengin fokus ing kegiyatan liyane. No. 8 22 Pebruari 2014 √ √ √ Jinis HMK Wacana Politik: Menteri minangka tiyang ingkang mbiyantu kinerja presiden anggenipun damel kabijakan gayut kaliyan bidang tartemtu. Salah satunggaling menteri ing kabinet Indonesia bersatu Jilid 2, Gita Wirjawan Menteri Perdagangan medal saking pedamelanipun amargi kepengin fokus ing pemilu 2014. Gita minangka bakal capres saking Partai Demokrat. Pengunduran diri menika kedah dipuntindakaken supados ing masa kampanye samangke, Gita Wirjawan saged fokus. Fungsi HMK: Informatif Wacana menika gadhah fungsi informatif, titikanipun Gita Wirjawan mengundurkan diri saking kabinet Indonesia bersatu Jilid 2, amargi piyambakipun dipunpilih dados bakal capres ing pemilu 2014 saking Partai Demoktat. Keputusan menika dipunpendhet dening Gita Wirjawan supados saged fokus ing pemilu menika. Pola HMK: Eksplisit - Tembung ‘merga’ minangka konjungsi kausalitas. - Unsur sebab: .........merga pengin fokus ing Tabel selajengipun 1 2 3 4 5 6 7 8 9 1 1 1 1 2 1 3 1 4 1 5 1 6 17 kesibukan minangka bakal capres partai demokrat - Unsur akibat: Menteri perdagangan Gita Wirjawan mengundurkan diri . 25. Beras selundupan iki kalebu kwalitas medium lan asor sing regane murah, luwih murah 30 tinimbang beras lokal sing kwalitase padha. Beras iki ana 156.000 ton, mlebu liwat Medan lan Jakarta. Lan kedadeyan ngene iki sebenere wis ping bola- bali lan nyata ngrusak rega pasaran beras kita. Sing dirugikake ya petani kita sing uripe wis pas- pasan . PS no. 8 22 Pebruari 2014 √ √ √ Jinis HMK Wacana Hukum saha Krininalitas: Beras selundupan inggih menika wos ingkang dipunkirim saking pihak sanes kanthi cara ilegal. Kasus beras selundhupan menika kagolong kasus kriminal . Kathah pihak ingkang sampun dipunrugikaken kanthi wontenipun kasus menika, utaminipun para petani saha konsumen. Fungsi HMK: Informatif Wacana menika gadhah fungsi Informatif . Titikanipun andharan menika nyata kedadosan. Kasus beras selundhupan ingkang impor saking Vietnam nyata kedadosan, saha paring dampak ingkang boten sae tumrap regi beras lokal kita. Beras impor selundhupan saking Vietnam menika sampun ngrisak regi pasaran beras kita. Para tani sami ngresula bilih wontenipun beras impor menika ndadosaken beras lokal boten payu. Para konsumen ugi dipunrugikaken amargi beras impor menika kasunyatanipun gadhah kualitas ingkang langkung asor tinimbang beras lokal.