Hubungan Makna Kausalitas Wacana Olahraga saha Kasarasan

aktual , penegasan wigatosing perkawis, pamanggih ngengingi prekawis tartemtu saged awujud pamrayogi, panyaruwe, saha pangajeng-ajeng saking redaksi media massa cetak . Adhedhasar andharan ing inggil menika, mila fungsi hubungan makna kausalitas wonten ing wacana tajuk saged nedahaken 1 fungsi informatif, 2 fungsi panyaruwe, 3 fungsi pamrayogi, 4 saha fungsi pangajeng-ajeng. Fungsi hubungan makna kausalitas kasebut badhe kaandharaken ing ngandhap menika.

a Fungsi Informatif

Arifin 2000: 19 fungsi informasif inggih menika fungsi basa ingkang langkung nengenaken maknanipun. Fungsi menika dipunginakaken kangge paring informasi , umpaminipun nglapuraken saha ngandharaken bab tartemtu. Ing salebeting KBBI 2008: 432 informatif adalah pemberitahuan, kabar atau berita tentang sesuatu, keseluruhan makna yang menunjang amanat yang terlihat . Saking andharan menika saged kademel titikan wacana ingkang ngewrat fungsi informatif kados makaten. 1 Ngandharaken satunggaling informasi. 2 Informasi ingkang dipunmahyakaken boten dipundamel-damel tegesipun menapa wontenipun. 3 Padatanipun ngginakaken basa ingkang gampil dipunpahami. Tuladhanipun. Mledhose Gunung Sinabung wis ndadekake luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 m. PS no.51 Pebruari 2014 Ukara ing inggil menika nedahaken hubungan makna kausalitas kanthi fungsi informatif . Titikanipun ngandharaken satunggaling fakta inggih menika bebendu mledhosipun Gunung Sinabung ingkang sampun damel kapitunan tumrap warga ing sakiwatengenipun. Gunggungipun warga ingkang ngungsi 26.000 kanthi wekdal 4 sasi. Kapitunan sanesipun inggih menika kapitunan materi ingkang ngantos angka 713 milyar. Titikan sanesipun wacana menika dipunandharaken kanthi basa ingkang gampil dipunpahami.

b. Fungsi Panyaruwe

Miturut Moeliono 1988: 466 panyaruwe inggih menika tuturan ingkang dipunandharaken awujud kecaman utawi pamanggih ingkang ngewrat pertimbangan ala becikipun tumrap satunggaling karya, pamanggih saha sanes- sanesipun. Saking pamanggih menika saged kadamel titikan wacana ingkang ngewrat panyaruwe inggih menika. 1 Ngginakaken tembung-tembung ingkang asipat tegas saha ngewrat perintah ingkang kedah dipuntindakaken, tuladhanipun tembung kudu ‘kedah’. 2 Andharan menika minangka wujud koreksi ingkang gadhah makna positif utawi sae dhateng babagan tartemtu. 3 Panyaruwe menika dipunnginakaken kangge paring pertimbangan ala becikipun dhateng kahanan tartemtu. 4 Panyaruwe menika ngewrat solusi kangge cara ngrampungaken prekawis tertemtu. 5 Panyaruwe menika asipat mbangun, tegas, saha menekan dhateng prekawis ingkang saweg kalampahan, tuladhanipun.