Keutuhan Wacana GEGARAN TEORI

semantis makna antawisipun ukara kaperang wolu inggih menika 1 hubungan sebab-akibat , 2 hubungan perbandingan, 3 hubungan parafrastis, 4 hubungan amplikatif , 5 hubungan aditif, 6 hubungan identifikasi, 7 hubungan generik-spesifik , 8 hubungan penunjukanreferensi. Hubungan makna antawisipun proposisi nedahaken keutuhan koherensi. Aspek koherensi boten namung wonten ing teks, ananging ugi dipuntingali saking kemampuan pamaos utawi pamireng nggayutaken makna saha mengintrepretasikan satunggaling bentuk wacana saengga mangertos informasi ingkang dipunandharaken. Kajian koherensi wacana minangka bab ingkang paling dhasar saha paling wigatos. Saking wigatosipun kajian koherensi dados prekawis pokok ing wacana ingkang ngandharaken hubungan-hubungan rasional saha kaidah-kaidah kangge mujudaken tuturan-tuturan ingkang koheren. Reroncening ukara kedah gramatikal ingkang gadhah gegayutan ingkang asifat logis kontekstual, tegesipun saged dipunnalar dening tiyang sanes saengga saged mangertos informasi ingkang kaandharaken ing salebeting ukara menika. Awit kados makaten, analisis wacana ugi minangka analisis ketuntutan saha kelogisan berfikir.

C. Prinsip Pemahaman Wacana

Wosipun wacana minangka satunggaling bab ingkang wigati, amargi tiyang saged mangertos informasi ingkang kaandharaken mawi wacana kasebut. Kangge manggihaken informasi ingkang wetah, pamaos utawi pamireng kedah ngginakaken kemampuan saha cara tartemtu. Kemampuan menika gayut kaliyan kawruh umum satunggaling tiyang kangge nganalisis wacana. Gegayutan kaliyan skripsi menika, panaliti minangka subyek panaliten badhe ngginakaken kemampuan ipun kangge nganalisis wosipun wacana. Kemampuan ingkang dipunmaksud ngginakaken prinsip pemahaman wacana. Prinsip pemahaman wacana menika dipunperang kalih inggih menika prinsip analogi PA saha prinsip penafsiran lokal PPL Mulyana, 2005: 70-72. Katranganipun saged dipunwaos ing ngandhap menika.

1. Prinsip Analogi PA

Satunggaling wacana menika sajatosipun ngewrat satunggaling kawruh saha informasi ingkang kadang kala boten saged dipunmangertos dening pamaos utawi pamireng kanthi sae, saengga pamaos utawi pamireng kedah ngginakaken kemampuan ipun kangge mangertos wosipun wacana. salahsatunggalipun kemampuan kangge mangertos wosipun wacana inggih menika ngginakaken prinsip analogi PA. Miturut Arifin 2000: 176 PA inggih menika cara kangge mangertosi makna satunggaling wacana ngginakaken pengalaman-pengalaman manungsa saha akal budi ingkang dipunjumbuhaken kaliyan adatipun masarakat. Manungsa ngginakaken akal budinipun adhedhasar pengalaman-pengalaman jaman rumiyin saengga paring panjurung supados pamiarsa utawa pamaos saged nafsiraken ujaran ingkang gayut kaliyan bab ingkang sami. Alwi, dkk 1993: 486 mretelakaken bilih PA inggih menika manungsa ngginakaken akalnalar minangka dhasaring pengalamanipun. Pengalaman menika kangge pijakan panaliti utawi analis wacana nalika badhe mangertos makna saking setunggal wacana, saengga PA saged dipunsebat dhasar ingkang dipunginakaken dening mitra tutur kangge nemtokaken penafsiran dhateng konteks . Pamanggih menika dipunsengkuyung saking Mulyana 2005: 71 bilih PA menika cara kangge mangertos satunggaling makna wacana kanthi migunakaken nalar, pengetahuan umum common sense saha pengalaman dunya ingkang wiyar knowledge of world. Saking pamanggih para ahli ing inggil menika saged dipunpendhet dudutan bilih PA inggih menika cara kangge mangertos maknanipun saking satunggaling wacana ngginakaken akal, nalar, pengetahuan umum common sense saha knowledge of world . Prinsip analogi menika dipunanjuraken dhateng pamaos saha pamireng utawi sinten kemawon ingkang badhe nganalisis satunggaling wacana lisan saha wacana sinerat kanthi nyameptaken kawruh umum utawi wawasan ingkang gayut kaliyan analisis satunggaling wacana. Prinsip analogi menika ugi saged kangge ngandharaken prekawis ngengingi panganggening basa ingkang dipunginakaken wonten ing masyarakat.

2. Prinsip Penafsiran Lokal PPL

Prinsip penafsiran lokal wonten gegayutanipun kaliyan konteks. Konteks inggih menika wilayaharea, lokal setting ingkang ndayani wacana menika kadadosan. Miturut Alwi, dkk 1993: 479 PPL inggih menika prinsip ingkang ngandharaken bilih mitra tutur boten kedah damel konteks ingkang langkung ageng saking menapa ingkang dipunbetahaken kangge manggihaken setunggal tafsiran . Samanten ugi pamanggih saking Brown saha yule lumantar Arifin, 2000: 174 ngandharaken mitra tutur boten perlu damel konteks ingkang langkung wiyar saking wacana menika kangge penginterpretasian satunggal ujaran. Pamanggih ahli saderengipun menika ugi dipunsengkuyung dening Mulyana 2005: 72 ingkang ngandharaken bilih PPL inggih menika cara kangge mangertosi makna wacana adhedhasar konteks lokal wacana menika. Pamaos boten perlu tebih-tebih pados konteks ingkang langkung wiyar kangge mangertosi makna wacana, amargi maknanipun sampun wonten ing sakiwa tengenipun. Tuladhanipun. Ibu : “Ani, tutup lawange” Ani : “Nggih, Bu” Kangge mangertos konten pundi ingkang kedah dipuntutup, Ani minangka tiyang ingkang dipundhawuhi dening Ibu, temtu langsung pados konten ingkang paling caket kaliyan piyambakipun. Menika cara kangge mangertos makna satunggaling wacana kanthi ngginakaken prinsip penafsiran lokal ingkang madosi konteks lokalipun. Saking andharan menika saged dipunpendhet dudutan bilih PPL inggih menika cara kangge mangertosi makna utawi isi wacana adhedhasar konteks lokal wacana menika. Konteks menika tuwuh ing sakiwa tengenipun wacana, saengga pamaos utawi mitra tutur boten perlu damel konteks ingkang langkung wiyar saking ingkang dipunbetahaken.

D. Rubrik Pangudarasa

Rubrik Pangudarasa inggih menika satunggaling rubrik ing Kalawarti Panjebar Semangat ingkang kalebet jinis wacana tajuk. Saking tata seratanipun, rubrik menika wonten ing kaca ingkang tetep saben edisi inggih menika kaca 4, awit rubrik menika kagolong sampun mapan. Lajeng menawi dipuntingali saking wosing seratanipun, Rubrik Pangudarasa menika mretelakaken topik-topik