Hubungan Makna Kausalitas Wacana Budaya

Tumindak ingkang nglanggar ukum kadosta korupsi, teroris, pembunuhan, saha sanesipun. HMK wacana hukum saha kriminalitas inggih menika wacana ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas saha gegayutan kaliyan prekawis hukum saha kriminalitas, tuladhanipun ing ngandhap menika. Manut KPK, sasuwene iki wis ditemokake yen korupsi paling gedhe kedadeyan ing sektor minyak lan gas bumi. Tindak pidana korupsi ing kono wis ndadekake kapitunaning negara nganti triliunan rupiah saben taune. PS no. 2124 Mei 2014 Ukara pisanan nerangaken bilih KPK Komisi Pemberantasan Korupsi sampun manggihaken praktek korupsi ingkang paling ageng wonten ing sektor minyak saha gas bumi. Lajeng ukara kaping kalih nerangaken kapitunaning nagari Indonesia dumugi angka triliyunan rupiyah saben taun ingkang dipunsebabaken praktek korupsi ing kalih sektor menika. Saking kalih ukara menika gadhah hubungan makna kausalitas inggih menika makna sebab wonten ing ukara pisanan manut KPK, sasuwene iki wis ditemokake yen korupsi paling gedhe kedadeyan ing sektor minyak lan gas bumi . Makna akibat dipunterangaken saking ukara kaping kalih inggih menika tindak pidana korupsi ing kono wis ndadekake kapitunaning negara nganti triliunan rupiah saben taune . Wacana hukum saha kriminalitas ing inggil menika ngandharaken satunggaling tindakan pelanggaran hukum inggih menika korupsi. Miturut KPK. korupsi paling ageng ing sektor minyak saha gas bumi. Korupsi ing kalih sektor menika ndadosaken kapitunan triliunan rupiah saben taun tumrap negari kita.

g. Hubungan Makna Kausalitas Wacana Olahraga saha Kasarasan

Wacana olahraga saha kasarasan menika wacana ingkang wosipun ngengingi samubarang ingkang gayut kaliyan olahraga saha kasarasan. Pamilihing diksi utawi istilah ingkang mligi saha gadhah makna tartemtu gayut kaliyan olahraga saha kasarasan nedahaken wacana menika kalebet wacana olahraga saha kasarasan. Dados, HMK wacana olahraga saha kasarasan inggih menika wacana ingkang ngewrat gegayutan makna sebab-akibat wonten ing wacana olahraga saha kasarasan, tuladhanipun ing ngandhap menika. Kita gatekake yen persiapan kita ngadhepi SEA Games iki pas-pasan yen ora arep dikandhakake kurang banget. Jurungan dana saka pamerintah uga rendhet. Contone para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp merga dana janjine pemeritah durung mudhun. PS no.211 Januari 2014 Hubungan Makna Kausalitas wacana ing inggil menika saged dipunpriksani saking ukara ‘para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp merga dana janjine pemeritah durung mudhun .’ Ukara menika kaperang saking kalih klausa inggih menika para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp minangka unsur akibat, lajeng klausa candhakipun merga dana janjine pemeritah durung mudhun minangka unsur sebab. Kalih klausa menika ngginakaken piranti kohesi minangka konjungsi kausalitas kanthi tembung ‘merga’. Wosipun wacana ing inggil menika ngandharaken kirangipun persiapan Indonesia minangka peserta Sea Games Myanmar taun 2014. Kekirangan ingkang paling cetha wonten ing dana kangge para atlet ingkang rendhet. Ing wacana menika ugi dipunandharaken bilih para pemanah kita kapeksa njangkepi