Fungsi Pamrayogi Fungsi Hubungan Makna Kausalitas ing Wacana Tajuk

panganggening piranti kohesi saha tanpa piranti kohesi. Pola ingkang migunakaken piranti kohesi dipunsebut pola eksplisit. Dene pola ingkang boten ngginakaken piranti kohesi dipunsebut pola implisit. Suwadji 2001 ngandharaken hubungan makna sebab-akibat menika saged katiti kanthi panganggening konjungsi kausalitas eksplisit saha tanpa konjungsi kausalitas implisit. Konjungsi kausalitas ekslisit limrahipun dipuntengeri kaliyan piranti kohesi kados makaten: ‘nganti’, ‘dadi’, saha ‘mula’. Tegesipun implisit tanpa konjungsi menika hubungan makna dipunwujudaken kanthi satunggaling pola rantaman ukara utawa paragraf tartemtu. Sesambetan kaliyan jinis pola ing inggil menika, mila pola hubungan makna kausalitas kaperang kalih inggih menika pola eksplisit saha pola implisit. Katranganipun ing ngandhap menika.

a Pola Eksplisit

Wacana inggih menika satuan basa ingkang wetah. Keutuhan wacana menika karantam saking kohesi saha koherensi wacana. Miturut Mulyana 2001: 63 pertalian makna saged kedadosan menawi wonten alat-alat formal basa ingkang nyengkuyung dipunsebut alat kohesi. Alat kohesi menika fungsinipun minangka katalisator utawi sarana pandhapuking pola koherensi ingkang semantis . Kawontenan alat kohesi wonten ing wacana minangka titikanipun pola eksplisit . Alat kohesi wonten ing wacana ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas migunakaken konjungsi kausalitas. Konjungsi ingkang nedahaken makna sebab inggih menika awit, jalaran, marga, merga, rehne, rehning, sebab, amarga, sarehne, sarehning, awit dene, awit saka, jalaran saka, saha saka dening . Dene konjungsi ingkang nedahaken akibat inggih menika nganti, engga, mula, saengga, saha akibat Wedhawati, 2006: 403. Tuladhanipun. Kita gatekake yen persiapan kita ngadhepi SEA Games iki pas-pasan yen ora arep dikandhakake kurang banget. Jurungan dana saka pamerintah uga rendhet. Contone para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah, gendhewa lsp merga dana janjine pemeritah durung mudhun. PS no.211 Januari 2014 Ukara ing inggil menika ngginakaken konjungsi kausalitas ‘merga’ saengga sampun katingal bilih pola ingkang dipunginakaken inggih menika pola eksplisit. Klausa ingkang pisanan inggih menika minangka akibat, dene ingkang dados sebab inggih menika klausa salajengipun kanthi penandha ‘merga’.

b Pola Implisit

Wacana ingkang koheren ugi saged katiti tanpa piranti kohesi, menika ingkang dipunsebut pola implisit. Mulyana 2001: 1 ngandharaken bilih keutuhan wacana ing aspek kohesi boten mutlak dipunbetahaken, amargi kathah wacana ingkang boten kohesif utawi kirang kohesif ananging kasunyatananipun gadhah makna ingkang koheren, tuladhanipun. Mledhose G. Sinabung wis ndadekake luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 M. PS no.51 Pebruari 2014 Ukara ing inggil menika nedahaken hubungan makna kausalitas kanthi pola implisit , boten wonten piranti kohesi hubungan makna kausalitas ing ukara menika. ‘Mledhose Gunung Sinabung’ minangka unsur sebab, klausa menika mbetahaken unsur sanes ingkang dados akibat inggih menika ‘wis ndadekake luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 M .’

F. Panaliten Ingkang Jumbuh

Panaliten kanthi irah-irahan Hubungan Makna Kausalitas wonten Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat Wedalan Januari-Juni 2014 menika ngginakaken sawetawis panaliten sanes minangka pandoming panaliti. Panaliti kasebut kados ing ngandhap menika. a. “Koherensi Wacana Sesorah Perkawinan Dalam Bahasa Jawa”, tesis 2001 dening Mulyana. Panaliten kasebut jumbuh kaliyan panaliten wonten ing Rubrik Pangudarasa, perangan ingkang jumbuh inggih menika ngrembag bab hubungan makna semantis. Lajeng prekawis ingkang beda wonten ing fokus panaliten, menawi panaliten ingkang dipuntindakaken dening Mulyana nliti aspek koherensi wacana ingkang temtunipun naliti sedayanipun hubungan makna semantis ing objek panaliten sesorah wonten ing adicara manten. Wondene ing panaliten menika winates wonten hubungan makna kausalitas inggih menika hubungan sebab-akibat wonten ing Rubrik Pangudarasa. Bab ingkang katliti inggih menika hubungan makna kausalitas adhedhasar wosing wacana, fungsi hubungan makna kausalitas saha pola hubungan makna kausalitas wonten ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. b. “Kohesi dan Koherensi Wacana Tajuk Rencana dalam Media Massa Bahasa Indonesia Studi Kasus pada beberapa Surat Kabar di Propinsi DIY dan Jawa