274 Lampiran 8. Reduksi Wawancara Informan lain 1 Subjek II
REDUKSI WAWANCARA INFORMAN LAIN 1 SUBJEK II
1.
Nama : SB
2. Umur
: 40 tahun 3.
Agama : Islam
4. Jenis kelamin
: Perempuan 5.
Wawancara Ke : 1 Satu
6. HariTanggal
: Sabtu19 Maret 2016 7.
Pukul : 16.00
8. Lokasi
: Rumah SB 9.
Hubungan dengan subjek : Orang tua SB
Peneliti : “niki bu, ibu saged ngertos nek SI niku meteng niku ditakeni nopo
pripun bu?” SB
: “yo iyo mbak, tak takoni kok biso koyo ngene, keprie mula-mulane, pacarane kaleh sinten, nggih tak takoni kabeh mbak. Lanange yo tak
takoni. Waune nggih pacaran-pacaran biasa, la niku sering dibebaske nopo SI kaleh mbahe. Nek pacaran mboten di damping, nek nopo-nopo
mboten diarahke, dedine bocahe lepas kontrol piyambak,” Peneliti
: “em… nggih nggih, lha niku SI kan tinggale kaleh mbahe, lha mbahe ngertos nopo mboten bu?”
SB : “nek mbahe niku ngertose terose nembe pirang minggu terakhir niki
mbak, soale ternyata pacare niku sering nginep teng ngriki mbak. Kulo nggih mpun curiga ket awal, tapi kulo mboten pernah nakeni, soale
pacare niku kan supir trek mbak, nggih kadang-kadang sering nginep teng ngriki,”
Peneliti : “lha menawi bapake SI pripun bu?”
SB : “kulo kaleh bapake SI niku mpun pisahan mbak, mpun hampir
setahun lah.” Peneliti
: “oh… kados niku. Em… niki bu, menawi angsal ngertos, ibu nek kaleh SI niku pripun?”
SB : “nek teng nggriyo nggih kulo biasa mbak, nggih mboten terlalu
nggatekne anak juga si yo, wong nek nang umah yo gaweane akeh mbak. Nggih ditambah SI niku ket alit mpun kaleh mbah.e, tak tinggal.
Kulo nggih kaleh bapake niku ket SI alit mpun mboten kaleh kulo. Nggih niku kaleh mbah.e, kulo teng Pekalongan, SI teng ngriki,
mboten nderek kulo. Emang ket alit diasuh kaleh mbahe, mulane nek ditakoni kokui yo jujur bae aku yo koyo ngene ki mbak. Nek masalah
275 perhatian nggih kulo emang kirang kaleh putrine kulo sing ageng
niki.” Peneliti
: “em… berarti SI mboten tinggal sareng kaleh ibu nggih bu?” SB
: “mboten, nggih nek kaleh kulo niku ket bayi, cuma pas mpun umur 3 tahun niku kaleh mbahe terus mbak, mbahe emang karep ngasuh SI,
emang sayang banget.” Peneliti
: “lha menawi bapake SI kaleh Si piyambak pripun bu?” SB
: “bapak kaleh SI nggih sami mbak, wong SI nggih gadhah adik alit, jarake mboten adoh. Dadose kulo ngasuh adike, mbahe ngurus SI.
Nggih niku mbak, dadose nek kaleh SI memang perhatiane kurang.” Peneliti
: “lha ibu piyambak mpun ngertos menawi SI meteng ket awal nopo pripun bu?”
SB : “mboten, kulo ngertose nggih dereng dangu niki mbak, wong tak
delok-delok kok bocah awake bedo, lemu tapi kok lemu bedo, sering mutah-mutah, lha terus nggih kulo penasaran, kulo takoni mens nopo
mboten, lha trose mboten. Nggih kulo priksake teng bidan langsung mbak, lha yo kui ternyata bener ngisi wes oleh 5 wulan.”
Peneliti : “lha nopo mbahe mboten ngendikani?”
SB : “nah kui mbak, mbahe niku ora pernah ngganyami, emang saking
sayange kaleh SI, dadose nek enten tiyang sanes ngandani SI niku malah disengeni mbak.”
Peneliti : “terus ibu piyambak sakniki pripun nek kaleh SI?”
SB : “nggih… pripun maleh mbak. Nggih kulo kandani, kulo bimbing,
nek sing jenenge dadi wong tuo ki ora gampang, dadi wong sing wes ndue anak kui ora gampang, angel, tugase kui berat, nggih tak bimbing
mbak, nek udu aku sopo maneh. Tak kandani, ojo nggawe kesalahan sing podo, nek iso yo bareng-bareng dilakoni, bareng-bareng dijalani.
Sak wonten-wontene nggih kulo paring kangge SI. Sakniki nggih luweh tak perhatike, tak gateke, nggih niki juga mboten lepas saking
kesalahane kulo nopo si mbak.” Peneliti
: “em… terus ibu berarti niki mbimbing, nakeni SI kados niku bu?” SB
: “nggih nggih mbak, kulo takoni. Nek wes kokie ape pie. Akune yo bingung. Tapi bocahe jare ape nglakoni. Ape ngurus anake. Tapi yo
niku, kulo tetep mbimbing mbak.” Peneliti
: “lha niki kan SI mpun ket alit kaleh mbahe, nopo mbahe mboten nyeneni SI nopo pripun bu?”
SB :
“nah kui mbak, mbahe niku ora pernah ngganyami, emang saking sayange kaleh SI, dadose nek enten tiyang sanes ngandani SI niku
malah disengeni mbak.” Peneliti
: emm… nggih nggih. Terus ibu piyambak sakniki kaleh SI pripun ?“” SB
: “nggih… pripun maleh mbak. Nggih kulo kandani, kulo bombing,
nek sing jenenge dadi wong tuo ki ora gampang, dadi wong sing wes ndue anak kui ora gampang, angel, tugase kui berat, nggih tak bimbing
276 mbak, ne kudu aku sopo maneh. Tak kandani, ojo nggawe kesalahan
sing podo, nek iso yo bareng-bareng dilakoni, bareng-bareng dijalani. Sak wonten-wontene nggih kulo paring kangge SI. Sakniki nggih
luweh tak perhatike, tak gateke, nggih niki juga mboten lepas saking kesalahane kulo nopo si
mbak.” Peneliti
: “terus menawi kelah poro tetangga niku pripun bu?” SB
: “nggih cok isin, pripun nggih mbak wong wes kadung, dadine yo isin kui wes tak tanggung, wes tak pak orake mbak. Wong urip yo uripku
dewe, mangan yo aku luru dewe, sak karepe tonggo lah. SBng apik- apik yo tak rungoke, sing elek-elek yo wes nggo pelajarane aku. Yo
kie yo imbalan nggo aku dewe nopo mbak, aku sebagai wong tuo
kurang nggateke anak selama iki, ora bso ndidik anak.” Peneliti
: “terus menawi saking ibu piyambak maringi semangat kaleh SI pripun bu?”
SB : “nggih tak paringi pengerten nggih mbak, tak dukung terus, tak
bimbing. Nggih kadang nek enten kados niku tak kandani, sing positif nggih dirungoke, tapi nek sing mojok-mojokke SI nopo nyalah-
nyalahke, nggih kulo nggih ora usah dirungoke. Wong arane tonggo nek ono kokui ora nyuoro yo ora penak nopo ndean mbak. Pokoke nek
sing apik yo dirungoke, nek sing ora yo wes ben nggo pelajarane kae, wong kabeh wes kebacut mbak. Kados niku si paling nek ngandani
putrine kulo sakniki. Wes urip yo dijalani wae opo sing ning ngarepe dijalani, sing wes yo wes, nggo pelajaran, ojo nganti dilakoni sing
podo. Kados niku.” Peneliti
: “em… nggih nggih. Menawi perasaane ibu piyambak pas ngerti SI hamil pripun bu?”
SB :
“nggih sedih, nggih kecewa, nggih kesel, pingine nesoni anak kulo, tapi kepripun maleh, wes tak sengeni wes tak tangisi mbak. Tapi
pripun wong wes kebacut. Nggih salah kulo nopo si mbak, dadi wong tuo kurang biso nggateke anake dewe, dadose yo pripun maleh, biso
ora biso yo kudu ditrimo.” Peneliti
: “nek kaleh tetangga pripun bu?” SB
: “nggih cok isin, pripun nggih mbak wong wes kadung, dadine yo isin
kui wes tak tanggung, wes tak pak orake mbak. Wong urip yo uripku dewe, mangan yo aku luru dewe, sak karepe tonggo lah. sing apik-apik
yo tak rungoke, sing elek-elek yo wes nggo pelajarane aku. Yo kie yo imbalan nggo aku dewe nopo mbak, aku sebagai wong tuo kurang
nggateke anak selama iki, ora bso ndidik anak.”
277 Lampiran 9. Reduksi Wawancara Informan lain 2 Subjek II
REDUKSI WAWANCARA INFORMAN LAIN 2 SUBJEK II
1.
Nama : DW
2. Umur