256 Lampiran 3. Reduksi Wawancara Subyek I
REDUKSI WAWANCARA SUBJEK I 1.
Nama : AU Inisial
2. Umur
: 14 tahun 3.
Agama : Islam
4. Jenis kelamin
: Perempuan 5.
Usa Kehamilan : 8 bulan
6. Wawancara Ke
: 1 Satu 7.
HariTanggal : Kamis25 Februari 2016
8. Pukul
: 16.00 WIB 9.
Lokasi : Rumah AU
Peneliti : AU dolane karo sopo wae?
AU :
“yo… aku dolane yo karo konco-konco mbak, biasa lah. Koncoku yo ono sing
menengan, ono sing mbeling, ono sing biasa tok. Tapi tah wong karan aku kui gampang nemen kepengaruh mbak.
Peneliti : AU kog isone nglakoni koyo ngunu? Kegowo konco pog?
AU :
“yo iyo mbak, la kie nganti kedadean kokie tah mergo aku kegowo koncoku sing mbeling-mbeling kui. Aku sih ora tahu melu-melu
nglakoni sing ora-ora mbak, tapi sue-sue ko aku sering digasaki jarene aku kui kecingan, karo pacare be ora
wani. Kokui mbak,” Peneliti
: Nek karo pacare,sering mayeng ben dino yo? AU
: “yo biasa si mbak, mayeng biasa lah. Karo konco ngumah yo biasa
mayeng bareng, konco sekolah yo biasa. Cuma yo kui mau, aku kegowo koncoku sekolah mbak. Sing maune aku ora wani ngapa-
ngapain karo pa carku, saiki dedi wani nganti aku meteng.”
Peneliti : awale pripun pacarane?
AU :
“nggih…. Awale biasa si mbak. Paling kadang dijemput sekolahe, telfon telfonan, kadang yo ngapeli, ndongeng nang umah. Terus
semenjak digasaki koncoku kui, aku mangklie gregetan rha mbak, li yo kokae lah.”
Peneliti : pacarmu ngajake pie?
AU :
“asline pacarku kui wes sering ngode-ngode kae si mbak. Tapi tah akune emoh
yo, wedi nopo.” Peneliti
: awal Kejadiane pie? AU
: “hiii… isin, hehehe. Yo awale cuma dicium pipine, terus batuke, la
ko mrembet mrembet mbak. Yo kui mbak, sui-sui mrembet areng bibir, li kokaelah pokoke. Mek-mekan. Li mbuh moro-moro ko kokui
mbak. Hehehe…”
257 Peneliti
: pacaranmu awit kelas piro? wis ping piro pacarane?? trus wis nglakoni opo wae?
AU :
“em… aku pacaran kui awet kelas 6 SD mbak. Wes pacaran ping piro yo…. 6 koyone. Hehehe. Tapi tah pacar-pacaranan, ora tau ngapa-
ngapain yakin. Nembe sing iki tok wani nganti nglakoni kokui nganti aku meteng kokie. Tapi yo aku sek bingung, mumet mbak.”
Peneliti : la mumet nangopo?
AU :
“em…pie yo mbak, nek aku oleh jujur yo mbak, aku sebenere mumete mikiri wetenge aku mbak, aku kui bingung, asline kui sopo?
Sopo sing wes metengi aku. Yo nek aku oleh jujur, aku kui nggak cuma nglakoni kokui karo pacarku mbak.”
Peneliti : Saiki AU pengine prie?
AU :
“prie yo mbak…. Aku kui pingin koyo konco-konco liane mbak, pengen nggaya koyo liane. Tapi ndelok kadi keluargane aku sing kokie
kan aku ora biso koyo mereka mbak. Lha aku mbuh keprie katut karo sing kokae mbak.”
Peneliti : AU kog iso katut??
AU :
“yo… aku kejerumus mbak, katut sing ora bener lah. Aku kui awale cuma pingin nyoba-nyoba, eh malah dedi kokie. Yo akhire kokie rha
mbak, mumet dewe.” Peneliti
: hmm ngono to, terus karo sopo meneh?? AU
: “yo yo si mbak. Hm…. Aku ki….. karo om-om mbak.
Peneliti : Saknikine si pripun?
AU :
“em… nggih pripun mbak, akibat kadi sing wes tak lakoke yo kokie rha. Weruh dewe sampean aku wetenge wes gedhe. Yo kokie lah
mbak.” Peneliti
: AU ngertine aawal pertama hamil si kapan? AU
: “ngertine kui pas aku mual-mual mbak, ngertiku cuma masuk angin.
Tapi kok aku ora mens-mens, wes tanggale, tak tungguni nganti 2 wulan, lha barang kui ko semakin mene muale semakin tambah, nggal
dino terus mbak. Pingine sing pedes-pedes mbak, pingine sing ono- ono, lah ngerti dewe lah mbak sampean. Hehe”
Peneliti : AU ra prikso ndisit po?
AU :
“pertamane kui prikso nang dokter, dokter biasa nang puskesmas, cuma ngertine masuk angin biasa mbak. Nah terus prikso nang bidan
desa, nembe konangan nek aku kui jebule ngisi mbak.” Peneliti
: la ibu bapakne AU kerjane opo? AU
: “ibu kerjo, melu rewang warung. Kadi esuk tekan meh maghriban,
kadang yo tekan mbengi. Bapak supir, supir trek, ngusungi pasir, watu.”
Peneliti : oo,, ngunu.. la AU isin gak karo aku?
AU :
“aku isin mbak asline ape cerito karo sampean.” Peneliti
: Bayi dalam kandungane AU sajane bapake sopo??
258 AU
: “em…pie yo mbak, Nek aku oleh jujur yo mbak, aku sebenere
mumete mikiri kui mbak, aku kui bingung, asline kui sopo? Yo nek aku oleh jujur, aku kui nggak cuma karo pacarku mbak
Peneliti : terus AU ora mangkat sekolah maneh??
AU :
“he’em, Setelah ngerti meteng aku langsung mengundurkan diri, daripada nang
sekolahan podo geger mbak.” Peneliti
: trus piye sekolahmu? AU
: “Aku kui langsung mengundurkan diri, langsung ora mangkat mbak,
tanpa alesan.”
1. Wawancara Ke