Konflik Psikis Paragatama Wonten ing Novel Wedhus Gembel Gunung

44 watakipun Darmini minangka paragatama wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi dipunpanggihaken wonten watak ingkang sae, ananging minangka paragatama Darmini ugi gadhah watak ingkang mboten sae sanadyan namung sekedhik. Watak ingkang sae inggih menika prasaja, sopan, pasrah , purun nggatosaken, rumaos eling, gampil paring pangapunten pemaaf, lugu, narima, gadhah raos ingin tahu, ngayomi ngemong, hormat, saged dipunpitados amanah, rumangsan sadhar diri, sregep, welas asih, ngertos balas budi, nurut patuh, setya bekti. Dene watak ingkang mboten sae kadosta rendah diri, mboten pengin urus masa bodoh.

3. Konflik Psikis Paragatama Wonten ing Novel Wedhus Gembel Gunung

Merapi Anggitanipun Suci Hadi Suwita Sasampunipun maos novel Wedhus Gembel Gunung Merapi saged ketingal bilih wonten pinten-pinten konflik utawi perkawis ingkang kadadosan. Konflik menika saking perkawis-perkawis ingkang dipunwontenaken dening panganggit wonten ing satunggaling karya sastra. Wujudipun konflik inggih menika wonten ingkang awujud konflik batin saha konflik sosial. Konflik batin utawi konflik psikis ingkang dipunraosaken dening paragatama wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi menika saged dipuntingali wonten ing tabel ngandhap menika. Tabel 2: Data Wujud Konflik Psikis Paragatama wonten ing Novel Wedhus Gembel Gunung Merapi No. Wujud Konflik Psikis Paraga ingkang Berkonflik Stuktur Kepribadian No. Data Id Ego Super Ego 1. Was sumelang Darmini kaliyan Salim saha Kardi √ √ 1, 2, 11, 12, 21, 22 45 Tabel Salajengipun No. Wujud Konflik Psikis Paraga ingkang Berkonflik Stuktur Kepribadian No. Data Id Ego Super Ego 2. Ajrih Darmini kaliyan rayinipun Salim saha Warti √ √ 3, 13, 15 3. Sedhih Darmini kaliyan Kardi saha Salim √ √ 4, 10, 17 4. Kaget Darmini kaliyan Kardi, Salim saha Warti √ √ 5, 7, 14, 20 5. Duka Darmini kaliyan Salim, Warti, saha Pak Duryat √ √ 5, 9, 19, 24 6. Isin Darmini kaliyan Salim saha rayinipun Salim √ √ 5, 13 7. Kesengsem Darmini kaliyan Salim √ √ 5 8. Gugup Darmini kaliyan Salim √ √ 6 9. Penasaran Darmini kaliyan Salim √ √ √ 8 10. Cubriya Darmini kaliyan Salim saha Warti √ √ 16, 18 11. Bingung Darmini kaliyan Harti √ √ √ 23 Saking tabel menika saged dipunmangertosi bilihh paragatama Darmini nglampahi pinten-pinten konflik psikis ingkang kagambaraken wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita. Konflik psikis 46 ingkang dipunraosaken paragatama Darmini inggih menika was sumelang, ajrih, sedhih, kaget, duka, isin, kesengsem, gugup, penasaran, cubriya, bingung.

4. Faktor ingkang Njalari Konflik Psikis Paragatama wonten ing Novel