18
D. Gegayutanipun Perwatakan kaliyan Konflik
Miturut watakipun paraga saged dipunperang dados 2 inggih menika paraga protagonis kaliyan antagonis. Paraga protagonis inggih menika paraga ingkang
gadhah sipat becik saha leres, dene paraga antagonis dados kosok balinipun, inggih menika paraga ingkang asipat mboten sae, culika.
Sampun kaandharaken ing inggil babagan perwatakan wonten karya sastra saha babagan konflik. Saking andharan ing inggil bilihh konflik saged tuwuh
amargi wontenipun karakteristik individual. Watak paraga ingkang kalih wau ingkang saged nuwuhaken konflik. Paraga antagonis limrahipun mboten remen
menawi paraga protagonis rumaos tentrem gesangipun, saengga paraga antagonis menika ingkang dados sumber konflik tumrap paraga protagonis.
E. Psikologi Sastra
Psikologi asalipun saking tembung Yunani psyche ingkang ateges jiwa saha tembung logos ingkang ateges ilmu. Saengga
“psikologi berarti ilmu jiwa atau ilmu yang menyelid
iki dan mempelajari tingkah laku manusia” Atkinson lumantar Minderop, 2013: 3. Dene sastra saged dipunwastani asiling pamikiran
panganggit wonten situasi setengah sadhar utawi subconscious ingkang salajengipun dipunwujudaken wonten ing wujud sadar utawi conscious
Endraswara, 2004: 96. Karya-karya sastra nampilaken watak para paraga ingkang saged nyebabaken problem psikologi.
Andharan ing inggil menika ingkang mangaribawani tuwuhipun Psikologi sastra. Psikologi sastra inggih menika telaah sastra ingkang ningali sastra saking
19 proses saha aktivitas kejiwaan Minderop, 2013: 54. Kanthi psikologi sastra
panaliti saged nliti perwatakan paraga ing karya sastra miturut psikologis saha saged nliti aspek-aspek psikologi panganggit saha kemampuan panganggit nalika
nganggit karya kasebut. Satunggaling teori ingkang kaginakaken nalika nliti aspek Psikologi Sastra inggih menika Teori Psikoanalisis Sigmund Freud. Salajengipun