Underaning Perkawis Watesaning Perkawis Wosing Perkawis

5 mental panganggitipun. Miturut Freud, sastra ngewrat psikoanalisa kepribadian ingkang gadhah 3 unsur kejiwaan inggih menika Id, Ego, saha Superego. Adhedhasar pemikiran kasebut, panaliti tertarik kangge mengkaji Novel Wedhus Gembel Gunung Merapi saking aspek psikologi paraganipun. panaliten menika gadhah maksud kangge mangertosi gegayutan antawisipun novel kaliyan unsur psikologi.

B. Underaning Perkawis

Adhedasar dhasaring panaliten ingkang sampun kaandharaken ing inggil, wonten pinten-pinten perkawis ingkang saged dipunkaji wonten ing panaliten menika. Dene perkawis kasebut inggih menika: 1. Wujud watakipun paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi dipuntinjau kanthi Teori Psikoanalisa Sigmund Freud. 2. Faktor ingkang mangaribawani solah bawa paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi. 3. Faktor ingkang mangaribawani perkembangan jiwa ingkang dipunlampahi paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi. 4. Wujud konflik psikis paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi. 5. Faktor ingkang njalari konflik psikis ingkang dipunlampahi paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi. 6. Caranipun paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ngadhepi konflik. 6 7. Amanat panganggit wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi.

C. Watesaning Perkawis

Adhedasar underaning perkawis wonten nginggil, pramila saged dipunserat watesaning perkawis. Menika gadhah maksud supados panaliten punika langkung fokus saha mboten medal saking ancasing panaliten. Watesaning perkawis kasebut inggih menika: 1. Wujud watakipun paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi dipuntinjau kanthi Teori Psikoanalisa Sigmund Freud. 2. Wujud konflik psikis paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi. 3. Faktor ingkang njalari konflik psikis ingkang dipunlampahi paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi. 4. Caranipun paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ngadhepi konflik.

D. Wosing Perkawis

Adhedhasar watesaning perkawis wonten nginggil, saged kapanggihaken wosing perkawis. Wosing perkawis kasebut inggih menika: 1. Kados pundi wujud watakipun paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi dipuntinjau kanthi Teori Psikoanalisa Sigmund Freud? 7 2. Kados pundi wujud konflik psikis paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi? 8. Menapa kemawon faktor ingkang njalari konflik psikis ingkang dipunlampahi paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi? 3. Kados pundi caranipun paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ngadhepi konflik?

E. Ancasing Panaliten