Jinising Panaliten Data kaliyan Sumber Data Caranipun Ngempalaken Data

27

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika kalebet jinising panaliten deskriptif kanthi pendekatan Psikologi Sastra. Panaliten deskriptif inggih menika panaliten ingkang wujudipun andharan saking asiling analisis perkawis mliginipun andharan babagan wujud watakipun paragatama, konflik psikis paragatama, faktor ingkang njalari konflik psikis paragatama, kaliyan caranipun paragatama ngadhepi konflik ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi. Pendekatan Psikologi Sastra menika dipunginakaken amargi datanipun bab ingkang gayut kaliyan psikologi ing salebeting karya sastra. Psikologi sastra menika gadhah ancas kangge mahami aspek-aspek kejiwaan ing salebeting satunggaling karya Ratna, 2011: 342 dene Teori Psikologi Sastra ingkang dipunginakaken inggih menika Teori Psikoanalisis Sigmund Freud.

B. Data kaliyan Sumber Data

Panaliten menika awujud panaliten pustaka ingkang datanipun awujud teks ing novel ingkang nedahaken bab watakipun paragatama, konflik psikis paragatama, faktor ingkang njalari konflik psikis paragatama, kaliyan caranipun paragatama ngadhepi konflik. Sumber datanipun inggih menika Novel Wedhus Gembel Gunung Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita ingkang jumlah kacanipun 168 kaca. 28

C. Caranipun Ngempalaken Data

Panaliten menika kalebet panaliten pustaka saengga cara ngempalaken datanipun kanthi maos saha nyerat data. Maos dipuntindakaken kanthi cermat, wongsal-wangsul supados data ingkang dipunkempalaken saestu ingkang gayut kaliyan fokus panaliten inggih menika babagan watakipun paragatama saha konflik psikis paragatama. Cara maos ingkang dipuntindakaken inggih menika: 1. Maos sedaya wosing novel ingkang dipunpilih minangka fokus panaliten. Wonten panaliten menika ingkang dados fokus panaliten inggih menika watakipun paragatama, konflik psikis paragatama, faktor ingkang njalari konflik psikis paragatama, kaliyan caranipun paragatama ngadhepi konflik. 2. Maringi tandha-tandha utawi titikan wonten ing perangan-perangan teks ingkang dipunraos ngandhut bab ingkang dados fokus panaliten. 3. Menginterpretasikan utawi damel tafsiran kangge bab watakipun paragatama, konflik psikis paragatama, faktor ingkang njalari konflik psikis paragatama, kaliyan caranipun paragatama ngadhepi konflik. 4. Dipundamel andharan saking sedaya data ingkang dipunpanggihaken saha dipunpilih saking cara maos menika. Sasampunipun maos kanthi cermat, cara salajengipun inggih menika nyerat data wonten ing kertu data ingkang dipunsiapaken. Lampahanipun inggih menika: 1. Nyerat sedaya asil deskripsi inggih menika babagan watakipun, konflik psikis paragatama, faktor ingkang njalari konflik psikis paragatama, kaliyan caranipun paragatama ngadhepi konflik. 29 2. Nyerat pethikan-pethikan data saking Novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ingkang awujud ukara utawi paragraf.

D. Pirantining Panaliten