7 2.
Kados pundi wujud konflik psikis paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi?
8. Menapa kemawon faktor ingkang njalari konflik psikis ingkang dipunlampahi
paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi?
3. Kados pundi caranipun paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel
Gunung Merapi ngadhepi konflik?
E. Ancasing Panaliten
Adhedhasar wosing perkawis wonten nginngil pramila ancasing panaliten inggih menika:
1. Kangge ngandharaken wujud watakipun paraga Darmini wonten ing novel
Wedhus Gembel Gunung Merapi dipuntinjau kanthi Teori Psikoanalisa Sigmund Freud.
2. Kangge ngandharaken wujud konflik psikis paraga Darmini wonten ing novel
Wedhus Gembel Gunung Merapi. 3.
Kangge ngandharaken faktor ingkang njalari konflik psikis ingkang dipunlampahi paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung
Merapi. 4.
Kangge ngandharaken caranipun paraga Darmini ngadhepi konflik wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi.
F. Paedahing Panaliten
Panaliten punika gadhah paedah inggih menika:
8 1.
Paedah Teoritis Panaliten menika dipunkajengaken saged nambah asiling panaliten saha
ngrembakakaken kawruh ing bidang sastra, khususipun gegayutan antawisipun sastra kaliyan psikologi. Minangka sarana refrensi kangge panaliten salajengipun
mliginipun ingkang sami bab pirembaganipun. 2.
Paedah Praktis Panaliten menika dipunajab saged dipundadosaken minangka gegambaran
panaliten salajengipun ingkang gayut kaliyan wujud watak saha konflik wonten ing karya fiksi kanthi tinjauan psikologi sastra. Asiling panaliten dipunkajengaken
saged ningkataken apresiasi para peminat sastra.
G. Pangertosan
1. Paraga, inggih menika paraga ingkang nglampahi prastawa wonten ing
salebeting cariyos. 2.
Perwatakan, inggih menika gegambaranipun watak utawi sipat tokoh utawi paraga ingkang mujudaken citra tokoh utawi paraga kasebut wonten
ing cariyos. 3.
Konflik, inggih menika perkawis ingkang asipat boten sae ingkang dipunlampahi dening paraga wonten ing salebeting cariyos.
4. Novel, inggih menika satunggaling karya fiksi prosa panjang kaserat
kanthi cara naratif ingkang ngewrat rantaman cariyos pagesangan satunggaling priyantun kaliyan priyantun sanes wonten lingkunganipun
kanthi nggatosaken watak saha solah bawa saben paraga.
9 5.
Psikologi sastra, inggih menika kawruh babagan sastra ingkang nyinauni sastra dipuntingali saking proses kejiwaan.
6. Psikoanalisis, inggih menika perangan saking kajian Psikologi Sastra
ingkang ngrembag babagan fungsi saha pangrembakaning mental manungsa.
10
BAB II GEGARAN