68 dhateng  putra-putrinipun,  kangmas-mbakyu  dhateng  rayinipun.  Watak  paraga
Darmini  ingkang  ketingal  saged  ngayomi  namung  ketingal  saking  setunggal pethikan menika.
“Mboten napa-napa Dhik, mugi-mugi mawon kula saget ngemong adhik- adhik  sedaya,”  wangsulane  Darmini  karo  mlebu  ngomah,  “Kula  nuwun.”
Wedhus Gembel Gunung Merapi:66.
Menawi dipunnalar, Darmini saged mawon nuruti  Id supados Darmini boten repot-repot  ngemong  rayinipun  Salim,  ananging  Superego  saged  nglawan.
Superego  nuntun  bilihh  rayinipun  Salim  bakal  dados  rayinipun  Darmini  nalika sampun  sah  sesandhingan,  kanthi  makaten  Darmini  ugi  kedah  ngemong  kados
Darmini ngemong rayinipun piyambak supados gesang bebrayanipun saged ayem tentrem.
l. Hormat
Hormat ateges saged ngajeni, sopan kaliyan priyantun sanes. Hormat menika kangge  ngajeni  priyantun  ingkang  langkung  sepuh  ugi  langkung  inggil
kadhudhukanipun.  Priyantun  ingkang  saged  hormat  ateges  ngertos  babagan  tata krami ingkang leres. Miturut Hadiatmaja 2011:  40 sikap hormat inggih menika
hormat dhateng priyantun sanes kanthi ngendahaken situasi saha kondisi wekdal, panggenan  saha  priyantun-priyantun  wonten  ing  salebetipun.  Wonten  ing  novel
Wedhus Gembel Gunung Merapi ingkang nedahaken watak hormat saking paraga Darmini namung ketingal saking setunggal pethikan ing andhap menika.
Darmini  gage  marani  Bapak  lan  Mbokne  Salim.  Kanthi  ngambung tangane Bapak lan Embokne Salim iku Darmini aweh pakurmatan. Wedhus
Gembel Gunung Merapi:67.
69 Saking pethikan menika, Superego saged ngalahaken Id. Superego mangertos
bilihh  menawi  kaliyan  priyantun  sepuh  kedah  sopan  saha  ngurmati  satemah Darmini  paring  salam  kanthi  ngambung  astanipun  Bapak  saha  Ibunipun  Salim
kangge pakurmatan. Miturut Suseno saha Geertz lumantar Hadiatmaja 2011:  36 hormat  wonten
masarakat  Jawi  minangka  satunggaling  landasan  sosial  Jawi  supados  kacipta gesang ingkang harmoni.
m. Saged Dipunpitados
Saged dipunpitados ateges saged dipercaya utawi amanah. Priyantun ingkang saged dipunpitados menika saged njagi menapa ingkang dipunamanahaken utawi
ingkang dipuntitipaken dhateng piyambakipun saged awujud barang utawi pesan. Saking  novel  Wedhus  Gembel  Gunung  Merapi  ingkang  nedahaken  bilihh  paraga
Darmini  saged  dipunpitados  namung  ketingal  saking  setunggal  pethikan  ing andhap menika.
“Anu, kula badhe matur kalian Bapak lan Simbok ing riki. Yen wonten lepatipun  nyuwun  ngapunten.  Simbok  kula  ing  Ndhogaten  kintun  salam
dhateng Panjenengan sekaliyan,” tembunge Darmini mbukani rembug sawise ngecamuk padha mangan tape emping. “Semono uga adhiku Sudarto kirim
salam  kenalan  kanggo  adhik-adhik  ing  kene.  Wedhus  Gembel  Gunung Merapi:68.
Pethikan  menika  nedahaken  Superego  saged  nglawan  Id.  Id  saged  mawon nuntun  bilihh  Darmini  boten  badhe  nyampekaken  salamipun  Simbok  kaliyan
rayinipun,  kulawarganipun  Salim  ugi  bakal  boten  mangertos  menawi  Simbok kintun salam, ananging Superego saged nglawan. Superego nuntun bilihh amanah
menika  kedah  dipunsampekaken,  amargi  menawi  boten  saged  pikantuk  walesan
70 saking  Gusti.  Ego  saged  mendhet  keputusan  ingkang  sae  kanthi  tetep
nyampekaken salam saking simbok saha rayinipun.
n. Sregep