101 Nalika Salim ngandharaken bilihh ancasipun Warti namung badhe weruh
Darmini, Darmini lajeng rumaos tersinggung. Darmini medalaken raos tersinggungipun kanthi langsung dhateng Salim. Darmini ngendika menapa
piyambakipun tontonan ngantos Warti kepengin weruh piyambakipun. Ngendikan menika ingkang nedahaken bilihh Darmini rumaos duka amargi kesinggung.
Darmini ingkang medalaken raos boten narima kanthi langsung menika nedahaken bilihh Darmini migunakaken mekanisme pertahanan ego awujud
agresi. Konflik psikis bingung ingkang dipunraosaken dening paragatama Darmini
amargi mangertosi kahanan Harti, kepengin mbiyantu ananging rumaos boten mampu. Perkawis menika saged ketingal saking pethikan menika.
“Wah, upama awake dhewe keconggah ngopeni Harti kuwi ya luwih ut
ama,” Darmini ngetokake panemune, “Haning, katone awake dhewe ki ya mung pas-pasan, mangka arep duwe butuh gedhe kanggo nglairake. Piye
Mas?” Wedhus Gembel Gunung Merapi:137. Darmini rumaos bingung amargi boten pikantuk panemu kangge mbiyantu
Harti ingkang dipuntilar Simbokipun mlebet penjara. Lajeng, Darmini nyuwun pamanggih langsung dhateng Salim kados pundi kedahipun, dene miturut Salim
bilihh Harti ndherek Pak Garda kangge sewetara. Cara Darmini ingkang nyuwun pirsa utawi nyuwun pamanggih saking Salim menika nedahaken bilihh Darmini
migunakaken mekanisme pertahanan ego awujud agresi.
f. Mlebet wonten Donya Khayal Fantasi
Fantasi inggih menika cara kangge ngadhepi perkawis ingkang kathah. Kadhang kala amargi saking kathahipun konflik ingkang dipunlampahi dening
setunggal priyantun, lajeng piyambakipun madosi solusi kanthi cara mlebet
102 wonten ing donya khayal, solusi ingkang adhedhasar fantasi katimbang realitas.
Mekanisme pertahanan ego awujud fantasi dipunginakaken dening paragatama Darmini kangge ngadhepi konflik psikis ingkang awujud isin saha ajrih.
Konflik psikis isin saha ajrih menika dipunraosaken paraga Darmini kanthi sesarengan, inggih menika nalika Darmini dipunajak Salim sowan dhateng
kaluwarganipun Salim. Darmini rumaos isin saha ajrih amargi disawang rayi- rayinipun Salim amargi lampahipun kethingklangan. Darmini rumaos ciut
manahipun. Wonten ing andhap menika pethikan ingkang dipunlampahi dening paraga Darmini.
Tekan omahe Salim, Mbokne wis mulih saka pasar. Ana taksi mandheg adhi-adhine Salim padha metu, Salim lan Darmini metu saka taksi.
Kethingklang-kethingklang Darmini nyedaki adhi-adhine Salim. Rasane ora karu-karuwan. Disawang karo adhine Salim ngono kuwi Darmini kaya
diblejeti awake. Atine Darmini kari samenir, kikuk, isin, lan wedi dadi siji. Mula raine katon rada pucet. Nyawang kahanan ngono kuwi Salim tanggap.
Sauwise mbayar taksi, tangane Darmini digandheng nggon ndhuwur sikut
kanthi kenceng. “Ayo mlebu ngomah, kae adhiku wis padha ngenteni.” Wedhus Gembel Gunung Merapi:66.
Darmini rumaos ciut manahipun, isin, ajrih nalika lampahipun ingkang kethingklangan disawang rayi-rayinipun Salim. Ananging, Salim ingkang
mangertosi kahanan menika lajeng tanggap, Darmini digandheng kanthi kenceng. Sasampunipun digandheng Darmini lajeng rumaos pikantuk kekiyatan. Raosipun
Darmini ingkang pikantuk kekiyatan menika sampun mlebet donya khayalipun Darmini. Adhedhasar fantasi menika Darmini rumaos saged ngadhepi konflik
psikisipun ingkang awujud isin saha ajrih. Cara ingkang dipunginakaken Darmini menika nedahaken bilihh Darmini migunakaken mekanisme pertahanan ego
awujud fantasi.
103
g. Pengalihan