Balas Budi Boten Pengin Urus Masa Bodoh

72

p. Balas Budi

Balas budi ateges ngaturaken panuwun tumrap priyantun sanes ingkang sampun tumindak becik dhateng piyambakipun. Priyantun ingkang ngertos balas budi nedahaken bilihh priyantun menika ngertos babagan tata krami. Watak Darmini ingkang ngertos balas budi namung wonten ing setunggal pethikan menika. “Nyuwun tulung diaturke panuwunku karo Wa Kariya ya, Mbok,” Darmini semambung, “Kok ya isih nggatekake aku ta ya, gek tak kirimi apa ya Mbok?” Wedhus Gembel Gunung Merapi:80. Pethikan menika nedahaken Superego saged nglawan Id. Superego rumaos bilihh miturut tata krami masarakat Darmini kedah ngaturaken panuwun dhateng Mbok Kariyo ingkang sampun paring oleh-oleh kangge Darmini supados Mbok Kariyo ugi tansah rumaos remen.

q. Boten Pengin Urus Masa Bodoh

Masa bodoh ateges boten pengin mikir malih. Priyantun ingkang sampun boten pengin urus malih babagan setunggal babagan limrahipun priyantun menika saweg duka utawi putus asa. Wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ingkang nedahaken bilihh paraga Darmini boten pengin urus kaliyan satunggaling bab inggih menika. “Ah, wis ora usah lungguh, wong tamune wis bali. Ning rak ya ora apa- apa tah? Maksudku ora duwe tujuwan elek karo kowe?” Yu Kardi nanjihake. “Embuh Yu wegah mikir aku,” Darmini medhot rembug. Wedhus Gembel Gunung Merapi:84. Saking pethikan ing inggil nedahaken bilihh Darmini saweg duka satemah boten saged ngontrol Ego-nipun amargi boten saged nahan Id ingkang nuntun 73 supados Darmini duka lan boten mikir malih babagan sinten ingkang nembe mawon sowan dalemipun Darmini. r. Nurut Patuh Nurut ateges manut marang aturan saha dawuhipun priyantun sanes. Dawuh ing ngriki ateges dawuh ingkang becik ingkang kedah dipunturuti. Wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ingkang nedahaken bilihh paraga Darmini gadhah watak nurut ketingal saking pethikan ing andhap menika. “Iya, ya,” weruh Siti wis katon saka kadohan, Salim gage ngelapi eluhe Darmini, “Wis Dhek, awake dhewe ra ora kepengin ta derdah dingerteni wong liya. Wis, saiki raup dhisik kana.” Darmini ya njur manut. Menyat terus raup nyang njedhing. Wedhus Gembel Gunung Merapi:87-88. Id saged mawon kepengin boten nurut kaliyan dawuhipun Salim ananging Darmini ingkang nurut tumrap dawuhipun garwanipun nedahaken bilihh Superego saged nuntun Darmini supados tumindak ingkang leres trep kaliyan tata krama.

s. Setya Bekti