66 Tuladha sanes ingkang nedahaken Darmini ingkang saged narima inggih
menika. “Kahananku bocah wadon ora ayu,
Mlaku kethingklangan, Ora pinter ora lantip,
Bocah desa kapan urip ra rekasa. Hem njur kapan kuwi? Sing jeneng rekasa lan ora kuwi sejatine rak neng
ati. Kahananku saiki kuwi rekasa karo ora rak manut sing ngarani. Sanadyan aku luwih seneng yen kahananku luwih apik tinimbang saiki, nanging aku wis
matur nuwun karo Gusti Allah, marga kahanan iki luwih becik tinimbang dhek aku cilik,” mangkono batin atine Darmini. Wedhus Gembel Gunung
Merapi:85.
Id mesthi kepengin pikantuk kahanan ingkang langkung sae tinimbang samenika ananging Superego saged nahan amargi samenika taksih langkung sae
tinimbang rumiyin nalika Darmini alit. Satemah Ego saged narima kanthi raos panuwun marang Gusti.
Taksih wonten malih pethikan ingkang nedahaken Darmini ingkang narima. “Sing jeneng Pak Duryat ki kaya ngapa ta Mas? Wong kok le sak enake
dhewe,” Darmini banjur nyawang Salim kanthi mesra lan nglendhot neng pundhake Sal
im, “Tujune bojoku kuwi apikan, tanggung jawab. Ora sugih, ya wis ben, ning aku wis mantep.” Wedhus Gembel Gunung Merapi:137.
Saking pethikan menika Id mesthi pengin gadhah garwa ingkang sugih kados
Pak Duryat ananging Ego saged narima saking pertimbangan Superego Darmini boten pikantuk garwa kados Pak Duryat ingkang watakipun boten sae.
j. Ingin Tahu
Ingin tahu inggih menika raos pengin mangertos babagan ingkang dereng dipunmangertosi. Priyantun ingkang gadhah sipat ingin tahu limrahipun priyantun
ingkang pinter amargi pengin gage mangertosi kawruh-kawruh enggal ingkang dereng dipunmangertosi. Wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi
67 ingkang nedahaken Darmini gadhah raos ingin tahu saged ketingal saking 3
pethikan ing andhap. “Iya, kuwi akeh bule-bule ana kene. Ing bis sijine mau wong-wonge kok
mripate dha sipit- sipit, tur kulite kuning kuwi saka Negara ngendi ya Mas?”
Darmini kepengin ngerti. Wedhus Gembel Gunung Merapi:63. “Jane wae apa ta gunane Indonesia nampa wong plesir-plesir saka
ngendi- endi kuwi? Marai dalane dadi macet,” Darmini grenengan. Wedhus
Gembel Gunung Merapi:63. “Adoh apa ora pasar Prawirotaman iki saka daleme?” Darmini takon.
Wedhus Gembel Gunung Merapi:64. Saking tiga pethikan ing inggil, Id Darmini kepengin sanget mangertosi
sedaya babagan ingkang dipunpanggihi nanging dereng dipunmangertosi, lajeng Ego nuntun Darmini supados nyuwun pirsa dhateng Salim.
Watak Darmini ingkang pengin mangertosi satunggaling babagan ugi ketingal saking pethikan menika.
Darmini seneng ngrungokake ceramah, jalaran kanthi melu ngrungokake ceramah iku dheweke tambah seserepan bab apa wae, kaya dene bab
kesehatan, kupiya pangupakarane wong ngandheg, supaya janin lan ibune bisa tansah waras. Piye bisane mbesuk yen nglairake gampang, lan liya-
liyane. Wedhus Gembel Gunung Merapi:81.
Pethikan menika nedahaken Id pengin mangertosi bab menapa kemawon ingkang saged nambah seserepan, lajeng Ego nuntun supados ndherek mirengaken
ceramah.
k. Ngayomi Ngemong
Ngayomi utawi ngemong inggih menika njagi, ngrumat, maringi perhatian dhateng priyantun ingkang mbetahaken kados dene priyantun ingkang sampun
sepuh utawi priyantun ingkang langkung enem. Priyantun ingkang purun ngayomi priyantun sanes limrahipun amargi remen utawi sayang, kados tiyang sepuh
68 dhateng putra-putrinipun, kangmas-mbakyu dhateng rayinipun. Watak paraga
Darmini ingkang ketingal saged ngayomi namung ketingal saking setunggal pethikan menika.
“Mboten napa-napa Dhik, mugi-mugi mawon kula saget ngemong adhik- adhik sedaya,” wangsulane Darmini karo mlebu ngomah, “Kula nuwun.”
Wedhus Gembel Gunung Merapi:66.
Menawi dipunnalar, Darmini saged mawon nuruti Id supados Darmini boten repot-repot ngemong rayinipun Salim, ananging Superego saged nglawan.
Superego nuntun bilihh rayinipun Salim bakal dados rayinipun Darmini nalika sampun sah sesandhingan, kanthi makaten Darmini ugi kedah ngemong kados
Darmini ngemong rayinipun piyambak supados gesang bebrayanipun saged ayem tentrem.
l. Hormat