54 Cara agresi ugi dipunginakaken kangge ngadhepi konflik psikis bingung kanthi
cara nyuwun pamanggih kanthi langsung. Cara fantasi inggih menika mlebet wonten donya khayal dipunginakaken paraga Darmini kangge ngadhepi konflik
psikis isin saha ajrih kanthi cara rumaos pikantuk kekiyatan. Cara ingkang pungkasan inggih menika cara pengalihan dipunginakaken kangge ngadhepi
konflik duka kanthi cara nyawang saha ngalem Salim.
B. Pirembaganipun
1. Andharan Bab Wujud Watakipun Paragatama Wonten ing Novel
Wedhus Gembel Gunung Merapi Anggitanipun Suci Hadi Suwita Para paraga ingkang wonten ing karya sastra ngewrat piwulang-piwulang,
amanat, moral ingkang badhe dipunandharaken dening panganggit dhateng pamaosipun. Saben paraga beda panyariosipun, watak satunggal paraga kaliyan
paraga sanesipun ugi beda. Kangge nggambaraken watak satunggaling paraga saged dipuntingali saking penggalih saha tumindakipun paraga. Wonten ing
masarakat Jawi watak-watak ingkang sae lajeng dados norma-norma sosial ingkang salajengipun saged dados adat-istiadat Hadiatmaja, 2011: 35. Watak sae
saged dados tuladha babagan etika Jawi minangka sarana supados kacipta gesang ingkang harmoni. Watakipun paragatama wonten ing novel Wedhus Gembel
Gunung Merapi dipunandharaken ing ngandhap menika.
a. Prasaja
Prasaja menika watak ingkang limrah. Miturut Poerwadarminta 1939: 278 limrah tegesipun boten nganeh-anehi, purun tumindak becik, saha boten cethil.
Dados, prasaja menika menapa wontenipun anggenipun tumindak ugi
55 sesandhangan. Priyantun ingkang prasaja menika priyantun ingkang narima.
Prasaja menika watak ingkang sae. Wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi, paragatama Darmini gadhah watak prasaja ingkang ketingal saking
tumindak saha saking cariyosipun panganggit. Watak prasaja paraga Darmini saged ketingal wonten ing pethikan menika.
Darmini senenge menganggo sandhangan polos sarwa tuwa, kayadene biru, abang, wungu, soklat, sok-sok ireng. Potongane ya enak disawang,
sopan nanging mantesi. Dhasar kulite kuning, nganggo klambi wernane sarwa tuwa malah nambahi cetha yen kulite resik. Wedhus Gembel Gunung
Merapi:2.
Saking pethikan menika saged ketingal bilihh paraga Darmini gadhah watak ingkang prasaja. Id nedahaken sipat ingkang kedah dipunturuti. Pethikan menika,
kaandharaken Darmini remen ngagem sandhangan polos sarwa tuwa. Menawi dipunnalar, Id mesthi kepengin ngangge sandhangan ingkang langkung sae saha
mewah ananging dipuntahan dening Ego. Ego ndadosaken Darmini nahan nepsunipun inggih menika prasaja. Wonten
ing cariyos, Ego ndadosaken Darmini ngagem sandhangan ingkang menapa wontenipun, sederhana ananging tetep sae dipunsawang. Watak prasaja menika
dipungambaraken saking fisik paraga. Watak prasaja saking paraga Darmini ingkang awujud penggambaran fisik
ugi ketingal saking pethikan ing andhap menika. Darmini mung ndhungkluk wae. Nanging omongane Salim iku
digatekake tenan. Tangane sing kuning resik iku dolanan kacu ijo pupus ana ndhuwur meja. Nalika kuwi Darmini nganggo rok ijo tuwa tanpa gulon,
mulane kacune ijo pupus. Pupure wis ilang, nanging raine isih tetep kuning resik ora nglenga. Lipstick jambon sing lamat-lamat iku isih ana tabete.
Wedhus Gembel Gunung Merapi:9.
56 Saking pethikan menika, kaandharaken bilihh Darmini dandan kanthi prasaja
nalika pepanggihan kaliyan priya ingkang dipuntresnani. Menawi dipunnalar, Id mesthi kepengin dandan ingkang langkung sae saha mewah malih nalika
pepanggihan kaliyan priya ingkang dipuntresnani supados ketingal langkung ayu, ananging saged dipuntahan dening Ego. Ego ndadosaken Darmini dandan kanthi
prasaja saha tetep dados dhirinipun piyambak. Sanesipun, watak prasaja saking paraga Darmini saged ketingal saking
pethikan menika. “Muga-muga wae cocog, bisaku ya mung olah-olah sing prasaja, ora
bisa sing aeng-aeng, wong mung ajar olah-olah saka Simbok lan saka Bu WId
o,” Darmini mangsuli. Wedhus Gembel Gunung Merapi:71. Pethikan menika ngandharaken bilihh Darmini ugi gadhah watak ingkang
prasaja. Darmini ngendika bilihh piyambakipun namung saged olah-olah ingkang prasaja, boten saged aeng-aeng. Menawi ndherek Id mesthi kepengin saged masak
utawi olah-olah ingkang aeng-aeng saha boten masakan ingkang limrah supados ketingal pinter olah-olah saha calon garwa kaliyan calon marasepuhipun langkung
remen. Ananging saged dipuntahan dening Ego supados tetep dados dhirinipun piyambak ingkang namung saged olah-olah ingkang prasaja.
Wonten masarakat Jawi watak prasaja menika nedahaken bilihh manungsa gadhah budi pekerti sae ingkang ketingal saking penampilanipun. Watak prasaja
menika wonten etika Jawi kalebet satunggaling cara supados saged dados manungsa ingkang utama, ingkang sikap lair saha batinipun seimbang
Hadiatmaja, 2011: 55.
57
b. Sopan