42 Pak Duryat ingkang sampun mlonyoh megap-megap taksih saged mangsuli.
“Kowe anake Surti? Oh …, bener kuwi nak Salim? Teneh kowe ngrabi adhimu dhewe. Gusti Allah …, nyuwun ngapura … Oh …,” les tanpa swanten.
2. Wujud Watakipun Paragatama Wonten ing Novel Wedhus Gembel
Gunung Merapi Anggitanipun Suci Hadi Suwita Asiling panaliten menika manggihaken kados pundi watakipun paragatama
wonten salebeting novel Wedhus Gembel Gunung Merapi menika. Wonten ing panaliten menika, watakipun paragatamainggih menika Darmini dipuntemtokaken
ngginakaken teori psikoanalisis mawi struktur kapribaden ingkang dipunperang dados Id, Ego, saha Super Ego.
Paraga Darmini dipungambaraken gadhah pinten-pinten watak. Watak menika saged dipungambaraken saking fisik, sosial, saha psikologis. Wonten ing
ngandhap menika dipunandharaken watak paragatama wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita adhedhasar teori
psikoanalisis Sigmund Freud.
Tabel 1: Data Wujud Watakipun Paragatama wonten ing Novel Wedhus Gembel
Gunung Merapi
No. Stuktur Kapribaden
Sigmund Freud Wujud watakipun
No. Data
1. Id
a. Lugu
b. Gadhah raos ingin
tahu c.
Mboten pengen urus masa bodoh
8, 18, 29 11, 12, 13, 25
26
2. Ego
a. Prasaja
1, 5, 17
43 Tabel Salajengipun
No. Stuktur Kapribaden
Sigmund Freud Wujud watakipun
No. Data
a. Sopan
b. Rendah diri
c. Pasrah
d. Pemaaf
e. Narima
f. Sregep
g. Welas asih
h. Setya bekti
1, 4 2
3 7
9, 27, 32 20, 22, 24
21, 31 30
3. Super Ego
a. Purun nggatosaken
b. Rumangsan
c. Ngayomi ngemomg
d. Hormat
e. Saged dipunpitados
f. Balas budi
g. Nurut patuh
5, 10 6, 19
14 15
16 23
28
Saking tabel menika saged dipunmangertosi watak paragatama Darmini gadhah pinten-pinten watak ingkang kagambaraken wonten ing novel Wedhus
Gembel Gunung Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita. Watakipun paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung
Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita inggih menika prasaja, sopan, rendah diri, pasrah, purun nggatosaken, rumaos eling, gampil paring pangapunten pemaaf,
lugu, narima, gadhah raos ingin tahu, ngayomi ngemong, hormat, saged dipunpitados amanah, rumangsan sadhar diri, sregep, welas asih, ngertos balas
budi, mboten pengin urus masa bodoh, nurut patuh, setya bekti. Saking
44 watakipun Darmini minangka paragatama wonten ing novel Wedhus Gembel
Gunung Merapi dipunpanggihaken wonten watak ingkang sae, ananging minangka paragatama Darmini ugi gadhah watak ingkang mboten sae sanadyan
namung sekedhik. Watak ingkang sae inggih menika prasaja, sopan, pasrah
,
purun nggatosaken, rumaos eling, gampil paring pangapunten pemaaf, lugu, narima, gadhah raos
ingin tahu, ngayomi ngemong, hormat, saged dipunpitados amanah, rumangsan sadhar diri, sregep, welas asih, ngertos balas budi, nurut patuh, setya bekti. Dene
watak ingkang mboten sae kadosta rendah diri, mboten pengin urus masa bodoh.
3. Konflik Psikis Paragatama Wonten ing Novel Wedhus Gembel Gunung