65 “Aku ora dhong je Mas. Sing sebenere piye ta kuwi?” Darmini takon.
“Cah ki nek cah lugu. Yan gene iki sing tak pilih. Aku ora kleru milih Dhik Dar. Wis ayu, kuning, luwes, setya bekti…, adhuh,”  pangeleme Salim
kandheg  jalaran  lengene  dijiwit  Darmini.  Wedhus  Gembel  Gunung Merapi:89.
Nalika  Salim  cariyos  babagan  pagesanganipun  nalika  dereng  sesandhingan kaliyan Darmini ingkang boten sae, Darmini malah boten paham menapa ingkang
dipunngendikaken kaliyan Salim, menika amargi Id dereng pikantuk pangaribawa saking lingkungan satemah taksih menapa wontenipun.
i. Narima
Narima  asalipun  saking  tembung  trima  ateges  nampi  kalawan  panuwun Poerwadarminta  1939:  621.  Narima  ateges  saged  nampi  kanthi  panuwun
menapa  ingkang  sampun  dados  lelampahipun  saking  Gusti.  Priyantun  ingkang saged  narima  bakal  rumaos  ayem  tentrem  ing  pagesangan  amargi  boten  rumaos
kekirangan saha tebih saking watak iri. Watak Darmini ingkang nedahaken narima ketingal saking pethikan makaten.
Karo  nyelehake  gawane  Darmini  mangsuli,  “Ya  kae  wonge  dipethuk Darto. Mengko takonana dhewe, ta Mbok, piye genahe. Jane wae, aku ya isih
tIdha-tIdha piye mengko dadine. Ning nek jane aku ya wis seneng. Kaya aku iki arep milih kaya apa, diparingi jodho dening Gusti Allah rak ya mung kudu
matur nuwun. Mangka ketoke ya jujur. Wedhus Gembel Gunung Merapi:44. Menawi  dipunnalar  Id  saged  gadhah  pepenginan  pikantuk  jodho  ingkang
langkung  sae  tinimbang  Salim,  ananging  Superego  saged  paring  pertimbangan bilihh  sampun  diparingi  kedahipun  inggih  narima.  Lajeng  Ego  saged  mendhet
keputusan  ingkang  sae  kanthi  narima  menapa  ingkang  sampun  diparingi  Gusti kanthi panuwun.
66 Tuladha  sanes  ingkang  nedahaken  Darmini  ingkang  saged  narima  inggih
menika. “Kahananku bocah wadon ora ayu,
Mlaku kethingklangan, Ora pinter ora lantip,
Bocah desa kapan urip ra rekasa. Hem njur kapan kuwi? Sing jeneng rekasa lan ora kuwi sejatine rak neng
ati. Kahananku saiki kuwi rekasa karo ora rak manut sing ngarani. Sanadyan aku luwih seneng yen kahananku luwih apik tinimbang saiki, nanging aku wis
matur  nuwun  karo  Gusti  Allah,  marga  kahanan  iki  luwih  becik  tinimbang dhek  aku  cilik,”  mangkono  batin  atine  Darmini.  Wedhus  Gembel  Gunung
Merapi:85.
Id  mesthi  kepengin  pikantuk  kahanan  ingkang  langkung  sae  tinimbang samenika  ananging  Superego  saged  nahan  amargi  samenika  taksih  langkung  sae
tinimbang  rumiyin  nalika  Darmini  alit.  Satemah  Ego  saged  narima  kanthi  raos panuwun marang Gusti.
Taksih wonten malih pethikan ingkang nedahaken Darmini ingkang narima. “Sing jeneng Pak Duryat ki kaya ngapa ta Mas? Wong kok le sak enake
dhewe,”  Darmini  banjur  nyawang  Salim  kanthi  mesra  lan  nglendhot  neng pundhake Sal
im, “Tujune bojoku kuwi apikan, tanggung jawab. Ora sugih, ya wis ben, ning aku wis mantep.” Wedhus Gembel Gunung Merapi:137.
Saking pethikan menika Id mesthi pengin gadhah garwa ingkang sugih kados
Pak  Duryat  ananging  Ego  saged  narima  saking  pertimbangan  Superego  Darmini boten pikantuk garwa kados Pak Duryat ingkang watakipun boten sae.
j. Ingin Tahu