Kesengsem Gugup Andharan Bab Wujud Konflik Psikis Paragatama Wonten ing Novel

78 Kethingklang-kethingklang Darmini nyedakiadhi-adhine Salim. Rasane ora karu-karuwan. Disawang karo adhine Salim ngono kuwi Darmini kaya diblejeti awake. Atine Darminikari samenir, kikuk, isin, lan wedi dadi siji. Mula raine katon rada pucet. Nyawang kahanan ngono kuwi Salim tanggap. Sauwise mbayar taksi, tangane Darmini digandheng nggon ndhuwur sikut kanthi kenceng. “Ayo mlebu ngomah, kae adhiku wis padha ngenteni.” Wedhus Gembel Gunung Merapi:66. Pethikan menika nyariosaken pisanan Darmini sowan dhateng dalemipun Salim. Darmini rumaos kikuk nalika disawang dening rayi-rayinipun Salim. Darmini ingkang mlampahipun kethingklangan rumaos boten percaya diri, polatanipun pucet. Ego ndadosaken Darmini rumaos isin.

g. Kesengsem

Kesengsem ateges keladuk seneng Poerwadarminta, 1939: 558. Kesengsem inggih menika rumaos remen sanget, tresna dhateng setunggal bab utawi priyantun. Priyantun ingkang saweg kesengsem rumaos bungah sanget, manahipun rumaos kumesar nalika pepanggihan kaliyan priyantun ingkang dipunsengsemi. Raos kesengsem ugi dipunraosaken dening paraga Darmini ketingal saking pethikan menika. Dheg, atine Darmini rumangsa kesenggol dIdumuk cacate. Mripate mbrambangi nyawang sing arep nabrak. Tratap mripate sing mbonceng uga lagi nyawang Darmini. Ambyar sakathahing rasa dadi sawalang-walang, kaget, mangkel, susah, isin, nanging kesengsem. Sapandhurat Darmini ora bisa ngucap. Eluh sing arep netes ing mripate gage diusapi. Wedhus Gembel Gunung Merapi:2. Pethikan menika nyariosaken nalika Darmini sepisanan kepanggih kaliyan Salim ingkang lajeng dados garwanipun piyambak. Wekdal menika Darmini badhe ketabrak motor ingkang dipunboncengi Salim lajeng pisanan nyawang Salim, Darmini rumaos kumesar, boten saged ngucap, raos sedhih dadakan gantos raos bungah, eluh ingkang netes gage dipunusap. Id ndadosaken Darmini rumaos 79 kesengsem nalika kepanggih Salim ingkang saged ngowah raos sedhih dados raos seneng.

h. Gugup

Gugup ateges gragapan amargi wonten perkawis ingkang ngeget Poerwadarminta, 1939: 153. Gugup inggih menika raos kikuk amargi nemahi perkawis ingkang boten dinyana saderengipun. Priyantun ingkang gugup saged ketingal saking polatanipun saha saking polahipun. Polatan priyantun ingkang gugup limrahipun pucet, ketingal boten tenang. Dene polahipun grusa-grusu utawi limrahipun dipunsebut salah tingkah. Wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ingkang nedahaken bilihh paraga Darmini rumaos gugup ketingal saking pethikan ing andhap. Bareng tekan pinggir, Darmini noleh memburi, tempuk maneh mripate karo sing mbonceng Honda. Dhuer, geter pater sing padha kesetrum. Huh, saya goreh ora karuwan. Wedhus Gembel Gunung Merapi:2. Ego ndadosaken Darmini rumaos gugup nalika tempuk mripat kaliyan Salim. Kadadosan menika boten dinyana dening Darmini. Darmini rumaos boten karuwan manahipun ingkang saweg nandang tresna.

i. Penasaran