Darmini Didumuk Cacatipun dening Kardi Warti Ketingal Gadhah Sesambetan kaliyan Salim

86 Saking pethikan menika, ketingal bilihh Darmini rumaos kaget saha ajrih nalika Warti mertamu, ananging Darmini dereng mangertos sinten sajatosipun Warti menika.

g. Darmini Didumuk Cacatipun dening Kardi

Sedhih saha duka ugi wujud konflik psikis ingkang dipunraosaken paraga Darmini. Konflik psikis menika tuwuh jalaran wonten faktor panyebabipun. Satunggaling panyebabipun inggih menik amargi Darmini dipundumuk cacatipun dening Kardi nalika Darmini badhe ketabrak. Perkawis menika saged ketingal saking pethikan ing andhap. “Arep nyabrang ki nyawang kiwa tengen dhisik Unine sing numpak Honda Astrea karo sereng, “Aja ngelingi yen sikile pincang rak wis taktekadi tenan mau.” Dheg, atine Darmini rumangsa kesenggol didumuk cacate. Mripate mbrambangi nyawang sing arep nabrak. Tratap mripate sing mbonceng uga lagi nyawang Darmini. Ambyar sakathahing rasa dadi sawalang-walang, kaget, mangkel, susah, isin, nanging kesengsem. Sapandhurat Darmini ora bisa ngucap. Eluh sing arep netes ing mripate gage diusapi. Wedhus Gembel Gunung Merapi:2. Saking pethikan ing inggil nyariosaken raos sedhih saha duka paraga Darmini nalika didumuk cacatipun dening priyantun ingkang nyetir montor inggih menika Kardi nalika badhe nabrak Darmini ingkang cacat.

h. Warti Ketingal Gadhah Sesambetan kaliyan Salim

Panyebab sanes ingkang njalari konflik psikis sedhih ingkang dipunraosaken paragatama inggih menika nalika Darmini rumaos bilihh Warti gadhah sesambetan kaliyan Salim ingkang piyambakipun dereng mangertos sesambetan menika awujud menapa. Jalaran menika saged ketingal saking pethikan menika. Sawise Siti ora ketok, gage Salim nyedaki bojone, “Ana apa ta Dhik Dar, kok ana mendhung ki, sajake ora kaya adat e?” 87 “Jane ya ana apa-apa. Mau ana tamu nggoleki Mas Salim,” omong ngono Darmini wiwit kembeng-kembeng, wasana mak brol eluhe ora kena dibendung. Wedhus Gembel Gunung Merapi:87. Saking pethikan menika ketingal Darmini sedhih ngantos nangis, jalaran rumaos Salim boten jujur babagan sesambetan anatawisipun Salim kaliyan Warti.

i. Pak Duryat Nilar Darmini kaliyan Simbokipun Nalika Darmini Taksih