77 Saking pethikan menika sampun cetha nedahaken bilihh Darmini rumaos
kaget. Id ndadosaken raos kaget amargi Darmini saestu boten nyana menawi Salim saged mangertos namanipun, satemah Id langsung rumaos kaget. Saking
raos kaget menika manahipun Darmini ngraos kumesar saha ndhredheg.
e. Duka
Duka ateges nepsu Poerwadarminta, 1939: 71. Nepsu inggih menika derenging ati. Duka inggih menika raos muring ing manah amargi derenging ati
boten saged katurutan utawi rumaos boten trep kaliyan pepenginanipun. Priyantun ingkang saweg duka boten saged ngontrol emosinipun, amargi sampun
dikuwasani dening nepsu. Raos duka ingkang dipunraosaken paraga Darmini ketingal wonten ing pethikan menika.
“Sing jeneng Pak Duryat ki kaya ngapa ta Mas? Wong kok le sak enake dhewe,” Darmini banjur nyawang Salim kanthi mesra lan nglendhot neng
pundhake Salim. Wedhus Gembel Gunung Merapi:137.
Pethikan menika nyariosaken Darmini ingkang saweg duka babagan Pak Duryat. Darmini mangertosi bilihh Pak Duryat sampun nyebabaken garwanipun
mlebet Griya Sakit saha nyebabaken ibunipun Darmini mlebet kunjara. Kanthi kawontenan makaten Ego ndadosaken Darmini rumaos anyel tumrap Pak Duryat.
f. Isin
Isin ateges lingsem, rumaos rikuh Poerwadarminta, 1939: 174. Isin menika raos boten percaya diri utawi boten sekeca tumrap kahanan ingkang
dipunlampahi. Wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ingkang nedahaken bilih paraga Darmini rumaos isin ketingal saking pethikan ing andhap.
Tekan omahe Salim, Mbokne wis mulih saka pasar. Ana taksi mandheg adhi-adhine Salim padha metu, Salim lan Darmini metu saka taksi.
78 Kethingklang-kethingklang Darmini nyedakiadhi-adhine Salim. Rasane ora
karu-karuwan. Disawang karo adhine Salim ngono kuwi Darmini kaya diblejeti awake. Atine Darminikari samenir, kikuk, isin, lan wedi dadi siji.
Mula raine katon rada pucet. Nyawang kahanan ngono kuwi Salim tanggap. Sauwise mbayar taksi, tangane Darmini digandheng nggon ndhuwur sikut
kanthi kenceng. “Ayo mlebu ngomah, kae adhiku wis padha ngenteni.” Wedhus Gembel Gunung Merapi:66.
Pethikan menika nyariosaken pisanan Darmini sowan dhateng dalemipun Salim. Darmini rumaos kikuk nalika disawang dening rayi-rayinipun Salim.
Darmini ingkang mlampahipun kethingklangan rumaos boten percaya diri, polatanipun pucet. Ego ndadosaken Darmini rumaos isin.
g. Kesengsem