Rumangsan Sadar Diri Andharan Bab Wujud Watakipun Paragatama Wonten ing Novel

61 priyantun ingkang saweg ngendika kedah dipungatosaken, menapa malih priyantun ingkang ngendika inggih menika priyantun ingkang dipuntresnani Darmini, Salim ingkang saweg nepangaken dhiri. Pethikan sanesipun ingkang nedahaken Darmini purun nggatosaken wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi inggih menika. Darmini mung ngrungokake wae. Kabeh katerangan kuwi digatekake kanggo sangu urip bebrayan sing katone wis cedhak. Wedhus Gembel Gunung Merapi:53. Saking pethikan menika Darmini nggatosaken nalika simbokipun ngendika. Superego nedahaken bilihh miturut tata krami menawi wonten priyantun sepuh ngendika kedah dipungatosaken. Superego Darmini nuntun supados nggatosaken simbokipun ingkang saweg ngendika, menapa malih Darmini rumaos bilihh ingkang dipunngendikakaken simbok saged kangge sangu nalika sampun gesang bebrayan.

f. Rumangsan Sadar Diri

Rumangsan asalipun saking tembung rumangsa. Rumangsa inggih menika rumaos sajroning ati, ngakoni kelepatanipun Poerwadarminta 1939: 532. Dene rumangsan ateges sampun rumangsa. Rumangsan saged dipunsebut sadar diri. Priyantun ingkang rumangsa sampun saged ngakoni menawi piyambakipun gadhah kalepatan lajeng purun nyuwun pangapunten. Priyantun ingkang rumangsa bakal saged menempatkan dhiri kaliyan kahanan ingkang saweg kalampahan miturut tata kraminipun. Miturut Hadiatmaja 2011: 48 rumangsan inggih menika sikap rumaos bilihh manungsa minangka makhlukipun Gusti ingkang tansah dipuncathet saha dipuntingali sedaya tindak tandukipun. Tuladha priyantun 62 ingkang rumangsa ugi saged ketingal saking paragatama Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi. Watak menika wonten ing pethikan ing andhap menika. Darmini dadi mikir, mikirke awake dhewe. Salawase iki dheweke tansah percaya karo awake dhewe, rumangsa bisa ngrampungi keruwetan- keruwetan sing nemahi anggane. Nanging bareng diomongi Salim ngono kuwi, kok banjur krasa, saiba senenge yen dheweke ana sing njaga. Darmini panggah meneng wae. Wedhus Gembel Gunung Merapi:10. Saking pethikan ing inggil Id nedahaken bilihh Darmini rumaos saged ngrampungi sedaya keruwetan-keruwetan ingkang nemahi piyambakipun. Id rumaos bilihh piyambakipun boten mbetahaken pitulungan saking priyantun sanes. Lajeng sasampunipun dipunwelingi dening Salim, Darmini rumangsan. Superego saged nglawan Id. Superego rumaos bilihh welingipun Salim leres, priyantun langkung remen menawi wonten ingkang njagi. Saking Superego menika lajeng Darmini rumangsa bilihh mesthi piyambakipun boten saged piyambak sakdangunipun gesang. Pethikan sanes wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ingkang nedahaken watak rumangsan inggih menika. Adhi-adhine Salim padha ngeman Darmini. Darmini ora tau nimba, jalaran mesthi wis ditimbakake adhine. Bapake ora ngentukake Darmini nimba. Mbok menawa wae mesakake olehe kethingklangan kuwi. Ana Bangi awake Darmini mundhak lemu. Sanadyan ngono Darmini ngrungmasani. Kahanan omahe Mbok Marto dadi resik gemrining. Ana hiasan tembok saka kruistik sing ditemplekke ana ngarepan lan ana kamar-kamar. Mejane ditukokake taplak meja lan dIdokoki vas kembang plastik. Darmini uga usul karo Salim nukokake gendheng kaca kanggo nambahi padhange ruangan lan kamar-kamar. Wedhus Gembel Gunung Merapi:77. Pethikan menika ugi ketingal bilihh Darmini priyantun ingkang saged rumangsan. Darmini rumaos bilihh bapak ugi rayi-rayinipun Salim boten pengin 63 Darmini makarya abot, ananging Darmini lajeng boten migunakaken kesempatan menika kangge leyeh-leyeh boten makarya. Darmini tetep sregep ndherek beberes dalemipun marasepuhipun. Kanthi makaten Darmini tetep saged rumangsan bilihh piyambakipun tansah dados mantu ingkang becik. Watak rumangsan wonten masarakat Jawi minangka satunggaling konsep, prinsip utawi nilai ingkang dados dhasar keselarasan saha keseimbangan ing pagesangan Hadiatmaja, 2011: 55.

g. Pemaaf