Rendah diri Andharan Bab Wujud Watakipun Paragatama Wonten ing Novel

58 ingkang ngertos balas budi, anggenipun Darmini ngaturaken matur nuwun nedahaken watak sopan. Wonten pethikan menika Id sampun saged dipuntahan dening Ego inggih menika ngertos balas budi kanthi ngaturaken panuwun. Superego saking paraga Darmini ugi ketingal. Darmini saged milah menapa ingkang becik menapa ingkang awrat. Amargi sampun dipungatosaken kaliyan priyantun sanes, pramila Darmini ngertos kedah ngaturaken panuwun, boten lajeng kebanjur nuruti Id inggih menika watak ingkang umuk. Watak sopan saking paraga Darmini nedahaken prinsip hormat ing pagesangan priyantun Jawi minangka satunggaling usaha kangge njagi keselarasan saha keserasian wonten masarakat Hadiatmaja, 2011: 42.

c. Rendah diri

Darmini minangka paragatama ugi gadhah watak ingkang boten sae. Satunggaling watak ingkang boten sae inggih menika rendah diri. Rendah diri inggih menika raos ingkang nganggep dhirinipun piyambak boten mampu kados dene priyantun sanes. Priyantun ingkang gadhah watak rendah diri rumaos bilihh piyambakipun boten berharga, boten saged kados priyantun sanes ingkang mampu. Watak rendah diri kalebet raos putus asa tumrap dhiripun piyambak saking segi psikologis, sosial utawi amargi kahanan jasmani badanipun ingkang kirang sempurna. Sikap rendah diri saking paragatama Darmini tuwuh amargi rumaos kahanan badanipun ingkang boten sempurna kados wanita sanesipun. Sikap rendah diri saking Darmini wonten ing salebeting novel WGGM namung ketingal saking setunggal pethikan ing andhap menika. Tekan pondhokane Darmini goreh, sawengi tansah klisikan. Panah asmara wis ngenani atine, „Kae mau gek sapa? Nyawang karo aku kok kaya 59 ngana, ah masa iya…,” Tekan kene Darmini ora wani nerusake pikirane. Sikile sing rada cilik lan cendhak kwiwit dhek isih cilik kuwi dimek-mek, atine angles, brebel- brebel eluhe metu, “Wong cacat kaya aku gek sapa sing sudi ngambus.” Suwe-suwe atine ditata, eluhe diusapi, banjur ngilo, disawang raine sing ayu. Ayang- ayang ana pangilon kuwi diajak guneman batin, “Dar, Darmini, aja gegedhen rumangsa Wong ayu sing ora cacat wae okeh. Mosok iya kowe elek tur cacat disir Mas kae mau.” Wedhus Gembel Gunung Merapi:3. Saking pethikan ing inggil saged ketingal bilihh Id pengin sanget nuruti penggalihipun ingkang rumaos tresna saha supados saged sesandhingan kaliyan Salim. Ananging Id menika saged dipuntahan dening Ego. Ego tuwuh saking kahanan ingkang dipunlampahi Darmini. Badan Darmini ingkang kirang sempurna nyebabaken piyambakipun boten percaya diri kangge nglajengaken nuruti penggalihipun. Saking Ego menika lajeng Darmini rumaos rendah diri bilihh piyambakipun boten bakal sesandhingan kaliyan Salim amargi samparanipun ingkang kirang sempurna. Darmini rumaos Salim boten bakal milih piyambakipun amargi Salim mesthi milih wanita ingkang sempurna saking segi badanipun.

d. Pasrah