Pemaaf Lugu Andharan Bab Wujud Watakipun Paragatama Wonten ing Novel

63 Darmini makarya abot, ananging Darmini lajeng boten migunakaken kesempatan menika kangge leyeh-leyeh boten makarya. Darmini tetep sregep ndherek beberes dalemipun marasepuhipun. Kanthi makaten Darmini tetep saged rumangsan bilihh piyambakipun tansah dados mantu ingkang becik. Watak rumangsan wonten masarakat Jawi minangka satunggaling konsep, prinsip utawi nilai ingkang dados dhasar keselarasan saha keseimbangan ing pagesangan Hadiatmaja, 2011: 55.

g. Pemaaf

Miturut Poerwadarminta 1939: 468 maap utawi pangapunten inggih menika lunasipun paukumaning pandamel kalepatan. Dene pemaaf ateges priyantun ingkang saged paring pangapunten dumateng priyantun sanes ingkang sampun damel kalepatan tumrap piyambakipun. Watak Darmini ingkang pemaaf saged ketingal saking pethikan menika. “Ya ra ngono ah. Aku getun kok nek kelingan ki. Aku njaluk ngapura ya. Karang dhek semana isih cilik. Kae aku tekan ngomah dikudang Bapak. Embuh sapa sing tumbak cucukan,” Mardi omong. “Ora papa kok. Aku wis ngapura dheksemana.” Wedhus Gembel Gunung Merapi:12. Pethikan menika ketingal bilihh Darmini priyantun ingkang saged paring pangapunten tumrap priyantun ingkang lepat. Ego saged mendhet keputusan ingkang sae wiwit saking pangaribawa Superego ingkang leres. Superego rumaos miturut tata krami masarakat menawi wonten ingkang sampun nyuwun pangapunten ugi kedah ngurmati kanthi paring pangapunten supados boten wonten permusuhan nalika gesang. 64

h. Lugu

Lugu miturut Poerwadarminta 1939: 277 inggih menika kados menapa wontenipun tanpa wuh-wuhan. Lugu menika boten dipundamel-damel, wonten jaman samenika saged ugi dipunwastani bilihh lugu menika ketinggalan jaman ateges pikiranipun taksih kolot dereng pikantuk pangaribawa saking perkembangan jaman. Wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ingkang nedahaken Darmini lugu inggih menika. Kelingan gegambarane Darmini sing katone lugu,Salim jan kepencut tenan. Mula sing maune olehe nggatekake mung dhedhemitan, saiki kepengin terang- terangan. Sauwise rembugan dhisik karo Darmini, banjur niyat teka ana daleme Bu WIda, pondhokane Darmini. Wedhus Gembel Gunung Merapi:34. Saking pethikan menika sampun kaserat bilihh saking gegambaranipun Salim, Darmini menika priyantun ingkang lugu. Pethikan sanesipun inggih menika. “Ora aku wis wareg kok,” Darmini genti mangsuli, “Waluh neng kana mau gedhe-gedhe banget ya, Mas. Sing tuku nek ora dienggo dodol ya kanggo nyuguh wong sekampung.” “Ya mesthi ta Dhik. Mbok menawa wae kanggo hiasan omah, rak antik ta,” Salim mangsuli, “Malah tangga ing Sosrowijayan kae ana sing tansah kagungan waluh ora ketang cilik, jare marga waluh iku menehi prabawa ayem. Dadi yen duru ng mundhut waluh anyar, sing ana kuwi ora dimasak.” “Ah warna-warna piyandele uwong yo Mas,” Darmini ngomentari, “Yo, wis entek gek bali yo. Aku kok wis kesel.” Wedhus Gembel Gunung Merapi:75. Pethikan menika nedahaken bilihh Darmini gumunan utawi lugu. Piyambakipun saweg pisan nemahi waluh ingkang ageng-ageng nalika dipunajak Salim dolan ing Kopeng. Watak lugu Darmini tuwuh saking Id ingkang dereng pikantuk pangaribawa saking lingkunganipun. Taksih wonten tuladha sanes ingkang nedahaken watak lugu paragatama Darmini inggih menika. 65 “Aku ora dhong je Mas. Sing sebenere piye ta kuwi?” Darmini takon. “Cah ki nek cah lugu. Yan gene iki sing tak pilih. Aku ora kleru milih Dhik Dar. Wis ayu, kuning, luwes, setya bekti…, adhuh,” pangeleme Salim kandheg jalaran lengene dijiwit Darmini. Wedhus Gembel Gunung Merapi:89. Nalika Salim cariyos babagan pagesanganipun nalika dereng sesandhingan kaliyan Darmini ingkang boten sae, Darmini malah boten paham menapa ingkang dipunngendikaken kaliyan Salim, menika amargi Id dereng pikantuk pangaribawa saking lingkungan satemah taksih menapa wontenipun.

i. Narima