83 Bengi kuwi Darmini klisikan angel olehe bisa turu. Sanadyan olehe
pisah karo bojone lagi sewengi, rasane wis suwe banget. Wedhus Gembel Gunung Merapi:118.
Pethikan menika nedahaken nalika Pak Marto ingkang tindak dhateng griya sakit rumiyin kondur lajeng nyariosaken kados pundi alangan ingkang
dipunlampahi Salim. Darmini boten nggagas cariyosipun Pak Marto, piyambakipun namung nggagas garwanipun kados pundi kawontenanipun ngantos
sewengi boten saged sare amargi rumaos kuwatos.
c. Menawi Kaluwarganipun Salim boten Sarujuk tumrap Darmini ingkang
badhe Dipunajak Salim Gesang Bebrayan Raos was sumelang ugi dipunraosaken Darmini amargi piyambakipun
kuwatos menawi kulawarganipun Salim boten sarujuk tumrap piyambakipun ingkang badhe dipunajak Salim gesang bebrayan. Darmini kuwatos
kaluwarganipun Salim boten sarujuk amargi kawontenanipun Darmini ingkang cacat. Jalaran menika ketingal saking pethikan ing andhap.
“Iya, nanging rak nek calone iku normal. Bareng aku. Yen mlaku wae kethingklangan ngene. Mengko nek Bapak lan Simbok ora setuju, utawa aku
dicecenges, apa maneh dicecengkring adhi-adhimu, wah rak sengsara uripku,” Darmini maitake rembuge. Wedhus Gembel Gunung Merapi:39.
Darmini rumaos minder babagan samparanipun ingkang cacat boten kados wanita normal limrahipun. Jalaran makaten Darmini kuwatos menawi
kaluwarganipun Salim boten sarujuk.
d. Darmini badhe Ketabrak Montor
Konflik psikis sanes ingkang dipunraosaken Darmini inggih menika kaget, was sumelang, saha kesengsem. Satunggaling panyebab Darmini rumaos makaten
inggih menika nalika Darmini badhe ketabarak montor wonten iringan Toko
84 Ramai. Wekdal menika Darmini saweg nyabrang mangidul lajeng wonten montor
ingkang badhe nabrak, ananging saged dipunrem. Perkawis menika ketingal saking pethikan menika.
Pikirane Darmini saya nglambrang adoh, kelingan dhek ketemu sepisanan ana iringan Toko Ramai ing Beskalan, Yogya. Nalika iku Darmini
lagi mlaku mulih bebarengan karo kancane sakgaweyan, padha dene pelayan toko. Lagi arep nyabrang mangidul, ndadak ana Honda Astrea direm
sakanyange. Kanca-kancane wis padha mlayu tekan pinggir. Darmini sing pincang isih ana tengah dalan. Atine wis entek, mendah dadi apa awake, yen
kelakon ketabrak tenan. Wedhus Gembel Gunung Merapi:2.
Saking pethikan menika nyariosaken nalika Darmini badhe ketabarak montor. Darmini rumaos kaget nalika wonten montor dipunrem ndadak amargi badhe
nabrak piyambakipun. Lajeng Darmini rumaos kuwatos utawi was sumelang menawi montor wau saestu nabrak piyambakipun. Darmini boten saged
mbayangaken kados pundi kawontenanipun menawi saestu ketabrak ngengiti samparanipun ingkang cacat saengga boten saged mlayu banter kados kanca-
kancanipun. Ananging kajaba raos kaget saha kuwatos, Darmini ugi rumaos kesengsem amargi saking kadadosan menika Darmini sepisanan kepanggih
kaliyan Salim ingkang narik kawigatosanipun.
e. Rayinipun Salim ingkang Nyawang Lampahipun Darmini kanthi