Warti Madosi Salim Harti, Lare Alit ingkang Dipuntilar Simbokipun Mlebet Penjara

91

p. Darmini Dereng Mangertos Sinten Menika Salim

Paragatama Darmini ugi ngraosaken konflik psikis awujud penasaran. Faktor panyebab saking konflik menika inggih menika amargi Darmini dereng mangertos sinten menika Salim nalika nembe sepisanan kepanggih. Amargi rumaos kepincut lajeng Darmini kepengin ngertos sejatosipun Salim menika sinten. Perkawis menika ketingal saking pethikan menika. Tekan ngomah Darmini legeg-legeg, yen rupane genah ora pangling, priya sing aruh-aruh mau sing mbonceng Honda kae, nanging jenenge sapa, omahe ngendi, gek kandha yen saben sore ngadhang kuwi njur nyambut gawe nyambut gawe apa? Judheg muyeg ning ora wani kumecap. Kabeh mung dibatin. Wedhus Gembel Gunung Merapi:6. Pethikan menika nedahaken konflik penasaran paraga Darmini tumrap paraga Salim. Darmini kepengin ngertos sinten menika Salim, ananging rumaos boten saged menapa-menapa, saha rumaos judheg, saengga sedayanipun namung dipunpenggalih.

q. Warti Madosi Salim

Nalika Warti sowan kangge madosi Salim, perkawis menika ugi dados faktor panyebab tuwuhipun konflik psikis paragatama Darmini. Konflik psikis menika awujud cubriya. Cubriya inggih menika raos boten percaya tumrap kabecikan utawi kahanan setunggal priyantun. Ingkang njalari tuwuhipun konflik cubriya menika adhedhasar kaliyan niatipun Warti badhe kepanggih kaliyan Salim amargi ngendikanipun badhe nyuwun asiling bisnis kala emben. Darmini rumaos boten ngertos ingkang dipunmaksud dening Warti salajengipun dados tuwuh raos cubriya. Jalaran menika saged ketingal saking pethikan menika. Sing nggoleki wadon, jenenge Warti, omahe kidul. Kidul ngendi embuh ora blaka. Jare arep njaluk dhuwit, olehe dhek emben digunakake…, 92 sakteruse aku ora dhong,” omongane Darmini pedhot-pedhot ora cetha, “Kuwi genahe piye ta, Mas? Katone ana barang ala sing Mas Salim ora terus terang karo aku.” Wedhus Gembel Gunung Merapi:87. Saking pethikan ing inggil menika nedahaken bilihh Darmini cubriya bilihh wonten samubarang ala ingkang Salim boten jujur tumrap Darmini. Cubriya menika jalaran saderengipun wonten Warti ingkang sowan dhateng Darmini.

r. Harti, Lare Alit ingkang Dipuntilar Simbokipun Mlebet Penjara

Harti inggih menika larenipun Mbok Nah ingkang nyebabaken Salim mlebet griya sakit. Nalika Mbok Nah saweg mempertanggung jawabaken kalepatanipun wonten pihak ingkang berwajib, Harti boten wonten ingkang njagi. Ananging wonten ingkang purun mbiyantu inggih menika Pak Garda. Mangertosi babagan menika, Darmini ingkang rumaos senasib kaliyan Harti lajeng dados memelas kaliyan Harti. Darmini kepengin saged mbiyantu Harti kanthi niat ngopeni Harti. Ananging lajeng Darmini rumaos bilihh kawontenanipun kaliyan Salim ugi pas- pasan saengga tuwuh konflik psikis awujud bingung. Menika saged ketingal saking pethikan menika. “Wah, upama awake dhewe keconggah ngopeni Harti kuwi ya luwih utama,” Darmini ngetokake panemune, “Haning, katone awake dhewe ki ya mung pas-pasan, mangka arep duwe butuh gedhe kanggo nglairake. Piye Mas?” Wedhus Gembel Gunung Merapi:137. Saking pethikan ing inggil menika nedahaken Darmini ingkang bingung antawisipun niat sae ingkang badhe mbiyantu Harti kaliyan kahanan gesangipun ingkang boten nyekapi kangge mbiyantu Harti, lajeng nyuwun pirsa dhateng Salim minangka garwanipun, saenipun kados pundi. 93

4. Andharan Bab Caranipun Ngadhepi Konflik Psikis Paragatama Wonten