Sedhih Kaget Andharan Bab Wujud Konflik Psikis Paragatama Wonten ing Novel

75 piyambakipun. Ngantos Darmini cubriya menapa garwanipun gadhah pacar sanes ing Kaliurang. Saking kawontenan ingkang kados makaten Ego ndadosaken Darmini rumaos was sumelang wonten ing manahipun.

b. Ajrih

Ajrih ateges wedi Poerwadarminta, 1939: 3. Ajrih inggih menika raos boten wantun ngadepi menapa ingkang saweg dipunlampahi utawi menapa ingkang badhe kalampahan. Priyantun ingkang ajrih bakal was-was anggenipun tumindak. Raos ajrih dipunraosaken dening paraga Darmini ketingal wonten ing pethikan ing andhap menika. Darmini kang nalika samana barengan tanggane saka blanja ing warung dadi mak tatrap neng ati, jalaran durung tau weruh tamune. “Sapa ya kae Yu Kardi? Aku kok kaya durung tau weruh je. Wong ala apa apik?” mangkono tembung kang kawetu saka lambene Darmini marang tanggane. “Ha iya embuh Dhik Dar, aku ya durung tau weruh. Wong ngendi ya? Ya kana Dhik gek ditemoni,” wangsulane Yu Kardi, tanggane Darmini. “Ayo Yu, aku dikancani. Aku ijen je,” panjaluke Darmini. “Ah, jireh tenan Mengko wae tak sambangi yen aku wis nyelehake blanjan iki,” Yu Kardi mulih karo nyawang tamune Darmini saka kadohan. “Tenan ya Yu, aku njaluk tulung,” karo omong ngono Darmini enggal mlebu plataran omahe. Wedhus Gembel Gunung Merapi:83 Pethikan menika nyariosaken Darmini kondur saking blanja lajeng ing plataran dalemipun sampun wonten tamu. Wonten ing pethikan ing inggil sampun nedahaken langsung bilihh Ego ndadosaken Darmini rumaos ajrih. Darmini rumaos dereng nate tepang kaliyan tamunipun. Mula piyambakipun nyuwun tulung Yu Kardi kangge ngancani.

c. Sedhih

Sedhih ateges jijik, susah sanget Poerwadarminta, 1939: 552. Sedhih inggih menika raos manah ingkang susah, boten rumaos seneng. Priyantun ingkang 76 saweg sedhih menika priyantun ingkang saweg rumaos susah, boten bagya. Raos sedhih ingkang dipunraosaken paraga Darmini ketingal wonten ing pethikan menika. Sawise Siti ora ketok, gage Salim nyedaki bojone, “Ana apa ta Dhik Dar, kok ana mendhung ki, sajake ora kaya adate?” “Jane ya ana apa-apa. Mau ana tamu nggoleki Mas Salim,” omong ngono Darmini wiwit kembeng-kembeng, wasana mak brol eluhe ora kena dibendung. Wedhus Gembel Gunung Merapi:87 Saking pethikan menika dipunmangertosi bilihh Darmini saweg ketingal sedhih polatanipun, malahan sampun nangis. Darmini rumaos sedhih sasampunipun wonten tamu putri ingkang madosi Salim. Sebab sedhih menika amargi Darmini boten mangertos sejatosipun sinten tamu wau saha menapa tujuanipun madosi Salim. Darmini sedhih amargi Salim boten nate cariyos babagan priyantun putri ingkang madosi Salim. Babagan menika ndadosaken Ego rumaos sedhih manahipun.

d. Kaget

Kaget ateges raosing manah owah dadakan amargi kahanan ingkang boten dinyana Poerwadarminta, 1939: 179. Kahanan ingkang boten dinyana ateges kahanan ingkang kadadosanipun dadakan boten dipunraos saderengipun. Wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi ingkang nedahaken bilihh paraga Darmini rumaos kaget ketingal saking pethikan ing andhap. Bareng sawijining dina, Darmini ditinggal kancane jalaran Darmini lagi nanggung ngladeni wong tuku, Darmini bali ijen. Tekan mburi Toko Ramai ana sing ngundang, “Dhik Dar, Dhik Darmini.” Darmini noleh, “Gandrik La kok ngerti jenengku.” Atine kumesar, ndhredheg. Atine banjur ditata, sikile sing pincang nerusake laku. Nanging ya genah kalah cepet karo lakune wong normal. Wedhus Gembel Gunung Merapi:5. 77 Saking pethikan menika sampun cetha nedahaken bilihh Darmini rumaos kaget. Id ndadosaken raos kaget amargi Darmini saestu boten nyana menawi Salim saged mangertos namanipun, satemah Id langsung rumaos kaget. Saking raos kaget menika manahipun Darmini ngraos kumesar saha ndhredheg.

e. Duka