87 “Jane ya ana apa-apa. Mau ana tamu nggoleki Mas Salim,” omong
ngono Darmini wiwit kembeng-kembeng, wasana mak brol eluhe ora kena dibendung. Wedhus Gembel Gunung Merapi:87.
Saking pethikan menika ketingal Darmini sedhih ngantos nangis, jalaran rumaos Salim boten jujur babagan sesambetan anatawisipun Salim kaliyan Warti.
i. Pak Duryat Nilar Darmini kaliyan Simbokipun Nalika Darmini Taksih
Alit Sanadyan Darmini boten mangertos menawi Pak Duryat menika sajatosipun
bapakipun, ananging Pak Duryat kanthi boten kangsung tetep ndadosaken Darmini ngraosaken konflik psikis awujud sedhih. Darmini rumaos sedhih nalika
bapakipun nilari Darmini kaliyan Simbokipun wiwit Darmini taksih alit. Jalaran menika ketingal saking pethikan ing andhap menika.
“Iya. Apa panjenengan kepengin tekan nggonaku? Omahe ndhelik, genah omah randha. Neng omah mbokku mung karo adhiku lanang, isih
sekolah ana SMP. Iku wae jare dudu adhiku tunggal bapa biyung. Ah, katone olehe omah-omah mbokku kurang bahagia. Bapakku dhisik jare ninggal
lunga. Bareng bapake adhiku sing jane ya gemati karo aku, ndadak seda
dhisik,” Darmini nyritakake kahanane kanthi swara sing angles, sajak ngrasakake kahanane sing ora nyenengake. Wedhus Gembel Gunung
Merapi:36.
Pethikan menika nedahaken konflik sedhih ingkang dipunraosaken Darmini amargi dipuntilar dening bapakipun saha ngantos samenika boten mangertos
sinten bapakipun ingkang sejatosipun inggih menika Pak Duryat.
j. Salim Nyawang Darmini
Nalika Salim kaliyan Darmini sepisanan kepanggih lajeng Salim nyawang Darmini sesarengan Darmini ugi saweg nyawang Salim, saking kadadosan menika
ugi njalari Darmini ngraosaken konflik psikis awujud kaget, isin, saha gugup. Pethikan ingkang nedahaken bilihh nalika Salim kaliyan Darmini sawang
88 sinawang lajeng nuwuhaken konflis psikis awujud kaget, isin, saha gugup inggih
menika. Dheg, atine Darmini rumangsa kesenggol didumuk cacate. Mripate
mbrambangi nyawang sing arep nabrak. Tratap mripate sing mbonceng uga lagi nyawang Darmini. Ambyar sakathahing rasa dadi sawalang-walang,
kaget, mangkel, susah, isin, nanging kesengsem. Sapandhurat Darmini ora bisa ngucap. Eluh sing arep netes ing mripate gage diusapi. … Wedhus
Gembel Gunung Merapi:2.
… Bareng tekan pinggir, Darmini noleh memburi, tempuk maneh mripate karo sing mbonceng Honda. Dhuer, geter pater sing padha kesetrum. Huh,
saya goreh ora karuwan. Wedhus Gembel Gunung Merapi:2.
Pethikan menika ketingal ingkang njalari konflik kaget saha isin nalika Salim kaliyan Darmini tempuk pandhang.
… Bareng sawijining dina, Darmini ditinggal kancane jalaran Darmini lagi nanggung ngladeni wong tuku, Darmini bali ijen. Tekan mburi Toko
Ramai ana sing ngundang, “Dhik Dar, Dhik Darmini.” Darmini noleh, “Gandrik La kok ngerti jenengku.” Atine kumesar,
ndhredheg. Atine banjur ditata, sikile sing pincang nerusake laku. Nanging ya genah kalah cepet karo lakune wong normal. Wedhus Gembel Gunung
Merapi:5.
Dene pethikan ing inggil nedahaken konflik gugup ingkang dipunraosaken Darmini.
k. Mbok Marto Rawuh ing Griyanipun Darmini Sajak wonten ingkang