81 susah polatanipun amargi boten mangertos kedah kados pundi. Wonten ing novel
Wedhus  Gembel  Gunung  Merapi  ingkang  nedahaken  bilihh  paraga  Darmini rumaos bingung ketingal saking pethikan ing andhap.
“Wah,  upama  awake  dhewe  keconggah  ngopeni  Harti  kuwi  ya  luwih utama,” Darmini ngetokake panemune, “Haning, katone awake dhewe ki ya
mung  pas-pasan,  mangka  arep  duwe  butuh  gedhe  kanggo  nglairake.  Piye Mas
?” Wedhus Gembel Gunung Merapi:137. Pethikan menika nyariosaken pepenginanipun Darmini kangge ngopeni Harti
ananging Darmini ugi rumaos bilihh piyambakipun kaliyan Salim mung pas-pasan satemah Darmini kuwur kados pundi leresipun. Ego ndadosaken Darmini rumaos
bingung.
3. Andharan  Bab  Faktor  ingkang  Njalari  Konflik  Psikis  Paragatama
Wonten  ing Novel  Wedhus  Gembel  Gunung  Merapi  Anggitanipun  Suci
Hadi Suwita Setunggal  konflik  tuwuh  ing  pagesangan  manungsa  mesthi  mawon  wonten
jalaranipun.  Ingkang njalari konflik saged saking faktor eksternal, kadosta saking priyantun  sanes  utawi  lingkungan  saha  saking  faktor  internal  inggih  menika
saking  dhirinipun  piyambak.  Makaten  ugi  konflik  ingkang  dipunraosaken  paraga Darmini mesthi wonten panyebabipun.  Ingkang njalari tuwuhipun konflik tumrap
paraga Darmini badhe kaandharaken ing andhap menika.
a. Salim ingkang Ketingal Beda
Konflik  psikis  awujud  was  sumelang  dipunraosaken  dening  Darmini.  Was sumelang  inggih  menika  raos  kuwatos.  Ingkang  njalari  konflik  inggih  menika
amargi  sikapipun  Salim  ketingal  beda,  boten  kados  biyasanipun.  Salim  dados kemba  wiwit  kondur  saking  griya  sakit.  Darmini  manahipun  rumaos  boten
82 karuwan  kados  wonten  menapa-menapa  tumrap  Salim,  rumaos  was  sumelang
menawi  Salim  kagungan  pacar  malih  wonten  Kaliurang.  Jalaran  menika  saged ketingal saking pethikan menika.
“Hem,  pancen  Mas  Salim  iku  bagus,  nyatane  dhek  samana  ya  akeh wanita sing ngesir. Nanging, Panjenengane rak wis milih aku ta?” Nggagas
nggon  kuwi  Darmini  tangane  ngelus-elus  wetenge  sing  wis  gedhe  lan  sikile sing cilik siji.
“Apa  salahku  Mas?  Kok  rasaku  ra  karuwan  gek  ana  apa?  Kenapa saploke bali saka Rumah Sakit Bethesda Panjenengan dadi kemba, Mas? Apa
ana Kaliurang kagungan pacar? Ora bakal Kuwi dudu watakmu. Nanging, banjur
apa salahku lan apa sebabe kok Panjenengan ora kaya sing uwis?” Wedhus Gembel Gunung Merapi:1
Darmini rumaos boten tenang, gelisah kenging menapa Salim dados makaten. Darmini  ngantos  kuwatos  menawi  piyambakipun  gadhah  lepat  kaliyan  Salim
ananging  piyambakipun  boten  sadhar  kaliyan  lepatipun.  Sikap  Salim  ingkang beda menika ingkang njalari tuwuhipun konflik was sumelang.
b. Salim Mlebet Griya Sakit
Panyebab  sanesipun  ingkang  njalari  Darmini  rumaos  was  sumelang  inggih menika  nalika  Salim  mlebet  griya  sakit  amargi  pikantuk  alangan  nalika  saweg
makarya  ing  Kaliurang.  Darmini  kuwatos  babagan  kawontenanipun  Salim ingkang  astanipun  kenging  samber  pisone  Mbok  Nah.  Jalaran  menika  kaserat
wonten ing pethikan menika. Pranyata  mulih  saka  rumah  sakit  Pak  Marto  merlokake  mampir
Dongkelan  dhisik,  sanadyan  ngalang  tambah  ongkos.  Mbok  Marto  lan Darmini  ngerti  larah-larahe  Salim  kena  alangan  kanthi  luwih  cetha.  Mung
kaya  apa  rupane  Pak  Duryat  lan  kahanane,  Pak  Marto  ora  ngerti,  jalaran emoh  niliki.  Dikandhani  Salim  tumindake  Pak  Duryat  marang  Mbok  Nah,
Pak Marto trima ora weruh wonge. Darmini sing lagi nggagas bojone mung meneng  wae.  Nanging  Mbok  Marto  sing  dhong  jalarane  tumindake  bojone
mung  meneng  wae.  Rasa  kuwi  cumithak  neng  ati,  jalaran  dheweke  kepaksa nampa kahanane Mbok Marto kang wis isi.
83 Bengi  kuwi  Darmini  klisikan  angel  olehe  bisa  turu.  Sanadyan  olehe
pisah  karo  bojone  lagi  sewengi,  rasane  wis  suwe  banget.  Wedhus  Gembel Gunung Merapi:118.
Pethikan  menika  nedahaken  nalika  Pak  Marto  ingkang  tindak  dhateng  griya sakit  rumiyin  kondur  lajeng  nyariosaken  kados  pundi  alangan  ingkang
dipunlampahi  Salim.  Darmini  boten  nggagas  cariyosipun  Pak  Marto, piyambakipun namung nggagas garwanipun kados pundi kawontenanipun ngantos
sewengi boten saged sare amargi rumaos kuwatos.
c. Menawi Kaluwarganipun Salim boten Sarujuk tumrap Darmini ingkang