Sopan Andharan Bab Wujud Watakipun Paragatama Wonten ing Novel

57

b. Sopan

Miturut Poerwadarminta 1939: 579 sopan inggih menika mangertos babagan tata krama. Sopan ateges watak ingkang sae, saged menempatkan dhiri kaliyan kawontenanipun. Priyantun ingkang gadhah sipat sopan, saderengipun tumindak dipunpenggalih rumiyin bakal trep kaliyan kawontenanipun menapa boten. Sipat sopan ugi ketingal wonten paraga Darmini saking pethikan menika. Darmini senenge menganggo sandhangan polos sarwa tuwa, kayadene biru, abang, wungu, soklat, sok-sok ireng. Potongane ya enak disawang, sopan nanging mantesi. Dhasar kulite kuning, nganggo klambi wernane sarwa tuwa malah nambahi cetha yen kulite resik. Wedhus Gembel Gunung Merapi:2. Saking pethikan ing inggil sampun kaserat bilihh Darmini gadhah watak ingkang sopan, sopan anggenipun sesandhangan. Darmini remen ngagem sandhangan ingkang sederhana ananging tetep sopan, boten kedah mewah. Kanthi makaten ketingal bilihh Darmini boten remen pamer saha saged menempatkan dhiri kaliyan kahanan. Darmini gesang wonten lingkungan dusun ingkang unggah-ungguh saha adatipun taksih dipuncepeng, saengga piyambakipun ugi ngagem sandhangan ingkang trep kaliyan kahanan wekdal menika. Watak sopan sanesipun saking paraga Darmini saged ketingal wonten pethikan menika. “Matur nuwun Bu, kula dipungatosaken. Kula mboten menapa-menapa kok. Nuwun sewu kula tak adus rumiyin,” Darmini wangsulan karo menyat njupuk andhuk. Wedhus Gembel Gunung Merapi:6. Pethikan menika nedahaken paraga Darmini sopan tumrap priyantun ingkang langkung sepuh. Anggenipun Darmini guneman kaliyan priyantun ingkang langkung sepuh ngagem basa ingkang alus. Darmini ugi ketingal priyantun 58 ingkang ngertos balas budi, anggenipun Darmini ngaturaken matur nuwun nedahaken watak sopan. Wonten pethikan menika Id sampun saged dipuntahan dening Ego inggih menika ngertos balas budi kanthi ngaturaken panuwun. Superego saking paraga Darmini ugi ketingal. Darmini saged milah menapa ingkang becik menapa ingkang awrat. Amargi sampun dipungatosaken kaliyan priyantun sanes, pramila Darmini ngertos kedah ngaturaken panuwun, boten lajeng kebanjur nuruti Id inggih menika watak ingkang umuk. Watak sopan saking paraga Darmini nedahaken prinsip hormat ing pagesangan priyantun Jawi minangka satunggaling usaha kangge njagi keselarasan saha keserasian wonten masarakat Hadiatmaja, 2011: 42.

c. Rendah diri