93
4. Andharan Bab Caranipun Ngadhepi  Konflik Psikis Paragatama Wonten
ing Novel  Wedhus  Gembel  Gunung  Merapi  Anggitanipun  Suci  Hadi
Suwita Watak saben paraga wonten ing setunggal cariyos beda-beda. Watak ingkang
beda  menika  dados  satunggaling  panyebab  tuwuhipun  konflik.  Konflik  wonten satunggaling  cariyos  menika  mbetahaken  penyelesaian  supados  langkung  narik
kawigatosanipun  pamaos  saha  kangge  mungkasi  alur  cariyos.  Watak  paraga ingkang beda menika ugi ndadosaken cara kangge ngadhepi konflik saben paraga
beda.  Cara  anggenipun  ngadhepi  konflik  psikis  ingkang  dipuntindakaken  dening paragatama  Darmini  wonten  ing  novel  Wedhus  Gembel  Gunung  Merapi
anggitanipun Suci Hadi Suwita menika boten sedaya saged dipunpungkasi, amargi wonten konflik psikis ingkang boten dipunrembag cara anggenipun ngadhepi.
Wonten  ing  novel  Wedhus  Gembel  Gunung  Merapi  anggitanipun  Suci  Hadi Suwita  menika  wonten  pinten-pinten  cara  anggenipun  ngadhepi  konflik  psikis
ingkang dipunlampahi
dening paragatama
Darmini. Cara
ingkang dipuntindakaken  dening  paraga  Darmini  inggih  menika  regresi,  apatis,  represi,
asikep  rasional,  agresi,  kanthi  mlebet  wonten  ing  donya  khayal  fantasi  saha pengalihan.  Cara-cara  menika  badhe  dipunandharaken  wonten  ing  andhap
menika.
a. Regresi
Regresi  wonten  kalih  interpretasi  babagan  regresi,  inggih  menika  regresi retrogressive  behavior  saha  primitivation.  Retrogressive  behavior  inggih  menika
tumindaking  manungsa  ingkang  kados  lare  alit,  nangis,  saha  manja  supados pikantuk  kawigatosan  saking  priyantun  sanes.  Dene  primitivation  inggih  menika
94 nalika  priyantun  ingkang  sampun  dewasa  asikep  kados  priyantun  ingkang  boten
trep  kaliyan  budaya  saha  boten  saged  ngontrol  dhirinipun  saengga  boten  wirang gelut kaliyan priyantun sanes. Mekanisme pertahanan ego regresidipunginakaken
dening paraga Darmini kangge ngadhepi konflik psikis ingkang awujud sedhih. Konflik  psikis  sedhih  ingkang  dipunraosaken  paraga  Darmini  nalika  Salim
nyuwun  pirsa  babagan  kahanan  sasampunipun  Warti  mertamu.  Wonten  ing andhap menika pethikan ingkang dipunlampahi dening paraga Darmini.
“Sawise  Siti  ora  ketok,  gage  Salim  nyedaki  bojone,  “Ana  apa  ta  Dhik Dar, kok ana mendh
ung ki, sajake ora kaya adate?” “Jane  ya  ana  apa-apa.  Mau  ana  tamu  nggoleki  Mas  Salim,”  omong
ngono  Darmini  wiwit  kembeng-kembeng,  wasana  mak  brol  eluhe  ora  kena dibendung. Wedhus Gembel Gunung Merapi:87.
Nalika  Salim  taken  menapa  polatanipun  Darmini  kados  priyantun  ingkang sedhih,  Darmini  nalika  badhe  mangsuli  pitakenanipun  Salim  sampun  wiwit
kembeng-kembeng, wasana dereng jangkep anggenipun mangsuli Darmini nangis, eluhe  boten  saged  dibendung.  Darmini  ingkang  saderengipun  rumaos  sedhih
lajeng nedahaken raos sedhihipun menika kanthi nangis amargi boten saged nahan malih.  Pramila  Darmini  milih  kangge  nangis  supados  Salim  purun  nyariosaken
kados  pundi  perkaranipun  ingkang  leres.  Darmini  ingkang  nangis  ing sangajengipun Salim menika nedahaken bilihh Darmini migunakaken mekanisme
pertahanan ego awujud regresi. b.
Apatis
Apatis  inggih  menika  reaksi  saking  frustasi  awujud  raos  apatis  kanthi  cara narik  dhiri  saha  pasrah.  Mekanisme  pertahanan  apatis  dipunginakaken  dening
paraga Darmini kangge ngadhepi konflik psikis awujud kaget saha was sumelang.
95 Konflik  psikis  kaget  saha  was  sumelang  ingkang  dipunraosaken  dening  paraga
Darmini amargi Darmini badhe ketabrak montor. Perkawis menika saged ketingal saking pethikan ing andhap menika.
Pikirane  Darmini  saya  nglambrang  adoh,  kelingan  dhek  ketemu sepisanan ana iringan Toko Ramai ing Beskalan, Yogya. Nalika iku Darmini
lagi mlaku mulih bebarengan karo kancane sakgaweyan, padha dene pelayan toko.  Lagi  arep  nyabrang  mangidul,  ndadak  ana  Honda  Astrea  direm
sakanyange.  Kanca-kancane  wis  padha  mlayu  tekan  pinggir.  Darmini  sing pincang isih ana tengah dalan. Atine wis entek, mendah dadi apa awake, yen
kelakon ketabrak tenan. Wedhus Gembel Gunung Merapi:2.
Nalika  semanten  Darmini  badhe  nyabrang  lajeng  ndadak  wonten  montor ingkang  badhe  nabrak  Darmini.  Ananging  montor  wau  saged  dipunrem
saderengipun kalampahan nabrak Darmini. Wekdal menika Darmini rumaos kaget saha  was  sumelang  menawi  piyambakipun  saestu  ketabrak.  Darmini  lajeng
rumaos boten saged tumindak menapa-menapa jalaran samparanipun ugi ingkang kirang  saengga  Darmini  namung  saged  pasrah.  Darmini  ingkang  rumaos  kaget
saha  was  sumelang  lajeng  saged  pasrah  menika  nedahaken  bilihh  Darmini migunakaken mekanisme pertahanan ego awujud apatis.
c. Represi