Tumindakipun Pak Duryat ingakang Sak Penake Piyambak Nalika Darmini kepanggih Salim Sepisanan Darmini Dereng Mangertos Sinten Menika Salim

90 Saking pethikan ing inggil ketingal bilihh Darmini duka amargi rumaos tersinggung kaliyan ancasipun Warti.

n. Tumindakipun Pak Duryat ingakang Sak Penake Piyambak

Konflik Duka ingkang dipunraosaken Darmini ugi tuwuh jalaran tumindakipun Pak Duryat ingkang sak penake piyambak. Jalaran menika saged ketingal saking pethikan menika. “Sing jeneng Pak Duryat ki kaya ngapa ta Mas? Wong kok le sak enake dhewe,” Darmini banjur nyawang Salim kanthi mesra lan nglendhot neng pundhake Salim. Wedhus Gembel Gunung Merapi:137. Pethikan menika nedahaken raos duka Darmini tumrap Pak Duryat nalika sampun mangertosi tumindakipun Pak Duryat ingkang gadhah nama kathah saha remen dolanan wanita.

o. Nalika Darmini kepanggih Salim Sepisanan

Darmini ngraosaken kesengsem minangka wujud konflik psikis ingkang dipunjalari amargi kepanggih kaliyan Salim. Darmini rumaos kepincut tumrap Salim wiwit sepisanan kepanggih nalika Darmini badhe ketabrak montor ingkang dipunboncengi Salim. Babagan menika saged ketingal saking pethikan ing andhap menika. Dheg, atine Darmini rumangsa kesenggol didumuk cacate. Mripate mbrambangi nyawang sing arep nabrak. Tratap mripate sing mbonceng uga lagi nyawang Darmini. Ambyar sakathahing rasa dadi sawalang-walang, kaget, mangkel, susah, isin, nanging kesengsem. Sapandhurat Darmini ora bisa ngucap. Eluh sing arep netes ing mripate gage diusapi. Wedhus Gembel Gunung Merapi:2. Pethikan ing inggil nedahaken Darmini rumaos kesengsem, kepincut dhateng Salim nalika sepisanan kepanggih. 91

p. Darmini Dereng Mangertos Sinten Menika Salim

Paragatama Darmini ugi ngraosaken konflik psikis awujud penasaran. Faktor panyebab saking konflik menika inggih menika amargi Darmini dereng mangertos sinten menika Salim nalika nembe sepisanan kepanggih. Amargi rumaos kepincut lajeng Darmini kepengin ngertos sejatosipun Salim menika sinten. Perkawis menika ketingal saking pethikan menika. Tekan ngomah Darmini legeg-legeg, yen rupane genah ora pangling, priya sing aruh-aruh mau sing mbonceng Honda kae, nanging jenenge sapa, omahe ngendi, gek kandha yen saben sore ngadhang kuwi njur nyambut gawe nyambut gawe apa? Judheg muyeg ning ora wani kumecap. Kabeh mung dibatin. Wedhus Gembel Gunung Merapi:6. Pethikan menika nedahaken konflik penasaran paraga Darmini tumrap paraga Salim. Darmini kepengin ngertos sinten menika Salim, ananging rumaos boten saged menapa-menapa, saha rumaos judheg, saengga sedayanipun namung dipunpenggalih.

q. Warti Madosi Salim