Was sumelang Ajrih Andharan Bab Wujud Konflik Psikis Paragatama Wonten ing Novel

74

2. Andharan Bab Wujud Konflik Psikis Paragatama Wonten ing Novel

Wedhus Gembel Gunung Merapi Anggitanipun Suci Hadi Suwita Saking prastawa-prastawa ingkang wonten ing cariyos saged ndadosaken konflik ingkang dipunlampahi dening paraga. Konflik kathah jinisipun, saged awujud konflik batin, konflik sosial, saha konflik-konflik sanesipun. Konflik psikis utawi konflik batin inggih menika konflik ingkang kadadosan wonten ing manah utawi jiwanipun paraga. Konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paragatama wonten novel Wedhus Gembel Gunung Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita inggih menika.

a. Was sumelang

Was sumelang ateges kuwatos, was-was, samar, ora tega Poerwadarminta, 1939: 572. Was sumelang inggih menika raos manah ingkang kuwatos, was-was, boten tenang. Priyantun ingkang rumaos was sumelang menika priyantun ingkang saweg rumaos kuwatos, boten tenang amargi setunggal bab. Was sumelang ugi dipunraosaken dening paraga Darmini ingkang ketingal saking pethikan menika. “Hem, pancen Mas Salim iku bagus, nyatane dhek samana ya akeh wanita sing ngesir. Nanging, Panjenengane rak wis milih aku ta?” Nggagas nggon kuwi Darmini tangane ngelus-elus wetenge sing wis gedhe lan sikile sing cilik siji. “Apa salahku Mas? Kok rasaku ra karuwan gek ana apa? Kenapa saploke bali saka Rumah Sakit Bethesda Panjenengan dadi kemba, Mas? Apa ana Kaliurang kagungan pacar? Ora bakal Kuwi dudu watakmu. Nanging, banjur apa salahku lan apa sebabe kok Panjenengan ora kaya sing uwis?” Wedhus Gembel Gunung Merapi:1 Saking pethikan menika Darmini saweg rumaos kuwatos. Darmini saweg menggalih babagan garwanipun. Darmini rumaos bilihh polah garwanipun beda boten kados saderengipun. Amargi menika Darmini rumaos kuwatos tumrap garwanipun. Damini was-was kenging menapa garwanipun dados kemba tumrap 75 piyambakipun. Ngantos Darmini cubriya menapa garwanipun gadhah pacar sanes ing Kaliurang. Saking kawontenan ingkang kados makaten Ego ndadosaken Darmini rumaos was sumelang wonten ing manahipun.

b. Ajrih

Ajrih ateges wedi Poerwadarminta, 1939: 3. Ajrih inggih menika raos boten wantun ngadepi menapa ingkang saweg dipunlampahi utawi menapa ingkang badhe kalampahan. Priyantun ingkang ajrih bakal was-was anggenipun tumindak. Raos ajrih dipunraosaken dening paraga Darmini ketingal wonten ing pethikan ing andhap menika. Darmini kang nalika samana barengan tanggane saka blanja ing warung dadi mak tatrap neng ati, jalaran durung tau weruh tamune. “Sapa ya kae Yu Kardi? Aku kok kaya durung tau weruh je. Wong ala apa apik?” mangkono tembung kang kawetu saka lambene Darmini marang tanggane. “Ha iya embuh Dhik Dar, aku ya durung tau weruh. Wong ngendi ya? Ya kana Dhik gek ditemoni,” wangsulane Yu Kardi, tanggane Darmini. “Ayo Yu, aku dikancani. Aku ijen je,” panjaluke Darmini. “Ah, jireh tenan Mengko wae tak sambangi yen aku wis nyelehake blanjan iki,” Yu Kardi mulih karo nyawang tamune Darmini saka kadohan. “Tenan ya Yu, aku njaluk tulung,” karo omong ngono Darmini enggal mlebu plataran omahe. Wedhus Gembel Gunung Merapi:83 Pethikan menika nyariosaken Darmini kondur saking blanja lajeng ing plataran dalemipun sampun wonten tamu. Wonten ing pethikan ing inggil sampun nedahaken langsung bilihh Ego ndadosaken Darmini rumaos ajrih. Darmini rumaos dereng nate tepang kaliyan tamunipun. Mula piyambakipun nyuwun tulung Yu Kardi kangge ngancani.

c. Sedhih