54
kawujud. Wasana saking tataran damel media inggih menika file media pasinaon dipundamel wujud Compact Disk CD.
4. Tataran Validasi saha Uji Coba
Sasampunipun media pasinaon sengkalan ingkang dipundamel mawi Program Adobe Flash CS5 paripurna, lajeng media pasinaon saged kalajengaken
dhateng tataran salajengipun. Tataran salajengipun inggih menika tataran validasi saha uji coba media pasinaon. Tataran validasi saha uji coba menika
dipuntindakaken kanthi cara nyuwun dhumateng dosen ahli media pasinaon saha dosen ahli materi supados mbiji, paring panyaruwe, saha pamrayogi tumrap media
pasinaon ingkang sampun kadamel. Salajengipun wonten ing tataran uji coba media pasinaon menika dipunbiji kaliyan guru basa Jawi. Ing tataran ingkang
sami, media pasinaon sengkalan dipunuji coba dhumateng siswa kalajengaken media dipunsuwunaken pamanggih saking kelas XI SMA N 1 Pakem.
5. Tataran Pungkasan
Adhedasar saking asiling tataran validasi saha uji coba, tata cara salajengipun inggih menika tataran pungkasan. Wonten ing tataran pungkasan
panaliti ngrevisi media pasinaon ingkang sampun dipundamel adhedhasar validasi dening para ahli. Sasampunipun dipunrevisi media pasinaon interaktif sengkalan
mawi Program Adobe Flash CS5 ingkang arupi aplikasi saha CD pasinaon menika saged dipunginakaken wonten ing pasinaon sengkalan.
55
Bagan Pengembangan
Gambar 2: Bagan Alur Panaliten Pengembangan Media Pasinaon Sengkalan.
D. Pambijining Produk
Wonten ing panaliten menika, anggenipun mbiji produk ingkang dipundamel dipuntindakaken adhedhasar desain pambiji kaliyan jinising data
Observasi lapangan siswa
Tataran Analisis Analisis
kurikulum Ngempalaken Materi
Tataran Perancangan
Flowchart
Damel Naskah Media Pasinaon Sengkalan
Media Pasinaon Sengkalan
Validasi Dosen Ahli Materi
Uji coba dhateng siswa SMA SMK Pambiji saking Guru Basa Jawi
Analisis Data
Asil Pungkasan :Produk Media Pasinaon Interaktif SengkalanCD Pasinaon Validasi Dosen
Ahli Media Revisi Media