Media Pasinaon Interaktif Andharaning Teori
22
Geisert 1995: 71 ngandharaken bilih “….
but it usually refers to the combining of several types of media nto a sngle computer application, featuring aspects
to which students are easily attracted, such as motion video or digital graphics, ful color, and sound. Pacing and sequencing of the varios media contributions to the presentation
are under computer control.”
tegesipun multimedia minangka gabungan saking maneka jinis media kadosta motion video utawi gambar digital , warni-warni ingkang narik kawigatosan, saha
swanten dhateng satunggaling program komputer, ingkang saged ndadosaken siswa langkung nggatosaken. Perangan cepetipun program saha urutan saking
maneka warni unsur media kangge presentasi dipunatur mawi kontrol komputer. Pamanggihipun Geisert nedahaken bilih gabungan saking maneka warni
jinis saha unsur media dados satunggaling program komputer kangge presentasi mawi kontrol komputer dipunsebut multimedia. Katrangan bilih multimedia
minangka piranti ingkang dipunginakaken mawi kontrol computer tegesipun pangangge media kedah nglampahaken piyambak programipun saha program
paring respon dhumateng pangangge. Wontening interaksi kados mekaten ingkang njalari
media dipunsebut interaktif. Pamanggih ngengingi media pasinaon interaktif dipunandharaken wonten ing ngandhap menika.
Daryanto 2010: 51, ngandharaken bilih media pasinaon interaktif inggih menika satunggaling multimedia kanthi piranti ingkang saged dipunlampahaken
dening pangangge media pasinaon, satemah saged ndayani pasinaon dados langkung interaktif. Media pasinaon interaktif saged kadamel mawi kathah
program. Wonten ing panaliten menika media pasinaon interaktif sengkalan badhe dipundamel kanthi Program Adobe flash CS5.
23
Adhedhasar pamanggih ing nginggil, saged dipunmangertos bilih multimedia saged ndayani pasinaon dados interaktif. Satunggaling wujud saking
media pasinaon interaktif limrahipun arupi compact disc CD, kadosta dipunandharaken wonten ing ngandhap menika.
Miturut Indriana 2011: 97, CD Compact Disc multimedia interaktif inggih menika media pasinaon mawi komputer ingkang gadhah unsur-unsur
media kanthi jangkep, kadosta swanten, animasi, video, teks, saha grafis. Sipatipun interaktif amargi saged nampi respons saking siswa saha maringi
respons ugi tumrap siswa. Saking andharan wonten ing nginggil, pramila multimedia interaktif
kanthi wujud CD pasinaon saged dipuntegesi media pasinaon ingkang kasusun saking pinten-pinten unsur media satemah ndayani pasinaon dados langkung
interaktif saha saged ningkataken kualitas pasinaon menika piyambak.