Watak Tembung Sengkalan Tuladha Watak Tembung miturut Mulyani 2011: 55

267 c Watak tiga Latu geni, inggih sadaya barang ingkang mawi latu geni. Utawi saged ngginakaken tembung kanthi dhasar sarana guru dasanama, inggih menika pawaka, upet, bahni, dahana. Sanesipun, wignya: pintermguna; lintah: werdu, uta, lsp. d Watak sakawan Toya, inggih sadaya tembung ingkang ateges toya utawi wujud toya. Upaminipun: wedang, jaladri, waudadi, warih, her, pancuran, sumber, tlaga, uda, baruna, tirta, we, ranu, tawa, lsp. e Watak gangsal Buta, panah cakra jemparing, angin. Tembung- tembung ingkang ateges buta, panah jemparing, saha angin. Upaminipun: buta: yaksa, diyu, raksesa, danawa; panah: sara, warayang; angin: barat, samirana, maruta, bayu,semilir, sembribit, sindhung, lsp. f Watak nenem Araning rasa raos legi: sarkara, kecut, pedhes, pait, asin, gurih;getir, sepet, langu, leteng, tembung ingkang ngemu suraos ebah obah, oyog, oyag,moyag-mayig, saha tembung ingkang mawa teges sadpada walang, tawon, kinjeng, kumbang g Watak pitu Pendhita gunung pitu nunggang jaran. Tegesipun tembung ingkang awatak pitu menika: pendhita resi, wong suci, Begawan, lsp.; gunung ardi, prawata, 268 redi, aldaka, lsp.; pitu sapta, sastra, swara:a, i, u, e, o, re, le, lsp.; nunggang numpak, nitih, lsp.; jaran turangga, kuda, kapal, titihan, lsp. h Watak wolu Gajah esthi, liman, dipangga, lsp; kewan rumangkang reptil naga, sawer, salira, bayabajul, bunglon, cecak, lsp utawi saged ngginakaken tembung kanthi dhasar sarana guru sastra, inggih menika tembung ingkang panyeratipun sami, sanadyan beda tegesipun watak wilanganipun dipunanggep sami. Kadosta: esthi ateges sedya sami kalihan esthi ateges gajah menika awatak 8, lsp. i Watak sanga Tembung ingkang ateges dewa jawata, bathara, apsara, lsp saha barang-barang ingkang kaanggep bolong gapura, lawang, wiwara, dwara, guwa, babahan, rong, song, lsp. j Watak das 0 Tembung-tembung ingkang ngemu suraos boten wonten, sunya, suwung, langit, gegana, bomantara, awang-awang, sirna, ilang, telas, adoh, tan, das, moksa, oncat, nir, brastha, rusak, lsp.

E. Cak-cakanipun Sengkalan Dwiraharjo saha Heri Setiawan, 2008: 136

Ing padatan, sengkalan menika dipuncakaken minangka pepeling tumrap : 1 Miyos saha tata cara kalajenganipun 269 2 Tingalan 3 Kasedan saha tata cara pengetan kalajenganipun 4 Tata cara palakrama 5 Madeging balegriya 6 Madeging lembagainstitusi 7 Pambukaning gedhung enggal 8 Kedadosan-kedadosan ingkang wigati 9 Lengsering pemimpin 10 Jumenengan

F. Paedah Sengkalan tumrapTiyang Jawi

Daliman 2012 ngandharaken bilih sengkalan inggih menika: - Wujud kesadaran historis ipun tiyang Jawi ingkang mbalung sungsum amargi sengkalan boten namung ngemu teges ingkang sinandhi ngengingi angka numerologi, ewah-ewahanipun wekdal saha panjangka, menapa dene ramalan prediksi ngengingi menapa ingkang bakal kedadosan. - bukti ewahipun sejarah ingkang miturut tiyang Jawi tansah ewah gingsir. katrangan mekaten sami kadosta pamanggihipun filsuf Yunani Kuno, inggih menika Herakleitos, lumantar Daliman, ingkang nedahaken “panta rhei kai uden mennei”, segalanya mengalir, tak sesuatupun yang tidak berubah tegesipun sedayanipun ewah gingsir, boten wonten setunggal menapa ingkang boten ewah, - Saged merekam ewah-ewahaning jaman saha manungsa anggenipun ndherek ngupiya mbangun eksistensi

Dokumen yang terkait

AN ANALYSIS ON GRAMMATICAL ERROR IN WRITING MADE BY THE TENTH GRADE OF MULTIMEDIA CLASS IN SMK MUHAMMADIYAH 2 MALANG

26 336 20

PENYESUAIAN SOSIAL SISWA REGULER DENGAN ADANYA ANAK BERKEBUTUHAN KHUSUS DI SD INKLUSI GUGUS 4 SUMBERSARI MALANG

64 523 26

KONSTRUKSI MEDIA TENTANG KETERLIBATAN POLITISI PARTAI DEMOKRAT ANAS URBANINGRUM PADA KASUS KORUPSI PROYEK PEMBANGUNAN KOMPLEK OLAHRAGA DI BUKIT HAMBALANG (Analisis Wacana Koran Harian Pagi Surya edisi 9-12, 16, 18 dan 23 Februari 2013 )

64 565 20

PENERAPAN MEDIA LITERASI DI KALANGAN JURNALIS KAMPUS (Studi pada Jurnalis Unit Aktivitas Pers Kampus Mahasiswa (UKPM) Kavling 10, Koran Bestari, dan Unit Kegitan Pers Mahasiswa (UKPM) Civitas)

105 442 24

PEMAKNAAN BERITA PERKEMBANGAN KOMODITI BERJANGKA PADA PROGRAM ACARA KABAR PASAR DI TV ONE (Analisis Resepsi Pada Karyawan PT Victory International Futures Malang)

18 209 45

MASALAH YANG DIHADAPI SISWA PADA JURUSAN YANG TIDAK SESUAI MINAT

10 183 1

HUBUNGAN SELF EFFICACY DENGAN KESIAPAN KERJA PADA SISWA SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN

13 162 19

AN ANALYSIS OF LANGUAGE CONTENT IN THE SYLLABUS FOR ESP COURSE USING ESP APPROACH THE SECRETARY AND MANAGEMENT PROGRAM BUSINESS TRAINING CENTER (BTC) JEMBER IN ACADEMIC YEAR OF 2000 2001

3 95 76

EFEKTIVITAS PENGAJARAN BAHASA INGGRIS MELALUI MEDIA LAGU BAGI SISWA PROGRAM EARLY LEARNERS DI EF ENGLISH FIRST NUSANTARA JEMBER

10 152 10

IMPLEMENTASI PROGRAM PENYEDIAAN AIR MINUM BERBASIS MASYARAKAT (Studi Deskriptif di Desa Tiris Kecamatan Tiris Kabupaten Probolinggo)

21 177 22