Mula Bukaning Sengkalan MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI.
261
ingkang dipunserat mawi basa Sansekerta ing prasasti Canggal ingkang dumunung wonten ing Gunung Wukir,
Kecamatan Kadiluwih, Kedu Selatan, ungelipun: syruti indrya rasa, kanthi teges taun 654 Ҫ aka. Sengkalan menika
kalebet suryasengkala ingkang adhedhasar taun lampahing surya taun Syamsiah. Miturut sejarah suryasengkala
langkung rumiyin dipunangge. Dumugi pungkasaning pamarentahan kerajaan Majapahit tiyang Jawi ngginakaken
suryasengkala. Nalika jaman Demak wiwit dipunginakan taun Arab kaliyan petangan taun Hijriah ingkang dhasaripun
taun lampahing wulan taun komariah, wujudipun dados candra sengkala. Daliman, 2012: 27.
Miturut Dwiraharjo 2006: 10 prasasti Canggal menika minangka prasasti ingkang sepuh piyambak.
Sumber-sumber sejarah sanesipun bilih saderengipun taun 732 M dereng dipunpanggihi. Pramila dipupendhet dudutan
bilih sengkalan dipunangge nalika abad kaping 8 nalika raja- raja saha dinasti Sanjaya.
Miturut sumber sejarah prasasti Canggal nedahaken minangka prasasti sepung piyambak ingkang ngemu
sengkalan, pramila dudutanipun sengkalan dipunanggep wonten sepisanan nalika 654 Ҫ aka 732 M.