Titikanipun Media Pasinaon Media pasinaon

19 gambaripun amargi wonten tembok inggil saged dipundamel cetha wonten gambar foto kanthi cara zooming. 3 Ciri Distributif Media pasinaon kanthi titikan distributif boten winates tumrap papan tartamtu kemawon ananging saged dipunakses dening siswa wonten ing wekdal ingkang sami ing pundi kemawon. Adhedhasar titikanipun media pasinaon ingkang dipunandharaken dening Gerlach saha Ely ing nginggil, dipuntingali saking titikan ingkang paling memper, pramila panaliten menika kalebet media ingkang gadhah titikan distributif amargi asilipun media pasinaon menika awujud Software media pasinaon ingkang salebetipun wonten materi sengkalan ingkang saged dipunakses dening para siswa wonten pundi kemawon papanipun kanthi wekdal ingkang sami. Tuladhanipun wonten ing kelas-kelas, media saged dipunginakaken kanthi sesarengan mawi komputer-komputer ingkang wonten.

e. Prinsip Pamilihing Media Pasinaon

Piwulangan tumrap satunggaling materi pasinaon saged langkung optimal menawi guru anggenipun milih media pasinaon kanthi trep kangge pasinaon. Pamanggih ngengingi kadospundi milih media ingkang paling sae miturut Gerlach 1980: 254 kados mekaten. We must next consider the characteristics of students which directly relate to learning such as verbal abilities, visual and audio, perception skills, experience, intelligence, motivation, personality, and social skills. In other words, any special factors which help to narrow the selection shoud be used. 20 Tegesipun inggih menika kedah nggatosaken karakteristikipun siswa ingkang kanthi langsung sesambetan kaliyan pasinaon kadosta kawegigan verbal, visual saha audio, kawegigan persepsi, pengalaman, kapinteran, motivasi, kapribaden, saha katrampilan sosial. Ateges, faktor-faktor kusus ingkang mbiyantu kangge damel pilihan dados langkung mligi satemah media pundi ingkang kedah dipunginakaken. Pamanggihipun Gerlach nedahaken bilih pamilihing media pasinaon kedah nggatosaken karakteristikipun siswa. Pawadanipun faktor-faktor saking siswa ingkang mangaribawani tumrap pasinaon saged dados tetimbangan anggenipun milih media. Andharan prinsip pamilihing media dening Gerlach sipatipun taksih umum. Pamanggih sanes ngengingi prinsip pamilihan media pasinaon ingkang langkung kusus dipunandharaken wonten ing ngandhap menika. Miturut Arsyad 2002: 73-74, prinsip pamilihan media pasinaon inggih menika : 1 Jumbuh kaliyan ancas ingkang badhe dipungayuh. Media dipunpilih adhedhasar tujuan intruksional ingkang sampun katetepakaen saha mengacu tumrap satunggaling utawi gabungan saking kalih utawi tigang ranah kognitif, afektif saha psikomotor. 2 Trep kangge nyengkuyung wosing materi pasinaon ingkang sipatipun fakta, konsep, prinsip utawi generalisasi. 3 Praktis, luwes saha awet. Media ingkang dipunpilih prayoginipun saged dipunginakaken wonten pundi kemawon saha wekdal ingkang boten winates.

Dokumen yang terkait

AN ANALYSIS ON GRAMMATICAL ERROR IN WRITING MADE BY THE TENTH GRADE OF MULTIMEDIA CLASS IN SMK MUHAMMADIYAH 2 MALANG

26 336 20

PENYESUAIAN SOSIAL SISWA REGULER DENGAN ADANYA ANAK BERKEBUTUHAN KHUSUS DI SD INKLUSI GUGUS 4 SUMBERSARI MALANG

64 523 26

KONSTRUKSI MEDIA TENTANG KETERLIBATAN POLITISI PARTAI DEMOKRAT ANAS URBANINGRUM PADA KASUS KORUPSI PROYEK PEMBANGUNAN KOMPLEK OLAHRAGA DI BUKIT HAMBALANG (Analisis Wacana Koran Harian Pagi Surya edisi 9-12, 16, 18 dan 23 Februari 2013 )

64 565 20

PENERAPAN MEDIA LITERASI DI KALANGAN JURNALIS KAMPUS (Studi pada Jurnalis Unit Aktivitas Pers Kampus Mahasiswa (UKPM) Kavling 10, Koran Bestari, dan Unit Kegitan Pers Mahasiswa (UKPM) Civitas)

105 442 24

PEMAKNAAN BERITA PERKEMBANGAN KOMODITI BERJANGKA PADA PROGRAM ACARA KABAR PASAR DI TV ONE (Analisis Resepsi Pada Karyawan PT Victory International Futures Malang)

18 209 45

MASALAH YANG DIHADAPI SISWA PADA JURUSAN YANG TIDAK SESUAI MINAT

10 183 1

HUBUNGAN SELF EFFICACY DENGAN KESIAPAN KERJA PADA SISWA SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN

13 162 19

AN ANALYSIS OF LANGUAGE CONTENT IN THE SYLLABUS FOR ESP COURSE USING ESP APPROACH THE SECRETARY AND MANAGEMENT PROGRAM BUSINESS TRAINING CENTER (BTC) JEMBER IN ACADEMIC YEAR OF 2000 2001

3 95 76

EFEKTIVITAS PENGAJARAN BAHASA INGGRIS MELALUI MEDIA LAGU BAGI SISWA PROGRAM EARLY LEARNERS DI EF ENGLISH FIRST NUSANTARA JEMBER

10 152 10

IMPLEMENTASI PROGRAM PENYEDIAAN AIR MINUM BERBASIS MASYARAKAT (Studi Deskriptif di Desa Tiris Kecamatan Tiris Kabupaten Probolinggo)

21 177 22