13
Ewadene jinis media adhedhasar caranipun nyawisaken kapacak ing teori wonten ngandhap menika.
Rusman 2012: 63 ngandharaken bilih wonten jinis sanesipun saking media, inggih menika
1 Kelompok media penyaji media kelompok penyaji kadosta dipunandharaken Donald T. Tosti saha John R. Ball dipungolongaken dados enem jinis, inggih
menika: a kelompok sepisan; grafis, bahan cithak, saha gambar diam, b kelompok kaping kalih; media proyeksi diam, c kelompok kaping tiga;
media audio, d kelompok kaping sekawan; media gambar hidup film, f kelompok kaping gangsal; media televisi f saha kelompok kaping enem;
multimedia. 2 Media objek saha media interaktif adhedhasar komputer. Media objek inggih
menika media tigang dimensi ingkang nglantaraken informasi boten kanthi wujud penyajian, ananging lumantar ciri fisikipun piyambak, kadosta
ukuranipun, wujudipun, bobotipun, tatanan, werninipun, paedahipun, lsp. Wondene media interaktif adhedhasar komputer inggih menika media
ingkang nuntut para siswa kangge berinteraksi kejawi mirsani menapa dene mirengaken. Tuladha media interaktif adhedhasar komputer inggih menika
program interaktif salebetipun piwulangan adhedhasar komputer. Miturut Rusman saking maneka warni jinis media wonten nginggil, jinis
media ingkang pungkasan inggih menika media saha sumber ingkang paling sae ingkang saged dipunginakaken minangka sumber media komunikasi tumrap
piwulangan. Pramila, adhedhasar pamanggih menika media ingkang dipundamel
14
ing panaliten menika kagolong satunggaling media ingkang paling sae. Media pasinaon menika kalebet media pasinaon interaktif adhedhasar komputer amargi
media pasinaon sengkalan menika sipatipun interaktif sarta anggenipun damel saha ngginakaken mawi komputer utawi laptop.
c. Paedah Media Pasinaon
Media pasinaon gadhah paedah tumrap guru kangge ngandharaken materi saha siswa anggenipun nampi materi sarta kangge sosial ugi. Paedah media
pasinaon miturut Kemp saha Dayton wonten ing Daryanto, 2010: 6, inggih menika:
1 saged nggampilaken guru kangge ngandharaken materi ing piwulangan, 2 pasinaon saged langkung nengsemaken,
3 pasinaon saged langkung interaktif, 4 wekdal wonten pasinaon saged langkung dipundamel cekak,
5 kualitas pasinaon saged langkung sae, 6 proses pasinaon saged dipuntindakaken kapan kemawon saha wonten pundi
kemawon. 7 siswa saged langkung nggatosaken materi saha kualitas pasinaon saged
dipunindhakaken, 8 guru anggenipun nglampahi kewajibanipun saged langkung sae utawi positif.
Andharan ngengingi paedahing media dening Kemp Dayton nedahaken bilih media pasinaon saged nggampilaken guru kangge ngandharaken materi,
15
satemah wekdalipun pamulangan langkung cekak amargi andharan dados langkung ringkes. Media ugi gadhah sipat interaktif anggenipun nglantaraken
materi satemah pasinaon dados langkung nengsemaken. Pasinaon ingkang nengsemaken katitik saking siswa langkung nggatosaken materi. Kejawi tumrap
siswa, fungsi guru ugi langkung sae, amargi guru minangka kontrol wonten salebetipun pasinaon sanes pusat kawigatosanipun siswa. Leresipun siswa kedah
langkung nggatosaken materi pasinaon, sanes nggatosaken sinten gurunipun. Wonten mriki, guru minangka fasilitator ingkang nuntun siswa supados sinau
mandhiri. Paedahipun media wonten ing satunggaling piwulangan menika wigatos
sanget kangge ngindhakaken kualitas proses pasinaon mliginipun mbiyantu siswa anggenipun sinau. Andharan paedah media tumrap kualitas pasinaon jumbuh
kaliyan pamanggihipun Rusman. Paedah media pasinaon miturut Rusman 2012: 171, dipunandharaken
langkung jangkep wonten ing ngandhap menika. a. Piwulangan
langkung narik
kawigatosanipun siswa
satemah saged
nuwuhaken motivasi anggenipun sinau. b. Materi pasinaon langkung cetha tegesipun satemah saged langkung
dipunmangertosi dening para siswa saha ndadosaken siswa nguwaosi ancasipun pasinaon kanthi langkung sae malih.
c. Metode pasinaon langkung variatif, boten namung komunikasi verbal lumantar pangandikaning guru, satemah siswa boten bosen saha guru boten