Prinsip Pamilihing Media Pasinaon
20
Tegesipun inggih menika kedah nggatosaken karakteristikipun siswa ingkang
kanthi langsung sesambetan kaliyan pasinaon kadosta kawegigan verbal, visual saha audio, kawegigan persepsi, pengalaman, kapinteran, motivasi, kapribaden,
saha katrampilan sosial. Ateges, faktor-faktor kusus ingkang mbiyantu kangge damel pilihan dados langkung mligi satemah media pundi ingkang kedah
dipunginakaken. Pamanggihipun Gerlach nedahaken bilih pamilihing media pasinaon kedah
nggatosaken karakteristikipun siswa. Pawadanipun faktor-faktor saking siswa ingkang mangaribawani tumrap pasinaon saged dados tetimbangan anggenipun
milih media. Andharan prinsip pamilihing media dening Gerlach sipatipun taksih
umum. Pamanggih sanes ngengingi prinsip pamilihan media pasinaon ingkang langkung kusus dipunandharaken wonten ing ngandhap menika.
Miturut Arsyad 2002: 73-74, prinsip pamilihan media pasinaon inggih menika :
1 Jumbuh kaliyan ancas ingkang badhe dipungayuh. Media dipunpilih adhedhasar tujuan intruksional ingkang sampun katetepakaen saha mengacu
tumrap satunggaling utawi gabungan saking kalih utawi tigang ranah kognitif, afektif saha psikomotor.
2 Trep kangge nyengkuyung wosing materi pasinaon ingkang sipatipun fakta, konsep, prinsip utawi generalisasi.
3 Praktis, luwes saha awet. Media ingkang dipunpilih prayoginipun saged dipunginakaken wonten pundi kemawon saha wekdal ingkang boten winates.
21
4 Guru trampil anggenipun ngginakaken. Nilai saha paedah saking media dipuntemtokaken dening guru anggenipun ngginakaken media kasebut.
5 Pengelompokan sasaran, efektifipun media gumantung saking cacahipun audiens. Media kangge kelompok ageng menapa dene kelompok alit.
6 Mutu teknis, ngengingi kualitas tampilan saking media kedah njangkepi sarat teknis tertamtu.
Saking andharan wonten ing nginggil, saged dipunmangertos bilih pamilihing media pasinaon kedah adhedhasar kawigegan kognitif, afektif saha
psikomotor siswa, jumbuh kaliyan kompetensi dasar, jumbuh kaliyan materi ingkang badhe dipunandharaken, nggatosaken kawontenan saha cacahipun siswa,
kualitas medianipun saha saged dipunginakaken wonten pundi kemawon saha wekdal ingkang boten winates.
Saking kriteria ingkang dipunandharaken dening ahli menika, pramila dipunmangertos bilih media pasinaon sengkalan sampun kalebet media ingkang
sae. Satemah proses piwulangan sengkalan langkung greget saha siswa langkung aktif kanthi wontening media sengkalan.