75
Tabel salajengipun 4.
Jumbuhipun media ingkang dipunginakaken kaliyan Kompetensi Dasar.
5. Leresipun basa kaliyan ejaan ingkang
dipunginakaken.
2 Perangan Kualitas Tampilan
Perangan kualitas tampilan kasusun saking gangsal indikator. Wondene wujud angketipun inggih menika kados mekaten.
Tabel 8: Angket Pambiji Kualitas Media Perangan Kualitas Tampilan dening Guru Basa Jawi
No. Wedharan
Wangsulan SS
S C
K KS
1. Cethanipun
pitedah anggenipun
ngginakaken media. 2.
Trepipun tatanan warni. 3.
Tampilanipun menu saha anggenipun ngginakaken tombol wonten ing media.
4. Jinis saha ukuranipun teks.
5. Kualitas gambar wonten foto tuladha
sengkalan.
b. Pamanggih Siswa tumrap Kualitas Media
Pirantining ngempalaken data babagan pamanggih siswa anggenipun ngginakaken media pasinaon ingkang kadamel menika kaperang dados sekawan
perangan pambiji. Sekawan perangan kasebut inggih menika perangan gampilipun mangertosi, perangan kemandirian sinau, perangan penyajian media, perangan
pengoperasian media. Wujud saking pirantining pambiji kualitas media denng siswa saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika.
76
1 Perangan Gampilipun Mangertosi
Perangan gampilipun mangertosi kasusun saking enem
indikator. Perangan menika ngemu indikator-indikator ingkang nedahaken bilih media
saged ndayani materi dados gampil dipunmangertos. Wondene wujud angketipun kados wonten tabel ing ngandhap menika.
Tabel 9: Angket Pamanggih Siswa tumrap Kualitas Media Perangan Gampilipun Mangertosi
No. Wedharan
Wangsulan SS
S RR
KS BS
1. Maringi seserepan ingkang sae
ngengingi materi sengkalan. 2.
Materi wonten salebeting media saged dipunmangertosi kanthi gampil.
3. Sasampunipun ngginakaken media
menika siswa langkung mangertos babagan materi sengkalan.
4. Gladhen soal ing media saged mbiyantu
siswa langkung mangertosi materi sengkalan.
5. Gladhen saged dipungarap kanthi
gampil. 6.
Kawruh tembung saged mbiyantu siswa mangertos tembung-tembung ingkang
dereng dipunmangertosi.
2 Perangan Kemandirian Sinau
Perangan kemandirian anggenipun sinau kasusun saking tigang indikator. Wondene wujud angketipun inggih menika kados mekaten.
Tabel 10: Angket Pamanggih Siswa tumrap Kualitas Media Perangan Kemandirian Anggenipun Sinau
No. Wedharan
Wangsulan SS
S RR
KS BS
1 Media menika maringi kalodhangan
kangge siswa supados sinau mandhiri.
77
Tabel salajengipun 2
Siswa remen sinau sengkalan kanthi ngginakaken media pasinaon menika.
3 Media menika saged nggampilaken siswa
kangge ngambali sinau materi sengkalan.
3 Perangan Penyajian Media
Perangan penyajian media kasusun saking gangsal indikator. Wondene wujud angketipun inggih menika kados mekaten.
Tabel 11: Angket Pamanggih Siswa tumrap Kualitas Media Perangan Penyajian Media
No. Wedharan
Wangsulan SS
S RR
KS BS
1. Teks utawi seratan cetha saha gampil
dipunwaos. 2.
Musik utawi swanten iringan saged narik kawigatosan.
3. Tampilan
media saged
narik kawigatosan.
4. Trepipun
pamilihing warni,
teks, gambar, saha animasi.
5. Basa ingkang dipunginakaken prasaja,
satemah gampil dipunmangertos.
4 Perangan Pengoperasian Media
Perangan pengoperasian media kasusun saking gangsal indikator. Angket pambiji menika kapacak wonte ing tabel. Wondene wujud angketipun inggih
menika kados mekaten.
Tabel 12: Angket Pamanggih Siswa tumrap Pamanggih Siswa tumrap Kualitas Media Perangan Pengoperasian Media
No. Wedharan
Wangsulan SS
S RR
KS BS
1. Pitedah ngginakaken
media gampil
dipunmangertos.
78
Tabel salajengipun 2.
Tombol gampil dipunginakaken. 3.
Siswa gampil anggenipun ngginakaken media tanpa mbetahaken pambiyantu
tiyang sanes.
4. Sedaya pengoperasian media gampil
anggenipun ngginakaken.
G. Caranipun Nganalisis Data
Cara nganalisis data wonten ing panaliten, inggih menika ngewahi biji kategori dados skor pambiji saha nganalisis skor kanthi cara ngetang skor saking
pambiji dados asil kategori pungkasan. Kejawi cara menika, nganalisis data ugi dipuntindakaken kanthi cara deskriptif.
1. Ngewahi biji kategori dados skor pambiji
Cara ngewahi biji kategori dados skor pambiji inggih menika kanthi cara ngewahi
pambiji ingkang awujud biji kategori
dados skor
pambiji. Pangangkahipun inggih menika ningali biji kategori lajeng dipunewahi dados
angka ingkang makili kategori kasebut. Cara anggenipun ngewahi biji kategori dados skor pambiji kanthi kriteria kados mekaten.
a Pambiji Kualitas Media Pasinaon
Tabel 13 : Biji Kategori Kualitas Media Pasinaon dados Skor Biji Kategori
Kode Skor
Sae Sanget SS
5 Sae
S 4
Cekap C
3 Kirang
K 2
Kirang Sanget KS
1
79
b Pambiji Pamanggih siswa
Tabel 14 : Biji Kategori Pamanggih Siswa dados Skor Biji Kategori
Kode Skor
Sarujuk Sanget SS
5 Sarujuk
S 4
Mangu-Mangu MM
3 Kirang Sarujuk
K 2
Boten Sarujuk KS
1
2. Cara Nganalisis skor
Nganalisis skor katindakaken kanthi cara ngetang skor saking panaliten dipunperang kaliyan cacahing skor ideal kangge sedaya item dipunpingaken
100. Cara nganalisis skor kanthi cara matematis saged dipunandharaken mawi persentase menika:
tingkat pambiji = panaliten
sedaya 100
Asil saking petangan matematis wau awujud persentase tingkat penilaian. Salajengipun, asil persentase tingkat penilaian saged dipungolongaken ing
kategori minangka asil pungkasan saking kualitas media pasinaon ingkang sampun dipundamel. Konversi persentase penilaian media dados kategori asil
pungkasan kualitasipun media, kapacak ing tabel wonten ngandhap menika.
Tabel 15: Kategori Pambiji Kualitas Media Pasinaon Tingkat Penilaian
Kategori
0 – 20 KS
20,1 - 40 K
40,1 - 60 C
60,1 - 80 S
80,1 - 100 SS