32
Adhedhasar andharan ahli wau, sengkalan kaperang dados kalih. Sepisan miturut petangan wekdal inggih menika candrasengkala saha suryasengkala;
kaping kalih miturut visualisasi inggih menika sengkalan lamba saha memet.
d. Cara Maos Sengkalan
Miturut Daliman 2012: 19 bilih anggenipun nemtokaken watak tembung ingkang gayutipun kaliyan nilai angkanipun saperlu kangge maos sengkalan,
tiyang prayoginipun mangertosi Sastra Jawi utawi Budaya Jawi umumipun. Maos sengkalan memet langkung ewed tinimbang maos sengkalan jinis lamba. Maos
sengkalan memet langkung ewed amargi sengkalan jinis menika boten dipuncawisaken mawi reroncening tembung ananging mawi wujud gambar utawi
pepethan patung. Kanthi mekaten, kangge mangertosi angka taun ingkang sinerat wonten ing sengkalan, gambar wau langkung rumiyin dipunewahi dados
sengkalan lamba utawi tetmbungan lajeng dipunpadosi nilai angka taun ingkang dipunmaksud.
Caranipun maos sengkalan inggih menika: 1 Saben tembung saking frase sengkalan ingkang ngemu suraos angka taun
dipunpadosi nilai angkanipun. 2 Tembung-tembung saking frase sengkalan ingkang sampun wonten
nilai angka taunipun lajeng dipuntegesi dipunwaos saking tembung ingkang
wingking piyambak.
33
Tuladhanipun : warna
sanga rasa
tunggal 4
9 6
1 Dadosipun angka taun saking sengkalan “warna sanga rasa tunggal” = taun 1694
e. Cak-cakanipun Sengkalan
Miturut Dwiraharjo saha Heri Setiawan 2008: 136, ing padatan sengkalan dipunginakaken minangka pepeling tumrap:
1 Miyos saha tata cara kalajenganipun 2 Tingalan
3 Kasedan saha tata cara pengetan kalajenganipun 4 Tata cara palakrama
5 Madeging balegriya 6 Madeging lembagainstitusi
7 Pambukaning gedhung enggal 8 Kadadosan-kadadosan ingkang wigati
9 Lengsering pemimpin 10 Jumenengan
Dudutanipun bilih sengkalan dipunginakaken kangge mengeti kedadosan- kedadosan ingkang dipunanggep wigati tumrap priyantun Jawi.
34
f. Wataking Tembung
1 Paugeran Anggenipun Nemtokaken Tembung ingkang Ngemu Suraos Angka Watak Tembung
Adhedhasar tembung-tembung ingkang sampun dipunmangertos suraos angkanipun saged dipunpadosi angka tembung-tembung enggal. Wonten ing
Dwiraharjo 2006: 12, kanthi ewah-ewahan sawetawis Raden Bratakestawa ngrantam saperangan wewaton kadosta:
a Adhedhasar “guru dasanama” utawi sinonim inggih menika tembung- tembung ingkang sami tegesipun, bijinipun dipunanggep sami.
Tuladhanipun kadosta ing ngandhap menika: 1 bumi = 1
Sinonim bumi: rat, jagad, donya, loka = 1 2 mata = 2
Sinonim mata: netra, paningal, mripat, pandulu, soca = 2 3 gunung = 7
Sinonim gunung: acala, giri, prawata, ardi, wukir = 7
b Adhedhasar “guru sastra” utawi sami panyeratipun inggih menika tembung- tembung ingkang seratanipun sami utawi memper sami,
nilainya dipunanggep sami.
Tuladhanipun kadosta ing ngandhap menika: 1 hesti = gajah = 8
Esti = kekajengan, kalih-kalihipun bijinipun = 8 2 ilat = lidah = 6