Asil Tampilan Pungkasan Media Pasinaon Sengkalan

203 Media pasinaon sengkalan ingkang dipundamel ngginakaken Program Adobe Flash CS5 Professional tumrap siswa SMA temtunipun ugi gadhah kakirangan saha kaluwihan. Kakirangan saha kaluwihanipun media pasinaon sengkalan menika dipunandharaken kados mekaten. a Kekiranganipun Media Pasinaon Interaktif Sengkalan Kakiranganipun media pasinaon sengkalan ing antawisipun wonten ngandhap menika. 1. Media pasinaon sengkalan menika kalebet jinis media ingkang adhedhasar komputer, satemah namung saged dioperasikan ngginakaken komputer utawi leptop. 2. Menawi listrikipun pejah, nalika media saweg dipunginakaken wonten komputer, otomatis media menika boten saged dipunlampahaken saha evaluasi utawi gladhen boten wonten sistem autosaveipun, dados otomatis ical saha ngambali saking wiwitan. b Kaluwihanipun Media Pasinaon Interaktif Sengkalan Kaluwihanipun media pasinaon sengkalan, antawisipun wonten ing ngandhap menika. 1. Media pasinaon sengkalan kanthi Program Adobe Flash CS5 Professional sampun awujud satunggaling aplikasi, ateges media menika saged langsung dioperasikan wonten ing sedaya komputer leptop tanpa prelu nginstal rumiyin, dados langkung praktis anggenipun ngginakaken. 204 2. Komputer wonten ing sekolah winates, cacahipun komputer ing saben sekolah boten mesthi jangkep tumrap cacahipun siswa, ananging media pasinaon sengkalan menika tetep saged dipunginakaken kanthi pambiyantu LCD kangge medharaken media wonten salebeting kelas. 3. Media pasinaon sengkalan manika saged dipunginakaken minangka sarana sinau kanthi mandhiri, wonten ing sekolah menapa dene wonten ing griya. 4. Tampilan media pasinaon sengkalan menika narik kawigatosan siswa, awit saking wontenipun gambar ingkang animatif saha wontening efek backsound utawi swanten. 5. Gampil anggenipun ngginakaken media awit wontenipun pitedah panganggenipun media. 6. Media dipunjangkepi kaliyan gladhen sarta pawektunipun kangge nggarap ingkang saged ngukur kawegigan siswa sasampunipun nyinau materi sengkalan wonten ing salebetipun media. 7. Wonten ing perangan soal gladhen, wangsulan pilihan ganda utawi aksara a, b, c nipun saged nampilaken tandha bunder werni ijem ingkang nedahaken bilih wangsulan menika sampun dipunpilih utawi dipunklik. 8. Wangsulan soal gladhen saged dipungantos tumuju pilihan sanes, sadangunipun pawektu kangge soal wau dereng telas. Wangsulan saged dipungantos jalaran program nyathet wangsulan ingkang pungkasan utawi pilihan ingkang pungkasan dipunklik. 205 9. Media sengkalan dipunjangkepi kanthi game puzzle angka ingkang ndadosaken siswa langkung greget anggenipun nyinau materi sengkalan saha minangka penguat materi watak tembung mliginipun. 10. Media pasinaon gadhah sipat interaktif ingkang wonten ing perangan game puzzle angka. Babagan menika katitik saking sipatipun media ingkang paring respon balik menawi pangangge media mangsuli kanthi leres pitakenan ngengingi watak tembung, gambar puzzle saged kabikak, ananging menawi wangsulan lepat gambar puzzle boten saged kabikak utawi kekunci. 206 BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Panaliten ingkang dipuntindakaken kalebet jinis panaliten pengembangan utawi Research and Development RD. Panaliten Research and Development RD inggih menika panaliten ingkang dipuntindakaken kanthi cara-cara tartamtu, satemah saged ngasilaken setunggal produk. Produk ingkang dipundamel inggih menika media pasinaon sengkalan ingkang awujud CD Compact Disk. Media pasinaon sengkalan menika dipundamel ngginakaken Program Adobe Flash CS5 Professional. Cara damel media pasinaon menika, kanthi nindakaken tataran-tataran ingkang sampun dipuntemtokaken. Tataran damel media pasinaon sengkalan menika wonten gangsal tataran, inggih menika tataran analisis kabetahan media pasinaon sengkalan, tataran damel desain media pasinaon sengkalan, tataran damel media pasinaon sengkalan, tataran validasi saha ujicoba pasinaon sengkalan, saha tataran pungkasan damel media pasinaon sengkalan. Adhedhasar asiling panaliten saha pirembagan, nedahaken bilih: 1. Tataran validasi media pasinaon sengkalan kanthi ngginakaken aplikasi Adobe Flash CS5 Professional dipuntindakaken dening dosen ahli materi saha dosen ahli media. Biji kualitas media saking dosen ahli materi pikantuk persentase 82,84ingkang kagolong sae sanget. Wondene biji kualitas media saking dosen ahli media pikantuk persentase 80,44 ingkang kagolong sae sanget. 207 2. Pambiji kualitas media dening guru basa Jawi pikantuk persentase 84 ingkang kagolong sae sanget. Sasampunipun media pasinaon dipunuji coba, , pamanggih siswa tumrap media adhedhasar asil angket pikantuk persentase 80,96 ingkang kagolong sarujuk sanget. 3. Asiling biji kualitas media pasinaon sengkalan dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha asil angket pamanggih siswa, pikantuk rata-rata persentase saking sedaya biji inggih menika 82,06 ingkang kagolong sae sanget.

B. Implikasi

Media pasinaon sengkalan kanthi Program Adobe Flash CS5 Professional ingkang dipundamel saged dipunginakaken minangka inovasi piwulangan ingkang ngenut majengipun jaman saha teknologi. Media pasinaon menika minangka satunggaling produk pirantos ingkang enggal, mliginipun kangge materi sengkalan. Wontenipun media menika ndadosaken piwulangan basa Jawi mliginipun materi sengkalan langkung ngremenaken saha langkung gampil dipunmangertos dening siswa. Satemah pirantos menika saged ngindhakaken kawegigan siswa anggenipun mangertosi materi sengkalan saha saged nggayuh asil ingkang langkung sae. Konsep media ingkang dipundamel njalari siswa saged sinau piyambak utawi sinau kanthi mandhiri. Kanthi mekaten, kualitas piwulangan basa Jawi dipunajab dados langkung sae malih. Adhedhasar saking validasi kualitas media ingkang dipuntindakaken dening dosen ahli materi, dosen ahli media, pambiji guru basa Jawi, sarta

Dokumen yang terkait

AN ANALYSIS ON GRAMMATICAL ERROR IN WRITING MADE BY THE TENTH GRADE OF MULTIMEDIA CLASS IN SMK MUHAMMADIYAH 2 MALANG

26 336 20

PENYESUAIAN SOSIAL SISWA REGULER DENGAN ADANYA ANAK BERKEBUTUHAN KHUSUS DI SD INKLUSI GUGUS 4 SUMBERSARI MALANG

64 523 26

KONSTRUKSI MEDIA TENTANG KETERLIBATAN POLITISI PARTAI DEMOKRAT ANAS URBANINGRUM PADA KASUS KORUPSI PROYEK PEMBANGUNAN KOMPLEK OLAHRAGA DI BUKIT HAMBALANG (Analisis Wacana Koran Harian Pagi Surya edisi 9-12, 16, 18 dan 23 Februari 2013 )

64 565 20

PENERAPAN MEDIA LITERASI DI KALANGAN JURNALIS KAMPUS (Studi pada Jurnalis Unit Aktivitas Pers Kampus Mahasiswa (UKPM) Kavling 10, Koran Bestari, dan Unit Kegitan Pers Mahasiswa (UKPM) Civitas)

105 442 24

PEMAKNAAN BERITA PERKEMBANGAN KOMODITI BERJANGKA PADA PROGRAM ACARA KABAR PASAR DI TV ONE (Analisis Resepsi Pada Karyawan PT Victory International Futures Malang)

18 209 45

MASALAH YANG DIHADAPI SISWA PADA JURUSAN YANG TIDAK SESUAI MINAT

10 183 1

HUBUNGAN SELF EFFICACY DENGAN KESIAPAN KERJA PADA SISWA SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN

13 162 19

AN ANALYSIS OF LANGUAGE CONTENT IN THE SYLLABUS FOR ESP COURSE USING ESP APPROACH THE SECRETARY AND MANAGEMENT PROGRAM BUSINESS TRAINING CENTER (BTC) JEMBER IN ACADEMIC YEAR OF 2000 2001

3 95 76

EFEKTIVITAS PENGAJARAN BAHASA INGGRIS MELALUI MEDIA LAGU BAGI SISWA PROGRAM EARLY LEARNERS DI EF ENGLISH FIRST NUSANTARA JEMBER

10 152 10

IMPLEMENTASI PROGRAM PENYEDIAAN AIR MINUM BERBASIS MASYARAKAT (Studi Deskriptif di Desa Tiris Kecamatan Tiris Kabupaten Probolinggo)

21 177 22