Pangertosan Media Pasinaon Media pasinaon
10
pasinaon piwulangan, kanthi ancas supados proses interaksi komunikasi edukatif antawisipun guru saha siswa saged kalampahan kanthi trep panganggenipun saha
trep manpangatipun. Pamanggih saking Latuheru nedahaken bilih media minangka piranti utawi
bahan saha cara teknik ingkang dipunginakaken wonten ing pasinaon. Pamanggih kados mekaten kirang trep, amargi cara teknik ingkang dipunginakaken ing
pasinaon menika dipunsebut metode pasinaon. Ewadene media pasinaon menika mligi tegesipun minangka piranti saha bahan pasinaon sanes teknik.
Wontening piranti-piranti ingkang nyengkuyung pasinaon dipunbetahaken sanget supados proses interaksi komunikasi edukatif saged dipuntindakaken
kanthi sae. Maneka warni piranti menika dipunsebutaken wonten ing pamanggih wonten ngandhap menika.
Gagne saha Briggs 1975 wonten ing Arsyad 2002: 4, ngandharaken bilih media pasinaon inggih menika pirantos fisik kangge nglantaraken wosipun
piwulangan, ingkang antawisipun buku, tape recorder, kaset, video kamera, video recorder, film, slide, foto, gambar, grafik, televisi, saha komputer.
Dudutan saking pangertosan media pasinaon miturut Gagne saha Briggs gadhah teges bahan, piranti kanthi wujud buku, tape recorder, kaset, video
kamera, video recorder, film, slide, foto, gambar, grafik, televisi, saha komputer, ingkang
dipunginakaken ing
salebetipun piwulangan.
Ancas saking
panganggening media inggih menika supados proses pasinaon kalampahan kanthi trep maknanipun saha trep paedahipun.
11
Wontenipun media pasinaon saged maringi pengalaman sinau tumrap siswa satemah ancasipun pasinaon saged kagayuh. Media saged mbiyantu guru
kangge ngandharaken materi pasinaon, satemah siswa saged nampi kanthi sae menapa wosipun piwulangan. Cara siswa anggenipun nampi materi pasinaon
menika dipunsebut pengalaman. Dadosipun dhasar nemtokaken menapa jinisipun media ingkang badhe dipunginakaken inggih menika pengalaman sinau siswa.
Wonten ngandhap menika andharan teori ngengingi bab pengalaman sinau siswa. Teori Kerucut Pengalaman Cone of Experience dening Dale wonten ing
Latuheru, 1988:16, ngandharaken bilih pengalaman sinau satunggaling tiyang, 75 dipuntampi saking indera paningal mripat; 13 saking indra pamireng
talingan; saha ingkang sanes saking indera sanesipun. Miturut Dale, pengalaman sinau satunggaling tiyang wiwit saking tingkat ingkang nyata pengalaman
langsung tumuju dhateng tingkat ingkang abstrak, awujud lambang tembung. Adhedhasar saking teori Kerucut Pengalaman dening Dale, saged
dipunpendhet dudutan bilih pengalaman sinau langkung kathah dipuntampi dening indra paningal, inggih menika 75 wondene saking indra pamireng 13
saha ingkang sanes saking indera sanesipun. Kanthi mekaten, konsep media pasinaon interaktif sengkalan wonten ing panaliten menika dipundamel kanthi
nggabungaken kalih perangan wau, inggih menika pengalaman sinau ingkang dipuntampi dening indra paningal saha pamireng.
12