8
3. Sengkalan Jatirahayu 2010: 58 ngandharaken bilih sengkalan inggih menika
tetembungan utawi gambar saged ugi arupi pepethan patung ingkang mujudaken angka taun kangge mengeti kedadosan ingkang wigatos.
4. Program Adobe Flash CS 5 Program Adobe Flash CS 5 inggih menika salah satunggaling software
kangge ngolah program grafis kaliyan gambar ingkang saged dipunangge ndamel media pasinaon interaktif.
9
BAB II GEGARAN
TEORI
A. Andharaning Teori
1. Media pasinaon
a. Pangertosan Media Pasinaon
Miturut Arsyad 2002: 3, media asalipun saking basa Latin medius ingkang tegesipun inggih menika “tengah’’, “perantara” utawi ‘pengantar’.
Adhedhasar pamanggihipun Arsyad, mila tembung media wonten ing basa Jawi saged dipuntegesi piranti kangge nglantaraken satunggaling bab. Bab
ingkang dipunmaksud saged dipuntingali ing pamanggih ahli wonten ngandhap menika.
Hamidjojo wonten ing Latuheru 1988: 11, ngandharaken bilih media inggih menika sedaya wujud perantara ingkang dipunginakaken dening
manungsa kangge nglantaraken ide, utawi pamanggih ingkang dipunwedhar, satemah saged dipuntampi dening pamiyarsa utawi tiyang ingkang nampi.
Pangertosan media menika nedahaken bilih menika media minangka piranti nglantaraken sedaya ide, pamanggih utawi seserepan. Tembung media
minangka piranti kangge nglantaraken seserepan caket gayutipun kaliyan pasinaon. Pangertosan media pasinaon miturut ahli kadosta ing ngandhap menika.
Latuheru 1988: 14 ngandharaken bilih, media pasinaon inggih menika bahan, piranti, menapa dene cara teknik ingkang dipunginakaken ing salebetipun
10
pasinaon piwulangan, kanthi ancas supados proses interaksi komunikasi edukatif antawisipun guru saha siswa saged kalampahan kanthi trep panganggenipun saha
trep manpangatipun. Pamanggih saking Latuheru nedahaken bilih media minangka piranti utawi
bahan saha cara teknik ingkang dipunginakaken wonten ing pasinaon. Pamanggih kados mekaten kirang trep, amargi cara teknik ingkang dipunginakaken ing
pasinaon menika dipunsebut metode pasinaon. Ewadene media pasinaon menika mligi tegesipun minangka piranti saha bahan pasinaon sanes teknik.
Wontening piranti-piranti ingkang nyengkuyung pasinaon dipunbetahaken sanget supados proses interaksi komunikasi edukatif saged dipuntindakaken
kanthi sae. Maneka warni piranti menika dipunsebutaken wonten ing pamanggih wonten ngandhap menika.
Gagne saha Briggs 1975 wonten ing Arsyad 2002: 4, ngandharaken bilih media pasinaon inggih menika pirantos fisik kangge nglantaraken wosipun
piwulangan, ingkang antawisipun buku, tape recorder, kaset, video kamera, video recorder, film, slide, foto, gambar, grafik, televisi, saha komputer.
Dudutan saking pangertosan media pasinaon miturut Gagne saha Briggs gadhah teges bahan, piranti kanthi wujud buku, tape recorder, kaset, video
kamera, video recorder, film, slide, foto, gambar, grafik, televisi, saha komputer, ingkang
dipunginakaken ing
salebetipun piwulangan.
Ancas saking
panganggening media inggih menika supados proses pasinaon kalampahan kanthi trep maknanipun saha trep paedahipun.