Adobe Flash CS5 Andharaning Teori
24
utawi badhe dipunginakaken kanthi scriptipun script wonten Flash dipunsebut ActionScript.
Flash saged dipuntingali saking kalih perangan Pranowo, 2011: 15 inggih menika:
a. Flash minangka software kangge damel program sistem informasi minangka
piranti kangge damel animasi. b.
Flash minangka teknologi, dipunwujudaken dados flash player supados saged dipunginakaken.
Satunggaling versi saking program flash inggih menika Adobe Flash Creative Suite 5. Pranowo 2011: 15 ngandharaken bilih Adobe Flash CS5 inggih
menika satunggaling program ingkang dipuntujokaken tumrap para desainer utawi programmer ingkang ancasipun ngrantam
animasi kangge damel satunggaling kaca web, game interaktif, presentasi kangge ancas bisnis, proses
pasinaon, damel film kartun, sarta ancas-ancas sanesipun ingkang langkung kusus malih.
Wonten ing panaliten menika, Program Adobe Flash CS5 gadhah ancas kangge nggampilaken proses pasinaon. Program menika minangka sarana kangge
damel media pasinaon. Damel media pasinaon ngginakaken perangan-perangan saking Program Adobe Flash CS5. Komponen Flash CS5 dipunandharaken
wonten ing ngandhap menika. Madcoms 2011: 5 ngandharaken bilih komponen Flash CS5 kados
mekaten.
25
a. Stage Stage asring dipunwastani lembar kerja. Kothak pethak lembar kerja
menika papan kangge damel animasi utawi movie.
b. Panel Tools Panel Tools inggih menika satunggaling papan panel ingkang kasusun
saking maneka warni piranti kangge damel animasi, objek, saha memanipulasi objek.
c. Panel Timeline Timeline inggih menika perangan kangge ngatur wosing dokumen ing
salebetipun layer saha frame.
d. Motion Editor Motion Editor menika dipunginakaken kangge ngatur satunggaling
animasi.
e. Panel Properties Panel Properties minangka satunggaling panel ingkang wonten papan
kasebut kapacak andharan saking piranti tool ingkang kapilih, satemah pangangge saged memaksimalkan fungsi piranti kasebut.
f. Panel Library
Satunggaling papan ingkang ngemu sedaya symbol, awujud graphic, button, movie clip utawi objek asil saking import kadosta gambar, swanten saha
sanesipun ingkang sampun dipundamel wonten ing stage.
26
g. Panel Motion Presets Wosipun Motion Presets menika arupi pilihan motion template ewahing
animasi ingkang samapta dipunangge.
h. Panel Buttons Panel buttons kangge nglebetaken tombol ing stage tanpa prelu damel,
satemah anggenipun damel animasi langkung gampil.
i. ActionScripts
Bilih damel animasi interaktif, pangangge program saged nyerat prentah- prentah ActionScripts ingkang saged nggayutaken objek, frame saha layer.
j. Panel Swatches
Wosipun perangan menika pilihan saking warni. Warna-warni ingkang wonten ing mriki saged dipunolah wonten ing panel color.
k. Panel Color Panel color kangge nemtokaken saha ngolah warni tumrap objek ingkang
kapilih. Andharan wonten ing nginggil saged nggampilaken anggenipun
nglampahaken Program Adobe Flash CS5. Perangan komponen-komponen program menika dipunginakaken kangge mujudaken satunggaling media
pasinaon, wonten ing panaliten menika mliginipun kangge mdamel media pasinaon sengkalan.
27
Unggulipun Program Adobe Flash CS5 dipunpilih amargi gadhah kathah kaluwihan. Pranowo 2011:25 ngandharaken bilih kaluwihanipun flash wonten
ing ngandhap menika. a. Asilipun file flash gadhah ukuran ingkang langkung alit sasampunipun
dipunpublish. b. Flash saged ngimpor sedaya file gambar saha file- file audio satemah
anggenipun ngginakaken flash langkung narik kawigatosan. c. Animasi saged dipunwujudaken, dipunlampahaken, saha dipunkontrol.
d. Flash saged dipundamel awujud file :exe. Flash saged dipunbikak wonten ing PC notebook tanpa kedah nginstal program flash saderengipun.
e. Font presentasi boten ewah sanajan komputer ingkang dipunginakaken boten gadhah font menika.
f. Asil file pungkasan saged dipunsimpen wonten ing maneka warna wujud,
kadosta .avi, .gif, .mov, utawi file kanthi format sanesipun.
Adhedhasar pamanggih ahli wonten ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih kathah. paedah saking program Adobe Flash CS5 mliginipun
tumrap pendhidhikan. Pramila, panaliten menika ngginakaken program Adobe Flash CS5 kangge sarana damel media pasinaon. Panganggenipun program
menika kangge damel media, ndadosaken media pasinaon saged narik kawigatosan siswa amargi fileipun arupi gambar-gambar inovatif ingkang saged
ewah saha interaktif tumrap siswa.
28