49
media pasinaon. Kajawi mekaten taksih kathah para siswa ingkang boten mangertos babagan materi sengkalan. Miturut para siswa materi sengkalan
menika ewed dipunsinau, jalaranipun guru boten ngandharaken materi sengkalan kanthi nengsemaken satemah siswa rumaos ewed saha ketingal bosen anggenipun
nyinau materi sengkalan. Adhedhasar bab wau wonten panaliten menika badhe ngrantam media
pasinaon sengkalan kanthi program Adobe Flash CS5 kangge siswa SMA SMK kelas XI. Media pasinaon menika dipundamel kanthi njumbuhaken kaliyan
Kompetensi Inti
saha Kompetensi
Dasaripun. Kejawi
menika, ugi
dipuntindakaken uji validasi media pasinaon dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi saha panyaruwe saking siswa kelas XI SMA SMK. Media
pasinaon menika gadhah ancas supados saged nggangsaraken pasinaon sengkalan saha ndadosaken pasinaon sengkalan langkung ngremenaken.
50
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Metode panaliten wonten ing panaliten menika kalebet metode penelitian dan pengembangan utawi research and development, ingkang asring dipunsebat
RD. Miturut Sugiyono 2010: 407, research and development inggih menika metode panaliten ingkang dipunginakaken kangge damel produk tartamtu saha
nguji kualitasipun produk kasebut. Panaliten menika ngginakaken model prosedural inggih menika tata cara panaliten ingkang sampun urut saha kedah
dipuntindakaken panaliti kangge damel satunggaling produk. Ewadene cara nganalisis data ngginakaken cara analisis deskriptif.
Panaliten menika dipuntindakaken
kanthi cara ngempalaken data
sakathah-kathahipun kangge damel media awujud CD Pembelajaran Interaktif mawi Program Adobe Flash CS5. Media Pasinaon ingkang sampun kadamel
dipunsuwunaken pirsa dhumateng dosen pembimbing, dosen ahli materi, dosen ahli media saha guru satemah saged dipunginakaken minangka media pasinaon
kangge siswa mliginipun tumrap pasinaon sengkalan.
B. Sasaran Panaliten
Sasaran panaliten wonten panaliten menika siswa kelas XI SMA utawi sederajat. Panaliten menika gadhah ancas supados media pasinaon sengkalan
ingkang kadamel kanthi Program Adobe Flash CS5 saged nambahi greget siswa anggenipun nyinau materi sengkalan, satemah saged ngindhakaken kawegigan
51
siswa anggenipun mangertosi teges saha jinisipun sengkalan saha nguwaosi materi sengkalan.
C. Prosedur anggenipun Damel Media Pasinaon
Media pasinaon ingkang badhe dipundamel kedah manut kaliyan tata cara damel media pasinaon supados saged trep saha jumbuh dipunginakaken wonten
ing proses piwulangan basa Jawi mliginipun materi sengkalan. Miturut Padmo 2004: 418 tata cara damel media pasinaon wonten ing panaliten RD inggih
menika:
1. Tataran Nganalisis
Tataran nganalisis dipuntindakaken kanthi cara nganalisis kurikulum saha karakteristik siswa. Kurikulum ingkang badhe dipundadosaken dhasaring materi
pasinaon inggih menika kurikulum 2013 basa Jawi ing DIY. Nganalisis kurikulum dipuntindakaken kangge mangertosi tingkat ketercapaian ingkang dipuntuntut
dening kurikulum. Tingkat
ketercapaian wonten ing
kurikulum saged
dipunmangertosi wonten ing andharan Kompetensi Inti KI saha Kompetensi Dasar KD, indikator saha materi pasinaon sengkalan.
Sasampunipun materi dipuntemtokaken, pangangkah salajengipun inggih menika nemtokaken kompetensi tumrap materi pasinaon kasebut. Nemtokaken
kompetensi menapa ingkang trep kangge nggayuh ancas ingkang dipunandharaken ing kurikulum. Wonten ing panaliten menika katrampilan basa ingkang
dipunginakaken tumrap pasinaon sengkalan inggih menika maos. Pramila, kompetensi saking media pasinaon sengkalan inggih menika maos sengkalan.