Paedah Sengkalan tumrap Tiyang Jawi
                                                                                41
kedadosan. Sengkalan ugi mratelakaken kadospundi priyantun Jawi kedah ngenut lampahing wekdal saha ewahing jaman.  Lampahing wekdal saha ewahing jaman
nedahaken ewahipun sejarah ingkang miturut priyantun Jawi tansah ewah gingsir. Katrangan  mekaten sami  kadosta  pamanggihipun filsuf
Yunani  Kuno inggih menika Herakleitos lumantar Daliman, ingkang nedahaken: “panta rhei kai uden
mennei”, segalanya mengalir,  tak  sesuatupun  yang  tidak  berubah tegesipun sedayanipun ewah gingsir, boten wonten setunggal menapa ingkang boten ewah.
Dudutan  saking  pamanggih  wau  bilih sengkalan  saged merekam ewah- ewahaning jaman saha  manungsa anggenipun ndherek ngupiya  mbangun
eksistensi ingkang ndadosaken  sejarah. Teges  sanesipun  bilih  sengkalan  saged nedahaken  satunggaling  jaman  wekdal  saking  titikan  sejarah  kedadosan  rikala
semanten. Sengkalan  ngemu sedaya ewah-ewahaning sejarah holistic  historicity
minangka wujud  kodratipun manungsa,  kadosta  dipunandharaken dening Gasset lumantar  Daliman 2012 bilih:  “Man, in  a  word,  has  no  nature,  what  he  has  is
history”. Pamanggih  menika  nedahaken  bilih manungsa  menika  boten  kagungan
patrap  ingkang  ajeg  utawi  sami,  kala  mangsa  saged  ewah  sipatipun  manungsa wau.  Wondene ingkang  ajeg  dipungadhahi  dening  manungsa  ingih  menika
sejarahipun.  Pramila,  sengkalan  nggadhahi  teges  ingkang  wigati  amargi nedahaken sejarahipun manungsa tumrap wekdal ingkang beda-beda.
42
Dudutanipun  bilih konsep sengkalan  minangka simbol historis ingkang nglambangaken priyantun Jawi menika saged mapan  wonten  ing  maneka  warni
dimensi pagesangan.  Wonten  ing papan  ingkang  gumathok, manungsa saged pikantuk  wujud eksistensinipun.  Ewadene  wonten  ing dimensi tartamtu kadosta
dimensi kultural saha filosofi,  tingkat spiritual saha moralipun  manungsa mindhak, boten badhe telas menapa malih ical.
                