31
c. Jinisipun Sengkalan
Miturut Dwiraharjo 2006, jinisipun sengkalan kaperang adhedhasar petangan wekdal saha adhedhasar wujudipun utawi visualisasi.
1 Sengkalan adhedhasar petangan wekdal, sengkalan kaperang dados
kalih inggih menika:
a Candra Sengkala
Candra Sengkala inggih menika etangan wekdal miturut lampahing rembulan utawi Tarikh Komariyah, tuladhanipun : Taun Hijriyah saha Taun Jawa
b Surya Sengkala
Surya Sengkala inggih menika etangan wekdal miturut lampahing srengenge utawi Tarikh Syamsiyah, tuladhanipun : Taun Masehi.
2 Miturut visualisasi, sengkalan kaperang dados kalih:
a Sengkalan Lamba Sengkalan Lamba inggih menika sengkalan ingkang cacahipun taun
ingkang dipunpengeti kawujudan kanthi ngangge tetembungan.
b Sengkalan Memet Sengkalan Memet inggih menika sengkalan ingkang cacahipun taun
ingkang dipunpengeti kawujudan kanthi ngangge sarana gambar patung.
32
Adhedhasar andharan ahli wau, sengkalan kaperang dados kalih. Sepisan miturut petangan wekdal inggih menika candrasengkala saha suryasengkala;
kaping kalih miturut visualisasi inggih menika sengkalan lamba saha memet.
d. Cara Maos Sengkalan
Miturut Daliman 2012: 19 bilih anggenipun nemtokaken watak tembung ingkang gayutipun kaliyan nilai angkanipun saperlu kangge maos sengkalan,
tiyang prayoginipun mangertosi Sastra Jawi utawi Budaya Jawi umumipun. Maos sengkalan memet langkung ewed tinimbang maos sengkalan jinis lamba. Maos
sengkalan memet langkung ewed amargi sengkalan jinis menika boten dipuncawisaken mawi reroncening tembung ananging mawi wujud gambar utawi
pepethan patung. Kanthi mekaten, kangge mangertosi angka taun ingkang sinerat wonten ing sengkalan, gambar wau langkung rumiyin dipunewahi dados
sengkalan lamba utawi tetmbungan lajeng dipunpadosi nilai angka taun ingkang dipunmaksud.
Caranipun maos sengkalan inggih menika: 1 Saben tembung saking frase sengkalan ingkang ngemu suraos angka taun
dipunpadosi nilai angkanipun. 2 Tembung-tembung saking frase sengkalan ingkang sampun wonten
nilai angka taunipun lajeng dipuntegesi dipunwaos saking tembung ingkang
wingking piyambak.